Você está na página 1de 9

Kajian Isi ing Salebeting Serat Wulangreh Pupuh Gambuh Kangge

Pambentukan Budi Pekerti


Shintya Yuli Ratna Sari
FKIP Universitas Sebelas Maret Surakarta
e-mail: shintyaratnasari@gmail.com
Sari Pathi: Panaliten menika anggadhahi ancas kangge nganalisis isi ing
salabeting Serat Wulangreh pupuh Gambuh kangge pambetukan budi pekerti.
Sekar Gambuh punika ngemot babagan larangan marang manungsa ampun
ngantos angadhahi watak adigang adiung adiguna. Pupuhh Gambuh minangka
pupuh kaping tiga saking sedayanipun pupuh ingkang wonten salabething Serat
Wulangreh. Cacahe pupuh wonten 17 pada. Sekar gambuh menika angadhahi
kathah sanget kawigatosipun kaliyan piwucalan basa jawa supados sedanten
kemawon saget angadhahi budi pekerti ingkng sae.
A. PURWAKA
Karya sastra anggadhahi kalih aspek ingkang wigati, inggih menika isi
lan awujudipun babagan pengalaman pagesangan tiyang, kajawi awujudipun
inggih menikaa babaagan babagan cara ngandharaken (Semi, 1988:10). Miturut
Ali Imron (2010:1) karya sastra inggih menika jagad imajinatif ingkang kasil
kreasi

saking

pengarang

sesampunipun

mangertosi

babagan

sosial

pagesanganipun.
Sekar Gambuh punika ngemot babagan larangan marang manungsa ampun
ngantos angadhahi watak adigang adiung adiguna. Pupuh Gambuh minangka
pupuh kaping tiga saking sedayanipun pupuh ingkang wonten salabething Serat
Wulangreh. Cacahe pupuh wonten 17 pada. Sekar gambuh menika angadhahi
kathah sanget kawigatosipun kaliyan piwucalan basa jawa supados sedanten
kemawon saget angadhahi budi pekerti ingkng sae.
Serat Wulangreh menika anggitane Paku Buwana IV saking Kraton
Surakarta Hadiningrat. Panjenengane ngangit serat piwulang Wulangreh menika
kanthi ancas paring piwulang marang tiyang enem utawi tiyang sepuh. Anggone

paring piwulang marang manungsa kaandharaken lumantar Serat Wulangreh.


Serat Wulangreh kaanggit kang kasebat, dipun wujudake ing tembang jawa yaiku
pupuh Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur, Maskumambang, Megatruh,
Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradana, Sinom lan Girisa.
Tembang ing Serat Wulangreh kasebat cacahe kiraang langkungipun
wonten 283 pada. Pada tembang kasebut karinci kadosta wolu pada sekar
dhandhanggula, nembelas pada sekar kinanthi, pitulas pada sekar gambuh, utigang
dasa sekawan sekar maskumambang, pitulas pada sekar megatruh, kalihwelas
pada sekar durma, pitulikur pada sekar wirangrong, tiga likur pada sekar pocung,
nem likur pada sekar mijil, wolu likur sekar asmarandana, tigang dasa tiga sekar
sinom, selangkung sekar girisa ( Priyantono, 2014:22).
B. METODE PANALITEN
Metode panaliten menika ngginakaken metode deskriptif kualitatif
minangka

metode

content

analysis

data

utawi

analisis

isi

(Nina

Yuliawati,2012;105). Wonten salabeting panaliten menika sedaya pupuh Gambuh


ingkang wonten salabeting Serat Wulangreh dipun- analisis. Sumber data ingkang
dipun ginakaken wonten panaliten menika awajud Serat Wulangreh.
Tembang ing Serat Wulangreh kasebat cacahe kiraang langkungipun
wonten 283 pada. Pada tembang kasebut karinci kadosta wolu pada sekar
dhandhanggula, nembelas pada sekar kinanthi, pitulas pada sekar gambuh, utigang
dasa sekawan sekar maskumambang, pitulas pada sekar megatruh, kalihwelas
pada sekar durma, pitulikur pada sekar wirangrong, tiga likur pada sekar pocung,
nem likur pada sekar mijil, wolu likur sekar asmarandana, tigang dasa tiga sekar
sinom, selangkung sekar girisa ( Priyantono, 2014:22)
C. Hasil Panaliten lan Pembahasan
1.

Pada 1
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula tula katali
Kadaluwarsa katutuh
Kapatuh pan dadi awon

Maknanipun pada setunggal

menika tindak tanduk

ingkang boten purun mirengaken pituturipun tiyang sanes, tindak


tanduk ingkang boten becik kaemot wonten salebeting sekar
gambuh punika. Tindak tanduk ala ingkang boten wonten
rampungipun lan boten wonten kendhaline bakal
2.

ala asile lan

ngrugekake manungsa piyambak.


