Você está na página 1de 1

Assalamualaikum Wr Wb

Dhumateng para sepuh langkung2 dhumateng para pinisepuh ingkang satuhu


kulo bekteni .
Dumateng bapak2 wargo RT 05 ingkang kawulo hormati.murwakaning atur sumonggo
kulo derekaken ngaturaken panuwun syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun
paring kanikmatan soho kalliwujengan dhumateng kulo dalasan panjenengan katitik
ing wekdal puniko kulo dalasan panjenengan saget makempal wonten griyonipun
bapak . . . . . .kanthi kawontenan wilujeng mboten manggih alangan sak tunggal
punopo.
ngkang selajengipun kawulo pinongko RT 05 bade matur dhumateng
panjenengan sedoyo ingkang sepisan!kulo ngaturaken wilujeng menggah karawuhan
panjenengan sedoyo ingkang ongko kalih kulo ngatutraken !agunging panuwun
ingkang tanpa upami bilih panjenengan sedoyo sampun kerso nglonggaraken wekdal
tindak dateng mriki saperlu kempalan rutin selapan sepisan wonten ing dalu puniko
ingkang sak lajengipun kulo ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng "apak . . . .
. ingkang sampun nglonggaraken wekdal soho panggenan saperlu damel kempalan
wonten ing dalu puniko .
Dhumateng bapak2 wargo RT 05 ingkang satuhu kinormatan #ulo minongko RT
05 namung saget ngajak dumateng panjenengan sedoyo wargo RT 05 ! sumonggo
kito tingkataken persatuan soho kesatuanipun wonten ing lingkungan kulo dalasan
panjenengan sedoyo . ingkang ongko kalih sumonggo kito tingkataken keamanan
lingkungan kulo dalasan panjenengan sedoyo .
$ekaten ingkang saget kulo aturaken ! sak lajengipun wekdal kulo aturaken
demateng bapak2 sedoyo mbok billih bapak2 nggadai usulan ! wekdal kulo aturaken
dhumateng panjenengan sedoyo . . . . .sumonggo . . . .
hambok billih saking bapak2 mboten wonten usulan malih ! saking kulo
nglenggono kathah kekiranganipun kulo amargi kulo RT enggal ! pramilo kulo nyuwun
agunging samudro pengaksami !pungkasing atur wabillahi tou%ik wal hidayah
Wasalamualaikum Wr Wb

Você também pode gostar