Você está na página 1de 7

Cerita Cekak Basa Jawa: Dongeng Kancil lan pitik sing rebutan endog

Suwijining dina Sang Kancil lagi mlaku-mlaku ning kidul Pasar Bantul. Dheweke weruh langit isih
peteng, kamangka saiki wis jam sepuluh awan. Srengenge ora ketok, malah katon ana sejenis debu
sing medun saka langit. Omah lan wit-witan katon rupane dadi putih-ireng amarga katutup awu.
ashinichi.blogspot.com
"Wah iki mesthi udan awu. Sajake ana gunung sing njebluk, terus awune jalan-jalan tekan kidul
Pasar Bantul" pikirane Kancil wasiat
Kancil banjur mampir ning Bakso Bangjo sing warunge mapan ning sakidul Pasar Bantul. Dheweke
wis sawetara suwe kakancan karo Mbak Dewi, koki sekaligus merangkap juragan sing nduwe
Bakso Bangjo. Racikan baksone sing mantep marakke Kancil kepengin mampir pendak dolan ning
Bantul. Rugi rasane adoh-adoh tekan Bantul ora ngrasakke gurihe bakso. Weruh Kancil mlebu ning
warunge, enggal-enggal Mbak Dewi ngruruhi duniashinichi.blogspot.com
"Woooo kowe tho Kancil. Mrene-mrene mlebu ndene. Wiwit wingi ana udan awu amarga Gunung
Kelud njeblug. Wis kowe leren kene ndisik, mengko tak wenehi masker ben ora watuk merga
irungmu kelebon awu" duniashinichi.blogspot.com
"Gunung Kelud tho sing njeblug! Wah pantes awune akeh banget. Jeblukane Gunung Kelud pancen
sok gedhi banget, ngantek awune tekan ngendi-ngendi" jawabe Kancil
"Kebetulan kowe mampir kene Kancil. Saiki aku lagi ana masalah. Ingon-ingonku Pitik Lehor karo
Pitik Kalkun lagi kerengan amarga endoge kena awu Gunung Kelud, dadi ora iso dibedakke"
celatune Mbak Dewi
Endog pitik lehor rupane putih lan gedhi, endog pitik kalkun uga gedhi, nanging rupane putih
bintik-bintik ireng kaya endog gemak. Amarga kena awu, saiki endog kalorone rupane dadi ireng,
ora iso dibedakke. Padahal pitik loro kuwi lagi pada ngangremi endog, panggonane jejer, ning
ngisor wit empring. Mungkin amarga wingi ana angin gedhe endoge pada glundung, nyampur dadi
siji ora iso dibedakke.
Wiwit mau esuk pitik loro kuwi pada kerengan. Rebutan endog sing kudu diangremi. Kabeh
kepengin ngangremi endog cacahe rolas. Padahal kudune masing-masing ngangremi endog enem.
Nanging amarga ora gelem endoge diangremi pitik liyane, dadi rebutan ngangremi endog rolas. Ora
ana sing gelem ngalah.
Krungu critane Mbak Dewi, Kancil banjur marani Pitik Kalkun karo Pitik Lehor sing lagi padu.
"Wis jan, kowe cah loro ki pancen ngisin-ngisinke bangsa pitik. Mosok saukur ngangremi endog we
ndadak padu!" celatune Kancil
"Wweeee mbok aja nuduh kaya ngono Sang Kancil. Iki salahe Pitik Kalkun, mbiyen le ngendog
kok cedak-cedak aku. Padahal isih akeh panggonan ning kebon. Ngendog ning ngisor wit kambil
rakyo iso tho!" kandhane Pitik Lehor
"Wow! Pengawuran sekali kowe Pitik Lehor! Panggonan sing eyup tur anget ki ya mung ning
ngisor wit empring. Menawa ning ngisor wit kambil aku iso benjut ketiban bluluk no!" bantahane
Pitik Kalkun
"Wis-wis rasah pada kerengan. Saiki ngene wae. Aku tak takon marang kowe Pitik Kalkun lan Pitik
Lehor. Sesuk menawa endoge wis netes, kowe cah loro pada iso mbedakke anak kalkun karo anak
lehor ora? pitakone Kancil
"Yo iso no! Bentuke beda, cucuke beda, wulune ya rada beda. gampang dibedakke!" jawabe Pitik
Lehor
'Gamping banget le mbedakke Sang Kancil. Rupane anakku beda karo anake Lehor" celatune Pitik
Kalkun
Kancil banjur neruske nasehate.
"Geneki ya gampang dibedakke. Mbok rasah pada kerengan. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen
wis netes menawa ketukar garek diijolke!. Rakyo gampang tho? Rasah nganggo padu barang!"
"Bener kowe Sang Kancil. Apike ngono wae. Saiki endoge dibagi loro. Mengko yen wis netes garek
diperiksa kleru apa ora!" celatune Pitik Kalkun
"Aku setuju. Wis nek ngono endoge dibagi loro wae. Aku angrem enem, Pitik Kalkun uga
ngangremi endog cacahe enem" tambahe Pitik Lehor
Dina kuwi Pitik Kalkun lan Pitik Lehor leren anggone padu. Endoge dibagi loro. Sesuk menawa
keliru bakal diijolke bar netes.
http://duniashinichi.blogspot.com/2014/02/cerita-cekak-basa-jawa-dongeng-kancil.html

