Você está na página 1de 3

Lestarine Lingkungan, Lestarine Banyu Mangsa ketiga dawa akeh wong kangelan

golet banyu. Apamaning neng panggonan sing pancen dhasare angel banyune.
Mangsa ketiga dawa nyebabna kali, sumur, belik utawa tuk padha sat. Kanggone
masrakat sing pedinane goli nganggo banyu ngendelna maring sumur utawane
belik banget rekasane merga banyu pancen dadi plekara sing wigati tumrape
wong urip. Ora mung kuwe, mangsa ketiga uga akeh pelanggan banyu ledheng
padha ngangluh jere miline angger wengi thok. Wis kaya kuwe banyune uga ithirithir. Jaman gemiyen senajan mangsa ketiga ora patiya kangelan golet banyu.
Apamaning angger ketigane ora suwe. Ya ana, ning mung nggon-nggonan, kena
deetung. Neng mangsa rendheg banyu uga dadi plekara wigati. Tekane mangsa
udan jaman siki cokan dadi mala. Akehe banyu kejaba marekena blabur uga bisa
dadi jalaran gugure lemah sing cokan nggawa kurban. Mangsa ketiga utawa
mangsa rendheng kanggone kaum tani neng jaman siki padha-padha bisa dadi
jalaran rusake tanduran. Angger neng mangsa ketiga tandurane garing, parine
puso merga kurangen banyu. Lah angger mangsa rendheng tandurane bosok
merga keblaburen. Banyu kejaba bisa dadi berkah, manpangati tumrap
menungsa uga bisa dadi mala sing ngrugekna penguripan. Pitakonane;
kenangapa banyu sing kudune dadi berkah malah dadi mala? Unen-unen angger
mangsa ketiga ora bisa cewok, mangsa rendheng ora bisa ndhodhok bisa
kedadeyan neng ngendi bae. Neng kota sing jaman ganu ora tau kenang blabur,
neng jaman siki udan sekrayakan paribasane bisa njalari sedawane dalan kebek
banyu. Banyu pancen banget wigatine tumrape menungsa. Neng sejarah uga
kecrita akeh peradaban manungsa sing lestari ngetutna sumbere lan iline banyu.
Bangsa Mesopotamia sing ketelah dadi pembukane peradaban modern uga
manggon neng antarane kali Tigris lan Euphrates. Mesopotamia miturut
etimologi asale sekang tembung Mesos sing artine tengah lan Potamos sing
artine kali. Anane kali Euphrates sing dawane 2.815 km lan kali Tigris sing

dawane 2.045 km dadi piyandel sing utama tumrap ngrembakane bangsa


Mesopotamia. Dhaerahe nggo tetanen sing banget subure, tlatahe antarane Laut
Tengah nganti butul Teluk Persia. Kewentar dearani daerah subur bulan sabit
utawa neng basa inggrise dearani the fertile crescent, merga dhaerah kuwe
wujude kaya wulan tanggal enom. Peradaban bangsa Mesir Kuna uga gemantung
maring kali Nil. Bangsa India banget goli ngendelna maring kali Gangga. Umat
Hindu sing ana neng India nganti nganggep kali Gangga dadi panggonan suci
sing kramat. Banyune kali Gangga deanggep bisa nggo ngumbah dosa-dosane
menungsa. Peradaban bangsa Tiongkok utawa Cina uga thukul sekang pinggir
kali sing dearani kali Yang Tse Kiang lan kali Hoangho. Semana uga akeh pusat
pemrentahan jaman kerajaan neng Nusantara sing madege milih neng pinggir
kali utawane segara. Nah, jaman siki banyu sing maune dadi piyandel kemajuane
peradaban wis owah merga lakune menungsa. Banyu sing ana sajrone bumi
pancen bisa uga enteke esih ewonan utawa jutaan taun maning. Ning babagan
lahan pertanian sing kurangen banyu, kurange banyu sing bresih lan sehat siki
wis derasakena. Saben-saben mangsa ketiga teka akeh dhaerah metu werta
kurangen banyu. Kaum tani rebutan banyu nggo ngileni sawah, malah-malah
bisa ana kedadeyan wong tani dadi congkrah merga rebutan banyu ngieni
tanduran. Wong tani gedhe banget pengarep-arepe maring pemrentah gageyan
mbrantas pleraka kurange banyu. Semana uga sing neng kota, angger teka
mangsan terang dawa krasa pisan rekasane. Banyu resik sing nggo nyukupi
kebutuhan pedinan sing ngendelna PDAM sengasaya ngithir cilik iline. Padahal
angger wong kota akeh-akehe wis ora padha ngingu sumur. Tuku banyu ideran
kejaba madan larang uga kewatir mbokan banyune goli ngangsu sekang kali sing
wis kenang cemar limbah. Sarwa-sarwine angger mangsan terang dawa
kangelan babagan banyu resik ora nang kota ora ndesa. Bagen banyu resik sing
dewatesi, cemare banyu sajrone bumi, sengsaya sudane sumber-sumber banyu

dadi sebab gari kurange banyu resik. Tekan mangsane mengko temen-temen ana
kedadeyan banyu dadi barang sing banget larang regane. Sing njalari owahe
banyu sekang gawe manpangat dadi bebaya kuwe merga lakune menungsa
dhewek. Kejaba masalah jumlah menungsane sing terus tambah akeh sudane
banyu resik uga merga rusake lingkungan. Abrasi kisik njalari mrembese banyu
segara maring daratan. Kiye dadi sebab banyu sing neng njero lemah
terkontaminasi. Goli padha ator wit-witan gedhe, nggugrugi gunung sing cokan
sekarepe dhewek uga dadi sebab ilange banyu. Goli padha mbuwang runtah lan
mbuwang limbah pabrik maring kali uga njalari banyu dadi kotor lan mbebayani
angger dekonsumsi. Miturut lembaga Wold Water Assesment Programe (WWAP),
taun 2025 sepertelon penduduk bumi bakale manggon neng tlatah sing
kurangen banyu. Merga krisis banyu sing nemen pisan dadi jalaran thukule
pirang-pirang prenyakit. Merga krisis banyu sing parah bakale akeh negara
penduduke padha kencoten. Saking rumite babagan banyu akeh sing
ngomongna mengko ana titimangsane akeh wong padha congkrah, malahane
perang mung rebutan banyu kaya siki padha perang rebutan sumber energi
minyak utawa gas bumi. Inyong rika padha siki wis mangsane kudu mikirna,
ngada-ada, ngupayani kepriwe carane ora kentekan sumber banyu utamane
banyu resik. Mayuh padha molahi seneng nandur wit-witan lan mandheg goli
ngguguri gunung. Mbuwang runtah neng kali, laku boros banyu uga kudu
delereni. Nganggo banyu secukupe. Lestarine lingkungan, lestarine banyu.

Disalin dari : http://burung-net.blogspot.com/2014/11/contoh-artikel-bahasajawa-tentang-lingkungan.html


Hargai penulis, jangan hapus sumber ini.

Você também pode gostar