Você está na página 1de 20

Atur lan Serat Panglamar

Atur panglamar
Assalamu'alaikum wr.wb. Kula nuwun, Bapak/Kangmas/Dhimas......kekalih. Nyendikani dhawuhipun Bp/Kangmas (nuhoni keparengipun dhimas)......., mila kulo suwun ing ngarsa panjenengan, kedhawuhan: Sepisan: ngaturaken salam taklimipun pangabektinipun katur ing panjenengan sakkulawarga, sinartan pepuji mugi panjenengan sagotrah tansah winantu ing kawilujengan tebih tulah sarik. Kaping kalih: awit kataman ing pamothanipun putra naminipun.....anggenipun kayungyun dhateng ingkang putra naminipun....., ingkang saklajengipun dados enering ciptanipun, mila Bapak/Kangmas/Dhimas.....kekalih ambabaraken krenteking manah dhumateng panjenengan kekalih. Ingkang punika, kabekta saking awrating tiyang anak-anak, menawi wonten sarjuning penggalih sarta sinembadan dening pangayubagyaning para waris, punapo dene tinakdir dening Gusti Allah SWT, dados jodhonipun, sarta putra panjenengan taksih lamban, dereng kagungan pacangan, dipun suwun dadosa jatukramanipun ing salami-laminipun. Wasana panyuwunipun Bapak/Kangmas/Dhimas.....kekalih wau, mugi keparenga panjenengan tumunten paring waluyan sarta angimbangi anggenipun sumedya badhe bebesanan. Cekap semanten atur kula, menawi wonten cicir ceweting atur satemah boten damel sarjuning manah, kula nyuwun pangapunten. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Serat Panglamar
Serat sinartan pamuji raharja saha salam taklim kula pun..........kekalih, katur panjenenganipun Dhimas.........sekaliyan, ingkang pidalem ing kampung......... Sesampunipun kados punika, nuwun wiyosipun, saderengipun kula ngaturaken punapa ingkang dados raosing manah kula, langkung rumiyin kula nyuwun agenging pangaksama. Nuwun, awit saking ketaman ing pamothahipun anak kula jaler nama pun......., anggenipun kayungyun dhateng putra putri panjenengan nama pun rara........., ingkang salajengipun dados enering ciptanipun, pramila kula kamipurun ambabaraken karenteging manah kula kekalih dhateng panjenengan sekaliyan. Ingkang punika, akbekta awrating tiyang anak-anak manawi wonten sarjuning panggalih saha sinembadan dening pangayubayanipun para waris, punapa dene tinakdir dening Alloh swt, dados jodhonipun, sarta manawi putra panjenengan taksih lamban lan dereng gadhah pacangan, kula suwun dadosa jatukramanipun anak kula pun............ing salami-laminipun. Wasana panyuwun kula kekalih ing panjenengan sekaliyan, mugi wontena keparengipun ananggapi sarta animbangi angen kula sumedya bebesanan. ..........tgl..................

Salam taklim kula kekalih

................................

Atur lan Serat Wangsulan Panglamar


Atur Wangsulan Panglamar
Assalamu'alaikum wr. wb. Nuwun, sakderengipun kula, minangka sesulihipun Bapak/Kangmas,..............kekalih, caos waluyan pamundhutipun Bapak...........lumantar panjenengan langkung rumiyin kula angaturaken sugeng rawuh panjenengan saha mugi keparenga lenggah prayogi sakadar kuwawi kula angaturaken palenggahan. Nuwun, menggah keparengipun Kangmas/Bapak.......... sekaliyan angempalaken balung pisah, mundhut Besanan kaliyan kula kekalih, andadosaken bingahing manah kula kekalih, saha salajengipun mangayubagya sara amemuji widadaning sedya wau lestantun ing salamilaminipun. Wondene keparengipun Bapak...........sekaliyan mundhut anak kula estri pun .............badhe kadadosaken jatukramanipun putranipun pun........... kula kekalih anayogyani sarta anyumanggakaken. Namung andadosna ing kawuningan, anak kula punika lare cubluk, sanget kirang ing seserapanipun. Dene kawontenaning anak kula taksih lamban lan dereng gadhah pacangan. Wasana mugi andadosna ing kawuningan. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Serat Wangsulan Panglamar


Serat rinobanpudyasruti saha salam taklim kula pun........kekalih, katur ing ngarsanipun Bapak/Kangmas............., ingkang pidalem ing........ Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, awiyosipun, kula sampun nampi paring panjenengan serat katiti mangsan tanggal........ Isinipun sarta sadaya sampun kula mangertosi. Menggah kepareng panjenengan sekaliyan angempalaken balung pisah, sumedya bebesanan kaliyan kula kekalih kanthi mundhut anak kula estri nama.........panjenengan jatukramakaken kaliyan putra panjenengan Bagus........, kulo mboten kawratan. Mugi Gusti Alloh SWT, tansah paring tulus widadaning sedya panjenengan wau, lestantun ing salami-laminipun. Dene kawontenaning anak kula pancen taksih lamban dereng gadhah pacangan. Wasana mugi andadosna ing kawuningan saha kula angaturaken gunging panuwun. ............, tgl............... Salam taklim kula kekalih .