Ki Ageng Kedungsari
Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi
anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan
gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake.
Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki
Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi
bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana
prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo
digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa
dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna
panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise
njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep
nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake
wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah,
Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng
Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki
Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane
marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu
menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga
suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe
kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe
kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik
krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng
Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki
Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget
nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk
kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede.
Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong
liya.
Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng
Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng
Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana
sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede
uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah.
Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk
endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong
sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu
Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing
Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa
Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.
http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/09/ki-ageng-kedungsari.html#more

Malin Kundang
Sawijining dina, ing desa kang adoh saka aktifitas kulawarga nelayan sing omah ana pinggire
segoro kalebu wilayah Sumatera Barat (Sumatera Kulon). Amargo kahanan kulawarga iku ora
duw (mlarat), bapak nkat budhal nggolk gawan ing negara liya kanthi numpak perau nyebrang
segara sing amba banget. Bapak Malin ora tau balik manh ing deso lan kulawargan, jalaran
Ibune cancut taliwondo kudu nggentni tugas Bapak Malin kanggo golk panguriban. Malin iku
klebu bocah sing pinter banget ananging rodo mbeling. Dhewk kereb nguber-uber pitik lan
nyeblak kambk sapu. Sawijining dina, nalika Malin lagi nguber-uber pitik, dhwk kesandung
watu lan lengen kanane catu keno watu. Catu ono lengene iku mari nanging wekas ora biso ilang.
Amargo rasa welas karo Ibun sing rekoso banget nggolek panguriban kanggo nggedhekak
dhwk, Malin nekat lunga adoh supaya mengkeh bisa sugih yn uwis balik (bali) maneh ing
desane. Mula-mulane ibune Malin Kundang ora sepiro setuju, ngelingi garwane uwis ora tau kundur
maneh sak wise tindak adoh, nanging Malin pancet ngengkel sing pungkasane Ibune marengake
Malin lungo adoh nunut perahu duweke saudagar. Naliko suwe ono perahu iku, Malin Kundang
mempeng sinau ukoro ilmu pelayaran ono uwong-uwong prahu sing uwis duwe pengalamane akeh.
Ing tengah-tengahe segoro, dumadakan prahu sing ditumpangi Malin Kundang dikroyok begalbegal segoro. Kabeh bondho dagangane duwekane saudagar sing ono njerone prahu dijaluk kanthi
pekso karo begal-begal segoro, malah ora sethithik wong-wong prahu osing dipateni karo begalbegal segoro. Malin Kundang kabekjan, dheweke ndelik ing njero kamar cilik sing ketutup kayu.
Amargo itu ora dipateni karo begal-begal Malin kundang kelunto-lunto ing tengahing segoro, ing
pungkasane prahu sing ditumpangi nyanggrok ono ing sakwijining pulo. Nganggo tenogo sing
amung sethithik Maling Kundang mlaku tumuju ning deso sing cedhak karo pinggire segoro
(pantai). Deso sing dienggone Malin Kundang naliko kesasar iku klebu deso sing makmur banget.
Amargo ulet lan temenan anggone nyambut gawe, Malin suwining suwe kasil dadi wong sugeh
bando. Dheweke duwe parahu dagang akeh kambek rewang (anak buah) sing akehe luwih soko 100
uwong. Sak wise dadi sugih bondho iku Malin Kundang nglamar wanodyo supayo dadi sisihane
(garwane/bojone). Pawartos Malin Kundang sing uwis dadi wong sugih bondho lan uwis kromo
nganti tekan talingan ibune Malin Kundang. Ibu Malin Kundang rumaos bersyukur lan remen
banget amargo putrane uwis kasil. Wiwit dino iku, ibu Malin sakben dinane tindak dermaga,
ngrantos putrane karo nggalih menowo wae balek ing desone. Sak wetoro suwi omah-omah, Malin
lan sisihane budhal numpak prahu karo anak-anak ugo akeh wong-wong ngisorane sing melu njogo.
Ibu Malin sing pirso ono prahu teko ono dermaga mirsani uwong loro ngadeg ono dhuwure gladak
prahu. Piyambake percados yen wong sing ngadeg kuwi sejatine putrane, Malin Kundang karo
sisihane (bojone). Ibu Malin Kundang tindak nyedeg prahu. Sak wise cedhak, ibune pirso ono
wekas catu ing lengen kanan wong iku, mulo ibune tambah percoyo (percados) yen wong sing
dicedheki iku Malin Kundang. Malin Kundang, putraku, kenopo kowe lungo suwi banget tanpo
ngirim warto?", ngendikane karo ngarangkul Malin Kundang. Nanging ndelok wong wadon tuwo
sing agemane lungset lan reged ngrangkul dheweke, Malin Kundang nesu sing sak temene dheweke
wis ngrumangsani yen iku sejatine ibune, nanging dheweke rumongso isin yen kahanan iku mau
nganti bojo lan wong-wong ngisorane weruh. Jalaran nompo tumindak olo soko putrane iku, ibu
Malin Kundang dadi duko yayah sinipi. Piyambake ora ngiro yen putrane dadi anak keblinger
(durhaka). Amargo banget lehe duko, ibu Malin ngentikan lan nyedakake (bersumpah) kanggo
putrane, Duh Gusti, menawi leres tiyang meniko anak kawulo, kawulo nyedakaken tiyang meniko
dados watu Sak wis iku, ora let suwi Malin Kundang balk manh numpak prahu layar, lan ono
tengah-tengahing segara dumadakan teka angin puyuh nganti prahu layar Malin Kundang rusak.
Sak banjur awak Malin Kundang suwining-suwi dadi kaku sing pungkasan dadi awujud watu
karang. Nganti seprn Watu Malin Kundang isih bisa didelog ana ing sawijining pinggiran segara
(pantai) sing dijenengak Pantai Bayu Legi (Pantai Air Manis), ing sisih kidul kuto Padang,
Sumatera Barat.
Sumber :
http://id.wikipedia.org/wiki/Terjemahan_Malin_Kundang_dari_indonesia_ke_bahasa_Jawa