Pada 2
Aja nganti kebanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupaya iku
Pitutur ingkang sayektos
Maknanipun pada kalih inggih menika ampun ngantos
manungsa iku nglampahi samubarang ingkang boten jujur, menawi

3.

sampun kasep utawi kebanjur bakal damel cilaka.


Pada 3
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Iku pantes sira anggo
Maknanipun inggih menika piwulangan ingkang leres
menika wajib dipun tiru, senadyan piwulangan menika asalipun
saking tiyang pidak padarakan, nanging menawi piwulang menika

4.

becik, patut dipun tiru.


Pada 4
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh
Maknanipun pada sekawan inggih menika wonten pribasan
ingkang unine adigang aadigung adiguna. Adigang utawi kekuatan
dilambangaken

kewan

kidang,

adigung

utawi

kaluhuran

dilambangaken kewan gajah ingkang ageng. Adiguna utawi


mupangat utawi kagunaan dilambangaken kewan ula. Nanging telu
5.

telune mati sesarengan.


Pada 5
Si kidang ambekgipun
Ngendelaken kebat lumpatipun

Pan si gajah ngendelaken ageng ingil


Ula ngendelaken iku
Mandine kalawan nyakot
Pada gangsal menika anggadhahi makna kidang minangka
kewan ingkang banter playune, gajah menika angkuh amargi
gadhah awak ingkang ageng lan dhuwur, ula angkuh amargi upase
6.

utawi racun menawi nyakot


Pada 6
Iku umpamanipun
Aja ngendelaken sira iku
Suteng nyata iya sapa kumawani
Iku ambege adigung
Ing wasana dadi asor
Pada ingkang woten ing ingil mnika anggadhahi makna
sedaya menika namung unen unen. Aja angkuh lan congkak
amargi saking trah raja utawi bangsawan. Gadhah panganggepan
boten wonten tiyang sanes ingkang wantun kalih piyambake. Iku
kabeh tingkah laku utawi sombong. Kadosta mangkana bakal

7.

ngasorake derajatipun piyambak.


Pada 7
Adiguna puniku
Ngendelaken kepinteranipun
Saubarang kapisan dipun dheweki
Sapa bisa kaya ingsun
Togging prana nora enjoh
Maknanipun sekar gambuh pada pitu inggih menika watak
adiiguna menika tiyang ingkang sombong utawi congkak amarga
kapinterane, sedaya kapinteran ingkang wonten punika, rumangsa
gadhaipun piyambak. Sedaya tiyang dipun anggep boten saget
punapa punapa. Ing wengka wusanane dheweke malah b oten

8.

saget punapa punapa utawi ketingal bodhone.


Pada 8
Ambeg adigang iku
Angungasken ing kasuranipun
Para tantang candala anyenyampahi
Tinemenan nora pecus
Satemah dadi geguyon
Maknanipun inggih menika watak adiang yaiku watak
ingkang ngedelake kekuatane. Sedaya tiyang dipuun tantang lan

dijak gelutan. Nanging menawa tiyang ingkang ditantang wantun,


piyambake malah ajrih piyambak. Sedaya menika dados guyon
9.

ingkang boten lucu.


Pada 9
Ing wong urip puniku
Aja nganggo ambeg kang tetelu
Anganggowa rereh ririh ati ati
Den kawangwang barang laku
Den waskita solahing wong
Pada menika angadhahi makna tiyang gesang menika
ampun ngantos nglampahi barang tetelu wau ( adigang, adigung,
adiguna). Gadhah watak ingkang sabar lan ngati ati. Sedaya
tindak tanduk dikendhaleni, tingkah laku tiyang sanes ingkang

becik punika patut dipun tiru ingkang ala dipun singkiraken.


10. Pada 10
Dene tetelu iku
si kidang suka ing patinipun
pan si gajah lena ing patinireki
sing ula ing patinipun
ngendelken upase mandos
Maknanipun inggih punika saking tuladha kewan tiga wau,
kidang mati amarga kasenengane, gajah mati amargi lena, ula mati
amargi upasipun telas.
11. Pada 11
Tetelu nora patut
Yen tiniru mapan dadi luput
Titikane wong anom kurang wewedi
Bungh akeh wong kang gunggung
Wekaasane kajalomprong
Maaknanipun pada 11 saking tuladha telu mau sedayaa
boten pantess dipun tiru. Sedaya tuladha mau menawi dipun tiru
malah dados luput. Tiyang nem titikane yaiku seneng yen dipun
gunggung utawi dipun alem dening liyan. Nanging kabeh iku
wusana bakal jlontrongake awake piyambak.
12. Pada 12
Yen wong anom puniku
Kakehan pangungung dadi kumprung
Datan bingung wekasane pan angoling
Yen dinuggung muncu muncu
Kaya udun meh mencotot

