Você está na página 1de 9

ARTIKEL

BAHASA JAWA

DISUSUN OLEH :
1.ALIF JULIS SOFIANA
2.AGUNG PANGESTU
3.VERA NANDA .P
4.RIKI REVANDI
5.ABU HANIFAH
KELAS X TKJ

SMK MAARIF NU MANTUP


TAHUN PELAJARAN 2014/2015

KETHOPRAK
Wonten ing tanah Jawi kathah kita panggihi asli kabudayan ingkang
maneka warni. Paramila saged kawastanan bilih tiyang Jawi punika sugih kabudayan,
inggih saking basa, kasenian, teknologi, lan sapanungalanipun. Asil-asil kabudayan
kala wau taksih kasimpen ing tanah Jawi lan wewengkon sanesipun sae awujud
seratan, barang-barang, wewangunan, punapa dene ingkang boten saged kita tingali
nanging saged kita raosaken ingggih punika morma-norma utawi nilai-nilai ingkang
dipunwarisaken deninmg pada leluhur. Saking asil-asil kabudayan kala wau saged
kita mangertosi kados pundi gesangipun tiyang Jawi ugi watakipun.
Asil kabudayan ingkang awujud kasenian tiyang Jawi punika kathah
sanget. Asil budaya kasenian wonten ingkang arupi seni suwanten (tuladhanipun
karawitan, tembang, lsp.), seni drama utawi sandiwara tradhisisonal (tuladhanipun
ringgit, kethoprak, sandiwara radhio basa Jawi, lsp.), seni gerak (beksan), seni ukir,
lsp. Nagging kairing lampahipun wekdal saha majenging teknologi, sadaya kasenian
kala wau dangu-dangu kageser saking manahipun tiyang Jawi piyambak. Tiyang Jawi
sapunika langkung remen dhumateng tayangan ingkang ngandhut budaya saking
manca ingkang gampil dipunpanggihi wonten ing radhio, TV, punapa dene medhia
sanesipun. Ewah-ewahan kados punika tamtu ugi njalari ewah-ewahan ing manah ugi
penggalihipun tiyang Jawi, langkung-langkung generasi enemipun. Ringkesipun,
sapunika tiyang Jawi samsaya luntur kejawenipun, langkung remen nuladha budaya
manca.
Salah satunggalipun kasenian ingkang suda pamiyarsanipun inggih
punika kethoprak. Kethoprak inggih punika kasenian rakyat tiyang Jawi awujud
sandiwara utawi drama tradhisional ngginakaken basa Jawi, lan nyariyosaken cariyos
rakyat tiyang Jawi utawi sanesipun. Kethoprak punika saged kita semerepi wonten
Jawi Tengah, Ngayogyakarta, tuwin Jawi Wetan. Ing Jawi Tengah lan Ngayogyakarta,
kethoprak sampun nyawiji dados budaya masyarakat. Kethoprak ngantos saged
ngasoraken kasenian sanesipun tuwin dipunremeni dening sedaya lapisan masyarakat
ing jaman semanten.
Kethoprak punika ngandhut piwulang ingkang dipunbabar kanthi sarana
pralambang. Dene piwulang wonten ing kethoprak sipatipun boten ngguroni.
Piwulang punika salah satunggalipun inggih sarana basanipun. Ing kethoprak, saged
kita tingali bedanipun panginanipun tembung-tembung tuwin ukara-ukara ingkang
katumrapaken bocah, tiyang enem, saha tiyang ingkang langkung sepuh utawi
ingkang langkung inggil drajadipun. Ingkang kados punika ageng sanget ginanipun
tumrapipun warga bebrayan Jawi, awit wekdal-wekdal pungkasan punika saperangan

ageng warga bebrayan Jawi sampun awis ingkang mangertosi undha usukipunbasa
Jawi. Langkung wigatos malih awit undha usuking basa Jawi punika bakalipun
nganthi dhateng suba sita, tata karma saha budi pekerti. Nanging kados kasenian
tradhisional sanesipun, kethoprak ugi sampun kageser ing manahipun para
sutresnanipun kaliyan tayangan-tayangan ingkang ngandhut budaya manca.

BLANGKON
Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagaw saka bahan kain
bathik utawa lurik. Blangkon sejatin wujud modhrn lan praktis saka iket. Ing
busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan
karo busana beskap. (miturut Wikipedia)
Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul
uwes mulai ilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya
warga jawa iki, mulai kegiles karo topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi.
Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:
Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis
blangkon antara liya:
1.

Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trps).

2.

Blangkon Yogya, nganggo mondholan.

3.

Blangkon Kedhu.

4.

Blangkon Banyumas.

5.

Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.

Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburin blangkon, makili modhl
rambut priya sing kerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhl trps, iku wujud
sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya
Yogyakarta, amarga akh-akh priya saiki arambut cendhak. Modhl trps iki
digaw kanthi njait langsung mondholan ing bagan mburi blangkon. Saliyan saka
suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakak panutup sirah sajinis blangkon
nanging bda wujud, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan
sapanunggalan. (Wikipedia)
Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke
tambah katrok, cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek awake dewe
nganggo. Podo wae wes melu nglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng
jenenge wong jowo ilang jawane.
Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben
minggune. Umpamane dino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu bocahbocah seklah do nganggo blangkon seko SD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para
pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane.
Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung
diweruhi wong Yogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional. Dadine
ora mung dingo warga Indonesia ningo warga mancanegara

WAYANG KULIT

Pagelaran wayang kulit dimainak dhalang kondhang ing Indonesia, Ki Manteb


Sudharsono. Lakon Gathotkaca Winisuda.
Wayang Kulit iku salah sawijining pagelaran wayang ingkang mbabarak lakon
mahabharata utawa ramayana sing wayang digaw saka kulit. Jinising wayang iki
kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digaw saka kulit kang ditatah lan
dintha kaya dn manungsa. Umum wayang kulit nglakonak lakon Wayang
Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita
agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan manka warna crita liyan.
Wayang kulit dilakokak ing layar putih kang sinebut kelir. Dn wayang-wayang
kuwi ditancepak ing debog ana ing sisih tengen lan kiwan dhalang. Gamelan kang
ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni dning
UNESCO ing tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan kang di pni ing
babagan crita dongng lan warisan kang berharga banget (Masterpiece of Oral and
Intangible Heritage of Humanity). Suwalik, UNESCO nyuwun supaya Indonesia
njaga (preserve) warisan kuwi.[1]

WAYANG KLITHIK

Wayang Klitik sinebut uga Wayang Krucil[1] yaiku wayang kang digaw saka kayu,
kang wujud padha karo wayang kulit.[2] Wayang iki nduweni ciri khas yaiku yn ta
ditanggap ora nganggo gedhebog tancepat nanging nganggo kayu kang wis
dibolong-bolongi.[2] Crita kang kerep ditanggapk yaiku nyaritakak Damarwulan lan
Majapait.[2]
Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit
nanging digawe seka kayu. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit.
Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu
kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis arang digelar.

WAYANG GOLEK

Wayang Golk Wayang Golk uga akh wong sing arani wayang tengul.[2] Wayang iki
digaw saka kayu lan diklabni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka
Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp.
[2]

Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongng ngara Arab.[2] Yn pntas kang

dadi ciri khas wayang golk yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang
kulit.[2]

WAYANG BBR

Wayang bbr yaku wayang kang digaw saka kain utawa kulit lembu kang awujud
bbran (lembaran).[1] Wayang Bbr yaiku mori digambari wayang dipitontonak
sarana dibbr banjur dicritakak.[2] Saben bbran kuwi nggambarak sakadegan
crita. Yen wis rampung dilakonk, bbrane digulung manh.[1] Wayang iki digaw
jaman krajaan Majapait.[1] Wayang iki asal saka Pacitan lan Gunung Kidul.[3]
Wayang iki digaw kanthi kuwat ing bab rong dimensin kanthi seni lukis ing kanvas.
[3]

Wong-wong kang nglstarkak wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gaw wayang

bbr kang narasin paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur
wayang kang corak dkoratif lan ornamntik, Agus Nuryanto gaw wayang bbr
kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka ralitas urip manungsa ing
saben dinan.[3] Para pesungging wayang bbr kang saka Sragn kecamatan Tanon
iki tetep njaga khas wayang saka tinggalan krajan Majapait kang critan Panji
Asmara Bagun lan Galuh Skar Taji.[4] Regan wayang antaran 200 wu nganti 200
yuta rupiyah.[4] Yn pasaran wis ram mung isih ana alangan kang banget wigatin
yaiku hak cipta kang durung duw.[4] Dhalang wayang iki anataran Ki Narmanto
Hadi Kusumo saka dhusun Gelaran, Dsa Bejiharjo.[5] Wayang bbr iki saka kulit
kayu mlinjo kang digulung dadi papat.[5] Wektu tanggapan mung sakjam telungpuluh
menit.[5] Ditanggap rolas wong wis klebu dhalang lan paragan.[5] lakon kayata Ki
Rmng Mangunjoyo.[5]

WAYANG WONG

Pandawa lan Kresna ing satunggaling adegan pagelaran wayang wong.


Wayang wong utawi Wayang uwong menika salah satunggalipun jenis teater
tradhisional Jawa.

[1]

Wayang Wong menika gabungan antawisipun seni drama

ingkang ngrembaka ing negeri kilen (Eropa) kaliyan seni pagelaran wayang ingkang
ngrembaka ing pulo Jawa. [1] Lakon wayang ingkang dipungelar menika saking critacrita wayang purwa.

[1]

Wayang uwong utaminipun ngrembaka ing kraton lan

golongan priyayi utawi bangsawan. [1]

Você também pode gostar