Ula badhudhak lan landhak


Ing nalika mngsa adhming angin, ana ula badhudhak katisn bangt, mubng golk pandhlikan
ora olh. Wasana katmu karo landhak kang bcik kalakuane, anyalathoni mangkene: msakake
tmn kowe iku, angin iki ora bcik ingatase awakmu, olhmu andharodhog kngsi kaya godhong
katmpuh ing angin, ayo mnyang rongku, supaya olha angt ing sawatara.
Calathu mangkono iku anuju karpe ula badhudhak, banjur enggal nlosor lumbu ing rong.
Saking bangt lmune, rong cilik kngsi kacakan saparone, kang
duwe rong ora kaduman panggonan. Barng dayoh kang katisn wus angt, ora pisan kawtu
calathune awh panrima tuwin arp lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngalkr
bae. Landhak anuli calathu: saiki wus wngi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene
sadhela andadkake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia manh, kowe iyo
wruh dhewe, yn rong cilik iki ssak dak nggonana karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hm,
dadi kowe angira yn ssak, satmne, rongmu iki luwih prayoga, wruhanamu kisanak, aku
kapenak ana ing kene, lan ora sumdya lunga, mulane akal-akala golk panggonan kang jmbar.
liding dongng mangkene: sanajan [sanaja...]
wong gawe kabcikan krp anmu wwals ala, iya uga aja mngng anglakoni panggawe bcik
ing salawase, mung diawas marang wong kang bakal kobciki.
http://kumpulandongengjawa.blogspot.com/2011/07/ula-badhudhak-lan-landhak.html#more

