Você está na página 1de 2

Atur Panampi Temanten

Assalamu'alaikum wr.wb.
Panjenenganipun ingkang kinabekten, para pinisepuh, saha para sesepuh
ingkang tansah anggung mestuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang
dhahat pinundhi. Langkung-langkung panjenenganipun
Almukarrom .............................. ingkang dhahat kinurmatan.
Panjenenganipun para Alim, para 'Ulama, para Kyai, lan para Ustad
ingkang tansah kaantu-antu berkah pendonga miwah pitutur luhuripun. Para
pangreh pangemban pangembating praja minangka pangayomaning para
kawula dasih ingkang satuhu pantes sinudarsana. !umawana sanggyaning
para rawuh, para pilenggah, kakung miwah putri, saha para sanak kadang
wredha mudha, ingkang tansah winantu ing suka rahayu. Langkung-langkung
panjenenganipun "p ......(duta pasrah).......... ingkang minangka duta
saraya pasrah temanten kakung#putri dalah para kadang pengombyong
temanten saking .........(desa)............. ingkang pantes sinuba sagunging
pakurmatan.
Langkung rumiyin kula ngonjukaken raos syukur wonten ngarsa dalem Allah
!$%, karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken
dhumateng panjenengan sedaya lan kula, sahengga wonten menika wekdal
kula panjenengan saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan
kawilujengan tuwin karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa.
Pramila saking menika kula ikroraken kanthi maos kalimah tahmid
'alhamdulillahirobbil'alamin.'
!halawat lan salam mugi tansah lumintu lumintir dhumateng titah
linangkung ingkang dados pepanutaning ummat sejagat nenggih !ang &abi
Agung 'uhammad !A$ ingkang kula panjenengan antu-antu sya(angatipun
wonten yaumil )iyamah. Allahumma amin.
!anggya para rawuh para adilenggah ingkang tansah winengku ing suka
rahayu, kakung miwah putri.
Kula aminangkani "p#*bu .........(pemangkugati)............ keparenga
tumanggap atur menggah atur pasrah panjenenganipun ...........(duta
pasrah)............ ingkang sampun kepareng hamasrahaken putra temanten
kakung/putri.
*ngkang sepisan, atas nami "p#*bu .........(pemangkugati).......
sakulawarga, kula ngaturaken sugeng rawuh lan agunging panuwun ing
sarawuh panjenengan sarombongan, para pengombyong temanten
kakung/putri saking ..........(desa).......... 'ugi-mugi rawuh panjenengan
punika dadosa lantaranipun tambahing pasedherekan antawisipun warga
.............(jeneng desa)......... ngriki kaliyan ...........(jeneng
desa)...............
Kaping kalihipun, menggah salam taklimipun "p#*bu ...........
(besan)................. kula tampi , lan sak kosok-wangsulipun salam taklim
saking "p#*bu ..........(pemangkugati)........... katur dhumateng "p#*bu
..............(besan)........ dalah gotrah kulawarga. Kula ikroraken kanthi atur
+ 'Alaika wa'alaikum salam wr.wb.,
!alajengipun, keplasing sedya panjenengan amasrahaken putra temanten
kakung/putri , "p#*bu .......(pemangkugati)............ sakulawarga nampi
kanthi asta kalih lan kanthi suka gumbiraning manah, sinartan nyuwun
wewahing pangestu, mugi-mugi para putra temanten menika sagedta dados
pasangan ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, bagya mulya, guyub
rukun, atut runtut, ingkang mugi tansah pikantuk berkah, wiwit donya
dumugi akhirat, enggal pinaringan momongan ingkang soleh solihah,
migunani dhateng sesami, migunani dhateng agami lan negari saha tansah
atul manembah mring -usti.
$ondene menggah panggulawenthahing putra temanten menika sumangga
sami-sami sesarengan, menawi pinuju wonten ngriki inggih saksaged-saged
sakkuwaos kula sabrayat, lan menawi pinuju wonten ...........(jeneng
desa).............. inggih semanten ugi sumangga kagulawenthah ingkang
kados makaten.
Panjenenganipun para pengombyong temanten ingkang satuhu kinurmatan,
mawantu-wantu panyuwunipun "p#*bu .........(pemangkugati)..........
gotrah kulawarga, keparenga andumugekaken anggenipun samya
lelenggahan ngantos dumugi titiwan.i purnaning pahargyan ing siang/dalu
menika kanthi mardu mardikaning penggalih, saha menawi wonten
kekirangan saha kalepatan anggenipun "p#*bu .........
(pemangkugati)........... sakulawarga nampi rawuh panjenengan keparenga
hangluberaken samodraning pangaksami.
$ondene saparipurnaning pahargyan samangke panjenengan sarombongan
kepareng badhe kondur, kula namung saged ngaturaken sugeng kondur, mugi
rahayu ingkang tansah pinanggih dumugi ing dalem, nir-baya, nir-wikara,
nir-ing-sambekala. !yukur-syukur samya kersa pinarak lan nyipeng wonten
panggenan kula.
*ng wasana, kados kirang wi.aksana menawi kula matur kathah-kathah,
mbok bilih anggen kula matur, anggen kula nampi, mboten andadosaken
sarjuning penggalih, kula pribadhi tansah nyuwun agunging sih samodra
pangaksami.
Akhirulkalam, "illahittau(i) walhidayah. $assalamu'alaikum wr.wb.

Você também pode gostar