Você está na página 1de 1

Atur Panampi Pasarahan Penganten

Assalamualaikum. Wr. Wb Kawula nuwun. Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten, para tamu kakung samawana putrid, kadang muda mudi ingkang satuhu kula tresnani. Maliginipun ibu Sofiatun sakula wangsa mangka suta saraya kadang besan setresna ingkang dhahat sinudarsana. Saderingupun kula nyuwun sih pangaputenten ingkang agung awit kula jumeneng wonten ngarso panjenengan sami, mboten name ngirangi tata trapsila. Awit ngengeti papan saha kawontenan ingkang mekanten kepeksa kula jumaneng wonten ngarso panjengan sedaya. Panjenenganipun bapak Cahyo kula minangka sulih surira Bapak fendi Hudaya. Sekaliyan ingkang wekdal punika mboten kuwawi matur , amargi Bapak Fendi Hudaya sekaliyan nembe ngraosaken gombong mongko ing penggalih. Langkung rumiyin Bapak fendi Hudaya sekaliyan ngaturaken pambagya rahayu wilujeng dumateng rawuh panjenenganipun sedaya ingkang sampun anglarapaken serat serena polahrama saking dalem dumugi ing wisma punika. Kaping tiganipun sampun dipun tampi atur salam taklimipun Bapak Cahyo sekaliyan lumantar panjenenganipun Ibu Sofiatun semanten ugi Fendi Hudaya sekaliyan ugi ngaturaken salam taklim, mugi katur wonten ngersanipun Bapak Cahyo. Kaping sekawan Bapak Fendi Hudaya sekaliyan ngaturaken agunging panuwun dene Bapak Cahyo sekaliyan kersa angenthengaken bot karepotanipun ingkang punika pasrahing temanten kakung dipun tampi kanthi suka rerengning penggalih. Mewantu wantu Bapak Fendi Hudaya sekaliyan mugi panjenengan dalah para pembayong sedaya kasuwun kanthi saget keparenga anglajengaken suka pari suka anggenipun lelenggahan kanthi mirunggan ngantos pari punaning gati. Minangka pupating atur mbok bilih anggen kula ngaturaken.

Você também pode gostar