Bulus lan Bango


Mangkana kaprungu gunemane bulus lanang lan wadon ing pinggiring talaga Kumudawati. Kewan
sajodho kuwi sambat marang kahanan mangsa katiga sing ora rampung-rampung. Kaya-kaya taun
iki mangsa rendheng ora bakal tumeka. Kamangka, ing padatan, mangsa katiga kuwi lumakune ya
mung ora suwe-suwe kaya kang dumadi nembe-nembe iki.
Kocap, talaga Kumudawati iku sawijining talaga kang ana sangisore gunung Himawan ing tlatah
nagara Kartaraharja. Talaga kang endah edi peni, ora ana sawijining talaga kang saemper kaya
talaga Kumudawati. Banyune sing ana talaga kuwi katon kimplah-kimplah nengsemake. Yen ta
tumuju sinorot prabaning sang surya, katon cumlorot kaya rebutan laku, padha ngetokake sunare
sing kaya srengenge. Banyune banget beninge. Saingga apa kang ana ing dhasare talaga
Kumudawati, bakal katon cetha wela-wela kaya ora ana banyune. Iwak-iwak sing padha lumaku
jejogedan angrengkuh segering banyu ana ing talaga iku dadi bisa diweruhi dening mata manungsa
apadene sato kewan sing lagi liwat kono. Ana pojok-pojoking talaga iku uga bisa katonton
tetanduran trate sing kembange banget nengsemake ati. Ana sing putih, abang, apamaneh biru.
Kembang trate kang nambahi asrining sesawangan iku tansah dikupengi dening tawon-tawon kang
brengengeng tanpa kendhat arsa arep mencok ing kembang sing ayu-ayu iku. Nanging sajake
tawon-tawon iku ora lila yen sikile midak kekembangan. Jalaran wedi yen tumekane dheweke bakal
ngrusak ayune kembang. Mula tawon-tawon mung mabur wira-wiri ana sakupenge kembang trate
sing warnane macem-macem iku. Trate iku uga dadi papane para kodhok yen lagi nuju wanci udan.
Godhonge trate sing amba-amba, sok dadi papane para kodhok adu kawasisan nembangake
tembang klangenane sing padatan mung kawetokake yen mudhun banyu saka langit. Thung thot
thung thot thung thot! Gonta-ganti sineling-seling.
Sawijining sato kewan sing manggon aneng talaga Kumudawati iku ana sing jenenge Pak Bulus
karo Bu Bulus. Wis suwe anggone Pak Bulus karo Bu Bulus manggon ana ing talaga iku. Manut
apa kang tau dikandhakake dening bapak ibune Pak Bulus karo Bu Bulus, kulawargane iku wis
manggon ana kono awit jaman talaga iku ana. Malah kapara biyen kulawarga bulus iku dadi warga
pisanan ing talaga iku. Mulane ora aneh yen kabeh sato kewan sing arep manggon ana kono kudu
njaluk idi palilah sik marang Pak Bulus lan Bu Bulus. Dadi pancen saka simbah buyute biyen, Pak
Bulus karo Bu Bulus iku sing mbaureksa ana talaga Kumudawati.
Wis dadi kodrate kewan sing jenenge bulus, yaiku kudu urip neng panggonan sing kimplah-kimplah
banyune. Mula, kahanan sing dumadi nembe-nembe iki njalari atine Pak Bulus karo Bu Bulus dadi
sumelang. Mangsa katiga sing ora ana mandhege njalari asate talaga Kumudawati. Kahanan talaga
Kumudawati wis ora kaya rikala sadurunge mangsa katiga tumurun. Saiki swasana sing adhem
ayem tentrem gumanti karo swasana sing panas ngemplak. Kembang trate sing biyen ngrembuyung
saiki padha layu. Kembang-kembange padha garing, gogrok dhewe-dhewe ora kuwat katemahan
panas sing ora ana enteke. Kewan-kewan uga padha pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Padha
arep pindhah menyang papan liya sing sekirane bisa nguripi awake dhewe.
Pak Bulus. Sampun dados panggalih panjenengan. Keparenga kula kalihan semah kula pindhah
dhateng papan sanes. Kula sampun boten kiyat wonten talaga Kumudawati ngriki. clatune Kodhok
lanang karo Pak Bulus.
Siji mbaka siji kabeh kewan sing ana talaga iku pamitan karo Pak Bulus lan Bu Bulus. Suwe-suwe
sing ana telaga Kumudawati iku saiki mung kari Pak Bulus lan Bu Bulus thok.
Piye pak-ne? pitakone Bu Bulus kanthi luh sing kumembeng ana mripate.
Arep piye maneh bu-ne. Awake dhewe kuwi wis dipasrahi karo para leluhur supaya ngreksa papan
iki. Dadi arep dipriye-priye tanggungjawab iki kudu dilakoni.
Lha yen awake dhewe banjur mati priye pak-ne?
Tegese kuwi wis dadi pesthine awake dhewe.
Huuuu pambengoke Bu Bulus.
Nangise Bu Bulus sansaya ndadi. Saya banter. Diarih-arih ben ilang sungkawane karo Pak Bulus
malah njalari nangise sansaya ndadra. Nganti kaprungu teka awang-awang. Njalari Pak Bango lan
Bu Bango sing lagi mabur ana dhuwure talaga Kumudawati, prelu mudhun kanggo mangerteni
seleh prekarane. Mbokmanawa sing neng ngisor iki lelakon kewan sing lagi padu.
Bu kae rungokna. Ketoke ana sing lagi nangis neng ngisor kae. guneme Pak Bango.
Iya pak-ne. Aku ya krungu ana swara tangis sing nrenyuhake. Gek-gek mengko ana wong sing lagi
dipiala pak-ne.
Ketoke swarane ana ngisor kono. Ayo mabur mudhun bu-ne!

