Você está na página 1de 5

Atur Pambagyaharjo Temanten

by belajar-agung on Nov.22, 2009, under


TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

Assalamualaikum Wr. Wb

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti
dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene
panjenenganipun para tamu kakung semawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning
akrami.
Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, Mugi
Rahayuha Sagung Dumadi, tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjengan sadaya
hangluberana dhumateng kawula.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula
cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjengan ingkang katemben wawan
pangandikan, inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kul piniji minangka duta saraya
sulih sarira saking panjenenganipun Bpsekalihan.
Penjenganipun Bp..sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun
Bp..sekalihan, ingkang sepisan: ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa
panjengan, sumarambah para kaluwarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih: ing nguni sampun wonten parembagan, ing antawisipun
Bp.sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg..kaliyan
Bpsekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi Kenya siwi sesilih Rr.
...Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging
arenggang, bebasan ngebun-ebun enjang anjejawahsonten, ndhodhok latar ndhodhog lawang
sumedyo nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun
pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking
agenging manah penjenenganipun Bpsekalihan, anggenipun katampi
panglamaripun pramila ing kalenggahan puniko ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka
jangkeping tatacara salaki rabi.
Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. .. sekalihan garwa
inggih punika;
Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya
dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saenga mboten saged pisah
salami-laminipun.
Kasoking katresnan Bpsekalihan dhumateng Bpsekalihan garwa, ing
mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud, ing pangajab pinangka
agemanipun badhe/calon penganten putri
Mboten kekilapan Bp..sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta,
kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bpsekalihan garwa (ingkang
mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika ,
panyuwunipun Bp..sekalihan, ing mbenjang manawi sampun dumugi titiwanci
tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami
miwah adapt widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. sekalihan anggenipun ngaturaken
sarana dalah upakarti wonten kakiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra
pangaksami. Semanten ugi kula pinangka sulih sarira saking panjenganipun
Bp..sekalihan, manawi wonten gonyak ganyuking wicara miwah kiranging
suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami.

Akhirul kalam, billahi taifik wal hidayah
Wassalamualaikum Wr.Wb

TULADHA PANAMPI PASRAH LAMARAN

Assalamualaikum Wr. Wb
Dhumateng panjenenganipun Bp(ingkang pasrah) ingkang piniji
hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun
Bpsekalihan garwa (badhe/calon kadang besan) ingkang pantes katuran
sagunging pakurmatan.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit
mradapa keparengipun Bpsarimbit garwa (ingkang mengku gati), kawula piniji
minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur
saking panjenganipun Bp..sekalihan, lumantar panjenenganipun
Bp.(ingkang pasrah).
Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun
ingkang tanpa pepindhan dene lampah penjengan sampun kasembadaning karya, kanthi
wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.
Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun
badhe/calon kadang besan lumantar panjenengan kula tampi, salajengipun dhumawaha sami-
sami.
Wondene atur pasrah paringipun sarana paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kula
tampi kanthi suka bingahing manah, ing salajengipun mangke badhe kula aturaken wonten
ngarsanipun Bp.sekalihan (ingkang mengku gati). Mboten kekilapan
panjenenganipun Bpsekalihan, naming ngaturaken agenging panuwun
menggah sadaya peparengipun badhe/calon kadang besan sutresna, pratanda yektikasoking
katresnan dhumateng Bp.sekalihan (ingkang mengku gati), mugi dadosa sarana
raketing kadangan , sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra
pinaringan raharja mulya.
Among semanten panampi saking Bpsekalihan (ingkang mengku gati) lumantar
kula, katuri uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab
utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bpsekalihan garwa
(badhe/calon kadang besan) wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti
murih rahayuning sedya.
Minangka pungkasaning atur, hambok bilih manawi wonten kuciwaning bojakrami, anggen
kula hanampi menggah ing rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra
pangaksami. Semanten ugi, kula pinangka talanging basa, hambok bilih wonten gonyak
ganyuking wicara, cawuh kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang singlar
ing reh tata karma, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama.

Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum Wr. Wb

TULADHA ATUR PAMBAGYAHARJA TEMANTEN

Assalamualaikum Wr. Wb
Kawula nuwun, dhumateng panjenenganipun para pepundhen para sesepuh, para pinisepuh
ingkang satuhu sampun pana ing pamawas, lebda ing pitutur, keblat ing panembah, ingkang
pantes pinundhi saha kinabekten.
Panjenenganipin para sarjana sujaneng budi, para priagung pangemban pangembating praja,
para satriyaning negari, minangka pandam pandoming para kawula dasih ingkang pantes
katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang, mitra, wredha mudha ingkang pantes sinudarsana, sumrambahing dhumateng
panjenenganipun para tamu kakung sumawana putrid ingkang dahat kalingga murdaning
akrami.
Kanthi linambaran trapsila ing budi, miwah ngaturaken sewu agunging pakaksama, mugi
pinarengna kawula hambuka wiwaraning suaka, wenganing wicara, dwaraning kandha,
kanthi cumanthaka marak mangarsa hangempil kamardikan panjengan ingkang katemben
wawan pangandikan, inggih awit mradapa keparengipun ingkang hamengku gati, nun inggih
panjenenganipun Bapa/Ibu ..(ingkang hamengku gati), kawula piniji hangembani
wuwus minangka talanging basa, kinen ngaturaken menggah wudharing gantha, babaring
sedya, wigatosing gati ing siyang/ dalu kalenggahan punika. Inggih kabekta saking
mongkoking manah saha karoban ing sih panjenengan sami, saengga boten kuwawi matur
piyambak, jrih manawi boten saged kawiyosing lathi, naming kandheg wonten ing jangga,
mila lajeng anyaraya dhumateng kawula.
Nanging saderengipun kawula hamurwani lekas wekasing karti gatining sedya, supados
purwa madya wasana tansah manggih rahayu kali sing rubeda nir ing sambekala, keparenga
langkung rumiyin kawula ndherekaken ngunjukaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti
Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang
wonten madyaning bebrayan agung, katitik Rahayu Sagung Dumadi tansah kajiwa lan
kasalira dhumateng kula lan panjengan sedaya, saengga kita saged hanglonggaraken
penggalih, haminakaken wanci saha keperluan, rawuh kempal manunggal wonten dalem
pawiwahan mriki, kanthi pangajab saha hanunggil raos hangestreni saha paring berkah
pangestu dhumateng panjenenganipun Bapa/Ibu .., anggenipun angrakit sekar
cempaka mulya, hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para lenggah ingkang sinuba sagunging pakurmatan madyaning pawiwahan prasaja ing
siyang/dalu kalenggahan punika, panjenganipun, Bapa/Ibu ..ngambali
ngaturaken sugeng rawuh, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan, suka
bingahing manah ngantos boten saged rinumpaka ing ukara, menggah karawuhan
panjenengan sami. Ing salajengipun mugi sekecakna pinarak ing palenggahan kanthi mardu
mardikaning penggalih ngantos dumugi paripurnaning pahargyan.
Wondene menggah wigatosing gati panjenganipun Bapa/Ibu hangaturi rawuh
panjenengan, kados dene ingkang sampun kacetha wonten ing serat sadhahan (kintaka wara),
bilih panjenganipun Bapa/Ibu , hanetepi darmaning sepuh hamiwaha putra
mahargya siwi, ngentas pitulus kenye putrinipun ingkang sesilih Rara .,
jinatukrama/dhaup kaliyan Bagus .., putra kakungipun Bapa/Ibu
., ingkang pidalem ingIngkang sampun kalampahan ijab
miturut satataning agami lan negari, panggih miturut satataning adapt widhiwidana ingkang
sampun lumampah ing ngriki, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambekala. Ingkang
punka panjenenganipun Bapa/Ibu .., mawantu-wantu panyuwunipun wonten ngarsa
panjenengan sami, mugi wonteno suka lilaning penggalih, paring jurung puja hastawa, puji
hastuti dhumateng penganten sarimbit, anggenipun badhe lelumban wonten madyaning
bebrayan, tansah atut runtut, mangih bagya mulya ingkang sinedya, rahayuning ingkang
tinemu, basuki ingkang kaesti, enggal kaparingan pituwasing patembahan, momong putra,
kanthi prejanjen Brayat Rinancang.
Kaleksananing pahargyan ing kalenggahan punika saged kalampahan, karana sih
pambiyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu, ingkang
sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged
hangenthengaken sesanggeman, ingkang punik panjenenganipun Bapa/Ibu..
ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan, mugi-mugi sih kadarman
panjenengan dados ngamal kasaenan, saengga pikantuka leliru ingkang satraju, miwah
bebingah ingkang malimpah-limpah.
Minangka puputing atur, manawi wonten kuciwaning bojakrama ingkang boten saged anuju
prana, mbok bilih wonten anuh ingkang kirang wnuh, anggen kula hanampi menggah ing
rawuh panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kawula matur, wonten
tuna dungkaping atur, tutur kelantur-lantur, saha wonten kiranging subasita ingkang singlar
ing reh tatakrama, jenang sela wedar pari sasondheran, apuranta menawi lepat atur kawula.

Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum Wr. Wb

TULADHA ATURIPUN PANATACARA
BADHE UPACARA PASRAH TEMANTEN

Wus samekta ing gati, nun inggih sri atmaja temanten kakung sampun jumeneng wonten
sangajengipun wiwara pawiwahan, kepareng badhe hanetepi upacara pasrah. Cucuking
cundaka ingkang dipun sarirani panjenganipun Bapa miwah pengapiting
putra temanten kakung, panjenganipun Bapasaha Bapa, kados
sampun sumekta, kepareng badhe masrahaken rising pinanganten kakung dhumateng
ngarsanipun Bapa/Ibu (ingkang mengku gati) ingkang kalenggahan mangke badhe dipun
sarirani panjenganipun BapaWondene ingkang kepareng hanjajari panjenganipun
Bapa, saha Bapa, ing salajengipun dhumateng
penjenganipun para-para ingkang piniji sasana saha swasana kawula sumnggakaken,
sumangga, nuwun.


TULADHA ATURIPUN PANATACARA
BADHE HANAMPI PASRAH TEMANTEN

Satuhu tatas, titis, wijang gambling, cetha trewaca, tumata datan tumpang suh, aur
pangandikaipun rising cundaka hamasrahaken putra pinanganten kakung. Salajengipun
Bapa(ingkang nampi) minangka talanging bas Bapa/ibu(ingkang mengku
gati), kepareng badhe hanampi sang pindha narendra. Ing wasana, sasana saha
suwasanakawulasumanggakaken, sumangga, nuwun.

TULADHA ATURIPUN PANATACARA
BADHE PARIPURNANING GATI

Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara, jumbuh kaliyan urut
reroncening adicara, purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanakaken dening para
kaluwangsa, kanthi wilujeng kali sing rubeda nir ing sambelaka
Minangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun
Bapa/Ibu, kaparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit, tumuju
wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring para tamu saha
nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi ekaten pratandha pawiwahan prasaja ing
siyang/dalu punika sampun paripurna, sinarthan sesanti jaya-jaya wijayanti, mugi rahayu
ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten sarimbit sinawang yayah gelayongan
lampahe (Binayung Ladrang Gleyong, laras pelog pathet 6)


TULADHA ATUR PANUTUP PANATACARA
WONTEN ING PAWIWAHAN TEMANTEN

Sampun paripurna pahargyan prasaja ing siyang/dalu punika, lumantar pangendhaliwara
sepindhah malih panjenenganipun BApa/Ibu.., ngaturaken gunging panuwun
saha hambok bilih anggenipun hanampimenggah karawuhan panjenengan sami, wonten
kuciwaning bojakrami, wonten anuh ingkang kirang wanuh, lungguh ingkang kirang
mungguh, miwah suguh ingkang kirang lawuh, mawantu-wantuingkang hamengku gati,
nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.
Semanten ugi, kula minangka pangendhaliwara, hambok bilih wonten gonyak ganyuking
wicara, cawuh kliruning basa, kisruhing paramasastra, miwah kiranging subasita ingkang
singlar ing reh tata karma, jenang sela wader pari sesondheran, apurantha menawi lepat atur
kawula. Sepindhah malih tahu kecap Purwasari, menawi wonten keladuking patrap lan
pangucap nyuwun pangaksami,
Maturnuwun, mboten langkung kawula handherekaken sugeng kondur, mugi wilujeng
dumugi ing ndalem
Akhirul kalam, billahi taufik walhidayah
Wassalamualaikum Wr. Wb

Você também pode gostar