Pada wonten ing ingil punikaa anggadhahi makna menawi


tiyang enem punika badhe dipun alem, wekasane dados tiyang
ingkang bodho, budek, lan bingung, wusana gampil dipun apusi,
yen digungung kanthi muncu muncu, kaya dene wudun kang
arep bledos.
13. Pada 13
Dene kang padha gungung
Pan sepele pamprihipun
Mung warege waduk kalimis ing lathi
Lan telese gondhangipun
Reruba alaning uwong
Maknanipun pada won ten ing inggil ingih punika tiyang
ingkang remen ngalem wau, namung prasaja panyuwunane, yaiku
wareg madarane, tansah teles tutuk lan gorokane. Sedaya wau
kalaksanan kanthi n yatur ala nipun tiyang sanes.
14. Pada 14
Amrih pareke iku
Yen wus kanggep nuli gawe umuk
Pan wong akeh sayektine podho wedi
Tan wurung tanpa pisusung
Adol sanggup sakehing wong
Maknanipun pada sekawan welas inggih punika amrih
celak pejabat, sedya samubarang ala dipun lampahi. Menawi
sampun pikanthuk niyat banjur damel ontran ontran utawi pokal
supados tiyang sanes ajrih. Kathi mangkana piyambake nampi
bebana utawi

pikanthuk hadiah saking sadean kapinteranipun

tiyang sanes.

15. Pada 15
Yen wong maangkana iku
Nora pantes cedhak lan wong agung
Nora wurung anuntun panggawe juti
Nanging ana pantesipun
Wong mangkana dideplok
Pada wonten ing ingil punika anggadhahi makna tiyang
ingkang kalakuane kaya mangkana boten pantes nyeraki pejabat
amaargi saget nuwuhake tindak tanduk ingkang ala. Tiyang

ingkang kaya mengkana pantesipun dipun deplok supados musna


saking bumi niki.
16. Pada 16
Aja kakehan sanggup
Durung weruh tutre agupruk
Tutur nempil pangangepe weruh pribadi
Pangrasane keh kang gungung
Kang wus weruh amalengos
Maknanipun ampun kagengang rumaos, rumaose ngertos
sedantenipun. Dereng mirsani piyambak sampun kathah pitutur
kadosta mangertosi kahananen ingkang salerese. Tiyang ingkang
sami kados menika dikira wonten ingkang ngalem. Tiyng ingkang
mangertosi kalakuane bakal mlengos saking piyambake
17. Pada 17
Aja ngango sirku
Kalakuan kang mangkana iku
Nora wurung cinerengan den titeni
Mring pawong sanak sadulur
Nora ana kng pitados
Ingkang pada 17 menika anggadhahi makna ampun
anggadhahi tumindhak lan tindak tanduk kados menika, sanak
sadulur bakal niteni tumindhak wau, wusana boten percaados
malih kalih sliramu.
D. DUDUTAN
Serat Wulangreh menika anggitane Paku Buwana IV saking Kraton
Surakarta Hadiningrat. Serat Wulangreh kaanggit kang kasebat, dipun wujudake
ing tembang jawa yaiku pupuh Dhandhanggula, Kinanthi, Gambuh, Pangkur,
Maskumambang, Megatruh, Durma, Wirangrong, Pocung, Mijil, Asmaradana,
Sinom.
Tembang ing Serat Wulangreh kasebat cacahe kirang langkungipun
wonten 283 pada. Pada tembang kasebut karinci kadosta wolu pada sekar
dhandhanggula, nembelas pada sekar kinanthi, pitulas pada sekar gambuh, utigang
dasa sekawan sekar maskumambang, pitulas pada sekar megatruh, kalihwelas
pada sekar durma, pitulikur pada sekar wirangrong, tiga likur pada sekar pocung,

nem likur pada sekar mijil, wolu likur sekar asmarandana, tigang dasa tiga sekar
sinom, selangkung sekar girisa.
Isi saking tembang Gambuh inggih menika ngemot pepeling marang
sedaya tiyang ingkang taksih gesang wonten ala donya. Tiyang gesang menika
ampun ngantos nglampahi tumindhak ingkang wonten salabeting tembang
Gambuh menika. Tumindhak menika damel rugi kita piyambak, wasana sinten
ingkang nandur bakal ngunduh.

KAPUSTAKAN
Sawukir, Priyantono. (2014). Marsudi Basa lan Sastra Jawa. Jakarta: Erlangga.
Yuliawati, Nina, Waluyo, Mujiyanto, Y. (2012). Analisis Stilistika dan Nilai
Pendidikan Novel Bumi Cinta Karya Habiburahman El Shirazy.
Basastra: Jurnal Penelitian Bahasa, Sastra Indonesia, dan Pengajaran, 1
(1) 105-119.
Semi, Atar. (1998). Anatomi Sastra. Padang: Angkasa Raya Padang.
Al- Maruf, Ali Imron. (2010). Kajian Stilistika Perspektif Kritik Hoistik.
Surakata: UNS Press.

Você também pode gostar