Você está na página 1de 6

Tugas Drama

Pelajaran Bahasa Jawa

Disusun Oleh:

Nama : - Heru Mustofa ( 15 )


- Indra Setiawan( 16 )
- Jihad Abdikal ( 17 )
- Kasih Anggara ( 18 )
- Mohamad Farhan ( 20 )
- Mohamad Zam-zam . N.A( 21 )

Kelas : 3 TMP 2

Tema : Pemilu
Esuk umun-umun Farhan lan Heru lagi rebut eyel-eyelan sak karepe
dhewe,kmrutuk kaya alang-alang diobong.

Heru : Han, saiki partai iku akeh banget yo?


aku dadi bingung milihe..........
Farhan : Ah biasa wae standard.
Koe wae seng ndeso ora tau weruh partai seng akeh.
Heru : Standardmu gedhi!!!!
Lha opo kowe ora ndelok neng ndalan akeh bendera
partai seng dipajang?
Farhan: : Lho?????
Kuwi iku bendera partai to? Tak kiro’i benderane wong
mati.
Heru : Lha kok iso??
Farhan : Lha wernane kuning owg.....
Heru : Lha emange benderane wernane kuning tok??????
Farhan : Lha nang nggonku anane kuwi tok owg.....
Heru : Sak omongmulah ......
Ngomong karo kowe malah tambah mumed sirahku..

Dhumadakan ‘Kasih’ teko ngerti-ngerti langsung ngomong


padahal ora ngerti opo-opo........

Kasih : Ngono ae kok repot to cah-cah…


Garek dipangan ae kok repot-repot.
Farhan : ha……..3x lucu….. sejatine kowe iku ngerti tah ora?
Kasih : EGP
Lha emange lagi omong opo to cah?
___________Ujug-ujug Jihad teko______________

Jihad : Iki kok podho kumpul seng ulang tahun sopo to?
Ulang tahun kancane kok ora diundang , sopo sih?
Kasih : Ora owg had, iki lho podho ngomongake pemilu.
Lha kowe milih partai opo?
Jihad : Yo jelas pilih Kuning to!!!!
Hahahahhahhaah
Kasih : OoooooooooO

Banjur Jihad ngajak kanca-kancane iku ning omahe Zam-zam.

Jihad : Ayo neng omahe Zam-zam ae yo!!!


Engko nang kono mangan-mangan iwak
Soale Zam-zam karo Indra mau bar mancing..

__________Sak tekane omahe Zam-zam__________

Zam-zam : Lha iki rak wonge teko , ngopo kok podho mrene???
Indra : He’eh kabeh mrene ki arep podho ngopo?
Jihad : Halah......... Indra melu-melu omong!!!!!!
Kasih : Aku meh melu mangan karo kowe.
Jarene mau kowe bar mancing ?
Zam-zam : He’eh , lha emange nopo?
Iki iwake lagek tak bakar , yo kene ewangi mbakar
Ojo mung mangan tok koyok Kasih!!!!!
Indra : Sih tuku ngombe sih....... , duitmu kan akeh to!
Kasih : Lha kowe kok ngerti , wah saiki Indra ngertinan i’k.
He’eh o’k ndra , aku bar melu pawe o’k.
Zam-zam : Asem ya sih , ngerti ngono wingi kae aku melu kowe.....
Indra : Yo yo Zam , mengko tak ijoli duitmu , ojo nyindir ngono
kuwi.

Heru : Ayo cah gek ndang dipangan iwak’e ,


Banjur bar mangan mengko gek ndang mangkat
nyoblos!!!!
Farhan : Nyoblos meneh!!!! Wong dikandani awit mau
’Nyontreng’ ........Heru!!!!!
Heru : O iya ya.........................
Zam-zam : Ayo dipangan iwak’e mengko ndak adem , ora enak
Jihad : Eh Sih , kowe kuwi jane ki melu pawe opo kok
Olehe duit akeh banget????
Kasih : Wah!!!! kowe mara’i ora ngerti ow’k Had....
Jihad : Lha opo?????
Kasih : Kabeh partai tak meluni pawaine lha wong
aku niate ora melu pawe ne , aku meh nggoleki duite tok.
Farhan : Ooooo pancen , gendut mata duiten!!!!
Heru : Wis-wis ojo gelut.
Delok jam’e kae iki wis jam 11 gek ndang diberesi
mengko gek ndang nyontreng nang Tps 58.
Zam-zam : Tps 58 kuwi nang ndi to Her?
Heru : Halah mosok ora ngerti?
Kuwi lho nang lap.badminton ngarep omahe pak Slamet.
Zam-zam : Oooo pantes aku wingi ndelok cah-cah karangtaruna
pada noto tratag . Tak kiro tratag’e nggo syukuran anak’e
pak slamet seng bar disunat.
Indra : wes iki podo beres ayo mangkat yok!!
ALL : Yoooooo
Kabeh podo mangkat menyang Tps 58 nang lapangan
badminton ngarep omahe Pak Slamet.Bar wes tekan Farhan lali nggowo
surat keterangan kanggo milih.

Farhan : Aduh .................


Kasih : Ono apa to Han , kok aduh-aduh
Farhan : Aku lali nggowo surat keterangan
Ketinggalan neng kamar .
ALL : Walah............
Jihad : Wes gek ndang bali kono mumpung isih jam 11.30
Heru : He’e cepet bali sek . mumpung isih akeh seng ngantri
arep podo nyontreng.

Farhan : Iyo ah , wes aku tak bali ndisik . Tapi aku enteni yo?
ALL : Iyo-iyo!!!!!!!!
Farhan mlayu balik arep nggoleki surat keterangan’e , banjur
wes ketemu langsung mlayu meneh marang Tps 58 . Sawise tekan jebule
kanca-kancane wes podo nyontreng.

Farhan : Lho Her kelingkingmu kok ono ierng-irenge?


Kuwi Kasih yo ono , kabeh drijine podo ono tintane
Wis podo nyoblos yo?
Jihad : Lha karang kowe kesuwen ya ditinggal.
Heru : Wes gek ndang ndaftar ngko ngenteni giliran nggo milih!
Farhan : Yo wes. Tapi aku ojo ditinggal bali yo
ALL : Iyo-iyo……………

Banjur Farhan mlebu nang Tps nang kono wes gari wong loro
dadine Farhan langsung entuk njaluk kertas gambar partai kanggo dipilih
banjur wes dicontreng kertas mau dilebok’e nang kotak suara.Terus Farhan
njaluk ireng-ireng alias Tinta Hitam kanggo nandani yen wong kuwi uwis
nyontreng.

Heru : Wes han nyontreng’e?


Farhan : Lha iki ( karo ndudohk’e jempole’e ).
ALL : OooooooO.
Kasih : Nak ngono yo bali yo aku wes ngelih iki ?
Zam-zam : Walah keton’e mau yo bar mangan iwak bakar Lho?
Jihad : Yo wes yo bali . Aku yo ono job iki nang omah
durung tak bar’ke
Indra : oh he’e ono Pr kimia to ? ndak wes podo nggarap?
Heru : Aku durung sama sekali I’k.
Kasih : Ah wes yo aku balik sek.
Jihad : aku yo bali sek.
ALL : Iyo-iyo iki wae do arep balik o’k
Wes yo cah……………………..
______________THE END________________

Você também pode gostar