Você está na página 1de 1

ASAL USUL DESA KALIWUNGU

Asal-usule jeneng Kaliwungu iku miturut cerita turun temurun saka getihe Sunan
Katong lan Pangeran Pakuwojo kang blaber ana ing kali lan banyu kali mau wernane malih
wungu. Ceritane Sunan katong iku petinggi ana ing sawijining kerajaan saka negeri cina, teka
ana ing tlatah kaliwungu arep nyebarake agama islam ing Kaliwungu. Dene Pangeran Pakuwojo
iku uga mantan petinggi Kadipaten bawah kerajaan majapahit kanggo tlatah Kendal/Kaliwungu
ing wektu kuwi. Ana ing sawijining dina antarane Sunan Katong lan Pangeran Pakuwojo ana
kesalah-pahaman. Pangeran Pakuwojo nesu ora karu-karuan marang anak wadone kang ora
gelem miturit apa karepe Pangeran Pakuwojo. Banjur anake Pangeran Pakuwojo mau lunga saka
omah lan njaluk perlindungan karo Sunan Katong. Kanepsone Pangeran Pakuwojo saya ndodro
amarga ngerti yen anak ana sing melindungi yaiki Sunan Katong. Miturut Pangeran Pakuwojo
Manawa wis wani mlindungi anake berarti nantang deweke. Senjata kerise Pangeran Pakuwojo
wis lolos saka rangkane lan kanthi kanepson kang makantar-kantar langsung nancepake keris
mau ana ing awake pawongan kang nglindungi anake wadon mau, yo ora liyo yaiku Sunan
Katong. Sunan katong iku sejatine gurune Pangeran Pakuwojo, berarti Pangeran Pakuwojo
mateni gurune dewe. Sakwise sadar lan deleng Manawa kang dipateni iku ora liyo yo gurune
dewe, sak nalika awake Pangeran Pakuwojo awake lemes. Sak nalika iku Pangeran Pakuwojo
nyuwun pangapura marang guruneiku, lan marani gurune iku mau terus sujud ana ing samparane
utawa sikile Sunan Katong. Kanthi sisa tenaga kang isih Sunan Katong Sunan Katong lan
Pangeran Pakuwojo mati sampyuh. Sanajan Pangeran Pakuwojo iku muride Sunan Katong
ananging Pangeran Pakuwojo iku wis nalingsir saka bebener amarga deweke wis melu lan
nyinau ilmu hitam. Dadi rong pawongan kang beda aliran iku mati bareng yaiku aliran putih lan
aliran hitam.
Getih kang metu saka awake Sunan katong wernane putih lan getih kang metu saka
Pangeran pakuwojo wernane abang semu ireng amarga deweke wis nyinau ilmu hitam utawa
ngilmu ireng. Getihe Sunun Katong lan Pangeran Pakuwojo mau nyampur dadi siji yaiku getih
putih campur karo getih sing wernane abang semu ireng. Getih mau mblaber ana ing sawijining
kali sing wernane malih dadi wungu. Ana ing akhire zaman panggonan iku diarani Kaliwungu
saka tembung kali yaiku panggonan kanggo perang antarane Sunan Katong karo pangeran
Pakuwojo ana ing sacedake sawijining kali. Tembung Wungu yaiku getih kang mbleber ana
ing sawijining kali yaiku getihe Sunan Katong kang wernane putih lan getihe Pangeran
Pakuwojo kang wernane abang semu ireng kang campur dadi siji ndadekake kali mau wernane
dadi wungu. Iku mau asal-usule salah sijine tlatah ana ing kabupaten Kendal yaiku Kaliwungu.

Você também pode gostar