Você está na página 1de 1

Assalamualikum wr.wb.

Para rawuh inkang satuhu kinabekten, Ing dalem suasana ingkang berbahagia puniki, sumangga kita sedaya ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kita sedaya rahmat lan hidayahi-pun, satemah kita sedaya saget ngrawuhi undanganipun Pak Bima saperlu mengeti dinten Ulang Tahun Perkawinanipun kalian ibu Wulan ingkang kaping 5, ingkang alhamdulillah sampun kaparingan putra 2 cacahipun inggih menika Aditya Santosa lan Fitri Lestari. Para rawuh ingkang kinabekten. Kula wonten mriki atas nami saking keluarga bapak Bima ngaturaken Pambagyoharjo sugeng rawuh lan matur nuwun sanget awit kerawuhanipun para bapak lan ibu ingkang sampun nglonggaraken wekdal, mugiyo rawuhipun para lenggah sedaya dipun ridhai Allah SWT Amin... Semanten ugi mbok bilih wonten kekirangipun anggen kaulo nampi para bapak saha ibu saking arah punopokemawon, kula atas nami saking keluarga ugi nyuwun agunging samudra pangaksami dhumateng para lenggah sedaya. Salajengipun kula inggih badhe nyuwun doa restu saking para lenggah sudaya , supados keluarga ingkang sampun dipun bina selami 5 tahun ini kalian bapak Bima menika sageto dados keluarga ingkang tansah sakinah, mawadah, warahmah lan putra putrinupun saget dados putro ingkang salih lan solehah. Amin.. Lan dhumateng para rawuh, mbok bilih sampun nampi unjukan lan daharan kasuwun dipun unjug lan dahar ingkang prayogi lan lenggah ngantos paripurnaning pahargyan kanthi sesekecaipun. Para rawuh ingkang kinabekten, Minangka pungkasaning atur, kula pribadi ugi ngaturaken uyuwun pangapunten awit sedaya kalepataning atur saha kirang trepsila anggen kula matur. Cekap semanten, Wassalamualikkukm wr.wb.

Você também pode gostar