Ayo tak dherekake pak-ne.


Bango loro kuwi banjur mudhun menyang talaga Kumudhawati sing wis asat. Nyedhaki swaraning
tangis sing ora liya ya Bu Bulus sing lagi nandhang sumelang. Sumelang yen dheweke bakal mati
marga ora kaduman banyu. Sumelang jalaran yen mati saiki, iku ateges darmaning uripe minangka
wong tuwa durung sampurna. Sabab dening Gusti Kang Akarya Jagad, Bu Bulus dereng kaparingan
putra.
Pak Bango lan Bu Bango wis teka ngarepe Pak Bulus lan Bu Bulus sing lagi padha rerangkulan
ngrasakake kahanan neng talaga Kumudawati.
Kula nuwun Pak Bulus, Bu Bulus.
E e e.. Wonten tamu ta. Mangga-mangga Pak Bango. Wonten wigati punapa punika? Ssst! Bu-ne
menenga! Gilo ana tamu.
Bu Bulus banjur meneng. Nanging sisa tangise isih katon. Kaya kasigeg ana ing gulune.
Punika kula kok mireng wonten swanten piyantun nembe muwun. Mbokbilih kepareng
mangertosi. Sejatosipun punapa ta perkawis ingkang sinandhang?
Mugi dadosna kawuningan kagem Pak Bango lan Bu Bango. Punika semah kula nembe sumelang
nyumerepi kahanan wonten ing talaga Kumudawati ngriki.
Lho, sumelang kados pundi ta?
Panjenengan rak sampun mirsani piyambak kawontenanipun ing talaga Kumudawati ngriki.
Toyanipun asat. Kamangka sampun jamakipun menawi sato awarni bulus kados kula lan semah
kula punika mbetahaken toya ingkang kathah supados saged gesang. Cobi panjenengan pirsani sato
ingkang awarni ulam punika. Sampun sami pejah sadaya. Sasanesipun punika sedaya sato ingkang
mapan wonten ngriki ugi sampun budhal sadaya. Madosi papan sanes ingkang langkung sae. Dados
sepen papan punika. Kula badhe nilar papan punika, boten wantun. Jalaran wiwit jaman rumiyin
pancen kulawarga kula ingkang kajibah ngreksa papan punika.
O, mekaten ta. Mbokmenawi kula kepareng ngaturi pamrayogi kados pundi Pak Bulus?
Pamrayogi ingkang kados punapa Pak Bango?
Mekaten Pak Bulus. Mungguhipun pamanggih kula inggih panjenengan kekalih kedah pindhah
saking papan punika. Jalaran awit sedayanipun sampun boten prayogi malih kagem nglajengaken
pagesangan. Sampun ngantos panjenengan kekalih mangke nemahi seda. Punapa malih
panjenengan menika rak kagungan jejibahan kangge ngreksa papan punika ta? Saderengipun kula
nyuwun pangapunten, mbokmanawi kaladuk atur kula. Punapa panjenengan sampun kagungan
putra kagem nglajengaken jejibahan ngreksa papan punika?
Kula dereng gadhah anak Pak Bango.
Lah rak sampun cetha ta Pak Bulus. Menawi panjenengan taksih panggah badhe tilar wonten ing
ngriki, punika tegesipun panjenengan malah nglirwakaken dhawuhipun leluhur panjenengan.
Lho kok saged?
Saged mawon Pak Bulus. Panjenengan sampun kadhawuhan kangge ngreksa papan punika.
Pangajapipun leluhur panjenengan mesthi ugi ngajap menawi putra turun panjenengan ugi ndherek
ngreksa papan punika. Tegese mangke kulawarga Pak Bulus ingkang lestantun ngreksa papan
punika. Lha, menawi panjenengan panggah tilar wonten ngriki, lajeng mangke seda tanpa
nurunaken putra, punika ateges panjenengan nyidrani dhawuhing leluhur panjenengan. Pramila,
panjenengan kedah pindhah saking papan punika supados saged nglajengaken jejibahan.
Mekaten. saure Pak Bulus karo manthuk-manthuk.
Mekaten mawon nggih Pak Bulus. Panjenengan kekalih kula dherekaken tumuju ing talaga
Manasasara. Kapinujon kula lan semah kula ugi badhe mrika. Wonten mrika toyanipun taksih
kathah. Mugi panjenengan kekalih saged manggen rumiyin wonten ngrika. Mangke menawi talaga
Kumudawati ngriki sampun wonten toyanipun lan sampun kados nalika ing nguni, panjenengan
kula dherekaken ngriki malih.
Kadospundi caranipun?
Punika kula tak mendhet kayu. Mangke kula lan semah kula nyokot ing kanan keringipun. Lha
panjenengan kalih ingkang garwa mangke nyakot ing tengahipun. Mangke kula dherekaken mabur
ing langit. Nanging kula nyuwun janjinipun panjenengan kekalih.
Punapa punika Pak Bango?
Wonten lelakon punapa kemawon, panjenengan kekalih boten kepareng ngandika punapa-punapa.
Kedah kendel lan nyokot kayu kemawon. Kadospundi Pak Bango? Punapa panjenengan nyagahi?
Inggih pun mangsa borong. Kula ndherek kemawon.
Pak Bulus karo Bu Bulus banjur nyakot kayu sing wis dicawisake Pak Bango. Pak Bango lan Bu
Bango nyokot kayu kuwi ing kiwa tengene. Banjur mabur tumuju ing talaga Manasasara.
Kocap, nalika teka ana dhuwure alas Dhandhaka, ana macan lanang wadon sing lagi keluwen

