Você está na página 1de 1

Astagfirulloh robbal baroya astagfirulloh minal khotoya Robbi zidni ilmannaafilla wawafikni ngamalan soliha Ya rosulalloh salamunalaik yarofingasa

niwadaaroji Atfatayaji rotal ngalami yauhailalju diwaalkaromi 2X Ngawiti ingsun nglara syaiiran kelawan muji maring pangeran Kang paring rohmat lan kenikmatan, rino wengine tanpa pritungan 2X Duh bolo konco priyo wanito ojo mung ngaji syareat bloko Gur pinter ndongeng nulis lan moco, tembe mburine bakal sengsoro 2X Akeh kang apal quran hadiste seneng ngafirke marang liyane Kafire dewe dak digatekke, yen esih kotor ati akale 2X Gampang kabujuk nafsu angkoro ing pepaese gebyare ndunyo Iri lan meri sugihe tonggo, mulo atine peteng lan nistho 2X Ayo sedulur jo nglaleake wajibe ngaji sak pranatane Nggo ngandelake iman tauhite, baguse sangu mulyo matine Kang aran soleh bagus atine kerono mapan seri ngelmune Laku thoriqot lan marifate ugo hakekot manjing rasane 2X Al quran qodim wahyu minulyo tanpo ditulis bisa diwoco Iku wejangan guru waskito, den tancepake ing njero dodo 2X Kumantil ati lan pikiran mrasuk ing badan kabeh jeroan Mujizat rosul dadi pedomn, minongko dalan manjinge iman 2X Kelawan alloh kang moho suci kudu rangkulan rino lan wengi Ditirakati diriyadohi, dzikir lan suluk jo nganti lali 2X Uripe ayem rumangsa aman dununge roso tondo yen iman Sabar narimo najan pas pasan, kabeh tinakdir saking pengeran 2X Kelawan konco, dulur lan tonggo kang pada rukun Iku sunahe rosul kang mulya, nabi Muhammad panutan kito 2X Ayo nglakoni sakabehane alloh kang bakal ngangkat drajate Senajan ashor toto dhohire, ananging mulyo maqom drajate 2X Lamun presto ing pungkasane ora kesasar roh lan sukmane Den gadang alloh swarga manggone utuh mayite ugo ulese 2X

Você também pode gostar