Você está na página 1de 3

Ora kena diselaki lan dipungkiri, yen urip ing masa-masa remaja iku, masa sing paling endah.

Masa sing paling nengsemake. Ing masa iku, akeh banget pengalaman-pengalaman manis apa
pait. Pedhes, adin apa kecut. Kabeh tumpleg bleg minangka kenangan lan memori sing ora bakal
bisa dibaleni maneh. Saupama donya iki bisa digulung, bali kaya dhek jaman biyen, akeh uwong
sing padha pingin ndhaftar bali ing masa remaja.

Sanajan ta, ing masa remaja iku luwih akeh senenge tinimbang susahe, miturut penemune akeh-
akehe remaja. Ananging, tetep wae ana tuna lan bathine. Tuna lan bathi ing kene sing dadi
ukuran pengalaman manise utawa pengalaman paite. Kasebut pengalaman manis apa pait wae
isih klebu “relatif”. Gumantung anggone remaja iku maknani pengalamane dhewe-dhewe.
Contohne; nalika remaja isih sekolah, nate di”setrap” utawa diukum bapak/ibu gurune ing ngarep
kelas. Bisa wae, saweneh remaja nganggep iku minangka pengalaman pit lan ngisin-isini.
Suwalike, ana saweneh remaja nganggep iku pengalaman manis.

Ngrembug polah tingkahe remaja pancen ora ana enteke. Tansah narik kawigaten tumrap sapa
wae. Geneya akeh sing padha ketarik. Diakoni apa ora, usia remaja iku klebu usia “gawat”.
Gawat ing kene, amarga ya ing umur kasebut bisa ditemtokake masa dhepane. Apa maneh
jiwane sing isih labil iku, angel banget anggone ngendhaleni. Akeh uwong tuwa dalah pinisepuh
digawe mumet sirahe, amarga tingkah lakune, sing kadhang seneng nyrempet bahaya. Malah
kadhang kala sok wani nabrak bahaya.

Remaja lan silah bawane sing negatip utawa sing positip pancen wis dadi jodhone. Wis jamak
lumrah, yen remaja iku seneng tumindak sing maneka warna. Senajana katone tumindak ala, ing
tembe, ya remaja iku dhewe sing bakal bisa mbiji. Pengalamane iku klebu elek utawa apik. Pait
utawa manis. Nguntungake apa ngrugekake, lsp.

Yen ngrembug pengalaman iku manis utawa pit, pancen relatip. Sing pait bisa wae kanyatane
dadi manis, semono uga pengalaman manis bisa dadi malah pait. Pengalaman-pengalaman iku
bisa dirasakake mengko sawise remaja ngancik umur dhiwasa lan dadu wong tuwa. Ing umur
kasebut bisa ngukur, endi pengalaman sing bisa dijupuk kauntungane lan manfaate. Uga
pengalaman kang dianggep negatip, bisa kanggo kaca benggala nalika putrane wis ngancik umur
remaja. Saingga yen mengko putrane uga tumindak “nyrempet bahaya”, bisa njupuk hikmahe
kanthi cara sing wicaksana.

Tuna Bathine Masa Remaja 1


Akeh patuladhan sing kena kanggo kaca benggala. Upamane; akeh para remaja sing nggunakake
wektune kanggo seneng-seneng, hura-hura, pacaran gonta-ganti pasangan, inum-inuman keras,
lan isih akeh kenakalan-kenakalan liyane. Sawetara iku uga akeh remaja sing gur anteng-anteng
wae. Biyasa wae anggone ngentekake umure ing masa remaja. Ora neka-neka, ora hura-hura, apa
meneh nganti tekan mabuk-mabukan. Malah, uga akeh sing ora sempet mikir kanggo hura-hura
apa seneng-seneng. Amarga nasibe kurang apik, kudu urip dhewe. Masa remaja dientekake
kanggo ngupiya golek dhuwit. Nyambut gawe apa wae, kanggo mbantu ekonomine wong tuwa,
lsp.

Patuladhan ing dhuwur ngandhut rong jinis kagiyatan remaja. Sepisan, ngandhut kegiyatan sing
asipat negatip. Kaloro, ngandhut kagiyatan remaja sing asipat positip. Kalorone satemene ora ana
sing perlu kanggo udreg. Ora perlu dienggo dhebat kusir. Ya mung wae, pancen ana sing
nganggep bathi lan tunane, untung lan rugine. Kaloro pancen ana kasunyatane. Nanging, kabeh
mau gumantung para remaja iku dhewe anggone maknani sakabehing lelakon kang wis dilakoni.
Dianggep nguntungake apa ngrugekake.

Kabeh dipetung untung apa rugi, mengko yen wis diwasa lan peputra bisa ngrasakake. Contone;
nalika putrane kadenangan ajar ngrokok, nyolong pelem, melu tawuran pelajar, pacaran/hura-
hura, lsp. Terus apa sing bisa ditindakake? Umume wong tuwa bakal bisa tumindak kanthi
wicaksana. Ora waton nesu, amarga dheweke nalikane isih enom biyen uga nate ngalami
“kenakalan” kasebut. La yen jaman enome biyen ora nate ngalami “kenakalan” kasebut piye?
Apa uga kasebut kerugiyan?

Sepisan meneh, wangsulane relatip . Gumantung pikirane dhewe-dhewe. Dianggep utawa


rumangsa rugi apa untung, tuna apa bathi, kenangan manis apa pait, magga kersa para remaja.
Sing luwih penting, masa remaja iku dilakoni wae kanthi wajar. Dilakoni saapik-apike lan
saendah-endahe, asal wae ora nerak etikane pasrawungan. Ora nerak larangane agama lan
Negara. Sing penting tetep aktip, kreatip lan positip.

Sumangga!

Tuna Bathine Masa Remaja 2


TUNA BATHINE MASA REMAJA

Dening:
Aisyah Durrotussa’adah (04/XI IPA 5)

SEKOLAH MENENGAH ATAS NEGERI 1


BANTUL YOGYAKARTA
2010/2011

Tuna Bathine Masa Remaja 3

Você também pode gostar