jalaran durung mangan pirang-pirang dina. Nalika weruh ana bango sing lagi mabur nggawa bulus,
banjur tuwuh ada-ada ing ciptane.
Bu-ne! Kae tontonen ana kewan sing bodhone ora karuwan. pambengoke macan lanang.
Priye ta pak-ne? macan wadon metu saka kandhange.
Kae delengen. Ana kewan sing bodho banget. Lha wong digawa mabur karo bango arep dipakakke
anakke kok gelem tur manut wae.
O iya pak-ne. Layak pak-ne. Lha wong bulus. Ya pancen bodho tur gampang diapusi. guneme
macan wadon karo semu bengok ben bisa dirungokke bulus ing awang-awang.
Kaya disebit kupinge bulus nalika krungu dheweke dibodho-bodhokake karo macan sing neng
ngisore. Kemropok atine. Saliyane iku, bulus sakloron uga dadi nduweni rasa sujana marang bango.
Gek mengko omongane macan bener. Dheweke arep dipakakake kanggo anakke si bango.
Sanalika bulus lali marang kasaguhane sing ora bakal guneman apa-apa yen krungu apa-apa. Bulus
sakloron dumadakan misuhi bango sakloron. Pranyata bulus bisa kabujuk dening macan lanang lan
wadon.
Tanpa nganggo suwe, marga cangkeme bulus menga kanggo misuhi bango, mula bulus sanalika
ucul saka kayu sing dadi cekelane. Bulus sakloron tiba kleyang-kleyang mangisor. Banjur dadi
mangsane macan lanang lan wadon.
Wadhuh. Priye ta Pak Bulus lan Bu Bulus iki. Dipenging aja ngomong apa-apa kok malah
dilanggar. Ya wis. Pancen nasibmu dadi mangsane si macan.
Iya pak-ne. Ayo bacutna lakune awake dhewe wae.
Mangkana apa kang dadi kandhaning carita ing donyane para sato kewan.
saking : http://sabuk_inten.blog.uns.ac.id/2011/04/12/bulus-lan-bango/

Você também pode gostar