Wacana Masrahaken Penganten


Wacana Masrahaken Penganten
Assalamu'alaikum wr.wb. Kula nuwun, Para sesepuh, para tamu kakung saha putri ingkang luhur ing budi. Nyuwun ngapunten dene kula paripaksa anggempil kamardikan panjenengan sadaya, saperlu kula matur ing ngarsanipun Bapak..........sarimbit. Nuwun, Bapak/Kangmas/Dimas............ Kula kadhawuhan dening tiyang sepuh kula Bapak.........sekaliyan (manawi kaprenah enem: Kula kakersakaken dening sederek kula anem pun..........kekalih): Sepisan: Ngaturaken salam taklimipun, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak/Kangmas/Dhimas......sakulawarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng ing panjenengan lumber ing sadayanipun. Kaping kalih: Kula kinanthen rowang sawetawis,kadhawuhan nyowanaken calonputra penganten, nama pun Bagus..... ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan rara.......putri panjenengan. ================================================== =========================================== Manawi dipun sartani bektan mugi kaaturna: Dene anggen kula nyowanaken penganten kinanthen: maskimpoi arupi Rp/$..............cacah......., pangangge minangka santunipun penganten putri....., pesing......, sesupe........, pirantos pawon.......lan sanes-sanesipun. ================================================== =========================================== Ingkang punika mugi kepareng nampi. Dene wonten kekiranganipu bapak........nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakulawarga. Minangka panutuping atur, mbok manawi wonten atur kula saklimah, lampah kula sarowang satindak, ingkang kirang trapsila satemah boten adamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kula nyuwun lumunturing pangaksami. Cekap semanten, wassalamu'alaikum wr.wb.

Anampi Pasrahan Penganten


Anampi Pasrahan Penganten
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula kurmati, mugi kalilan kula nyulihi sedherek kula sepuh Kangmas........angaturaken waluyan paring pangandikanipun Bapak...........lumantar Bapak/sdr........... Bapak/Kangmas...............(paraga ingkang masrahaken) kapisan, kula angaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kula, dene rawuh panjenengan, kula saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi. Angka kalih: salam taklimipun Bapak/Sdr......(besan) lumantar panjenengan, kula tampi akanthi suka rena, gumbira marwata suta. Mugi pangajap lan pandonga wau kaijabahan dening Allah SWT. ambabar kanugrahan, kawilujengan dhumateng kula sawarga, sumrambah ing para tamu sadaya, boten langkung dawah sasami-sami. Kaping tiga: Bapak.......lumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, calon penganten, nama Bagus........sinartan peparing manekawarna, kula sanget-sanget angaturaken gunging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi suka renaning manah. Salajengipun Bapak............sampun kepareng paring kapitadosan dhumaten kula babagan kelampahanipun dhauping penganten ing mangke kula sendikani. Sanajan sagaduk kuwawi kula. Ing punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun kula cawisaken, sumene ngiras pantes angestreni dhauping penganten. Dene wonten kiranging boja lan krama kula anggen kula anampi rawuh panjenengan sakanca, mugi keparengan maringi agunging pangaksama. Cekap semanten atur kula,

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pamitan Lengser Saking Pamiwahan


Atur Pamitan Lengser Saking Pamiwahan
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang luhuring budi. Nyuwun pangapunten, kula parikedah angridhu anggen panjenengan wawan pangandikan, sumela matur ing ngarsanipun Bp..........kekalih saha para tamu sadaya. Syukur alhamdulillah, dene dhaupipun penganten sampun kalampahan kanthi wilujeng nir ing sangsaya, awit saking rahmating Pangeran saha puji pangastutinipun para tamu sadaya. Kula kautus nyowanaken penganten sarta anyeksensi dhaupipun. Rehning sadaya sampun paripurna boten kirang satunggal punapa, mugi kalilanana kula sarowang medal pasilan, dayadaya matur ing ngarsanipun Bapak......sekaliyan, bab purnaning sadaya ingkang kados sesanggeman kula. Wonten atur lan patrap kula sakanca ingkang boten mrananing ing penggalih panjenengan sadaya, kula nyuwun agunging pangaksami. Sapengker kula sakanca mugi rahayu widada ingkang sami pinanggih. Kula nyuwun palilah lan nyuwun pamit. Nuwun. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Wangsulan Pamundhut Pamitipun Tamu


Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, kula sesulihipun Bapak........, kepareng caos waluyan pamundhut palilah pamitipun sedherek.........sakanca. Bapak/sedherek........, sapinten bombonging manah kula awit panjenengan sadaya sampun kepareng angestreni dhaupipun anak kula penganten, boten saged kula aturaken. Sadaya kala wau kula namung saged matur mawantu-wantu: matur gunging panuwun. Dene panjenengan kepareng mundhut pamit, kula boten kadugi amambengi. Namung, mbok manawi kathah kalepatan kula anampi rawuh panjenengan, kula nyuwun pangapunten. Jengkar panjenengan saking pamiwahan kula andherekaken, sugeng kondur rahayu widada sepen sambekalaning margi. Matur nuwun, nuwun. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Pambyawara Angacarani Adicara


Pambyawara Angacarani Adicara
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, para tamu kakung putri, ingkang kinurmatan. Pambyawara hangaturaken pambagya sugeng rawuh, mugi keparenga hamrayogekaken lelenggahan ngantos titi purnaning pawiwahan dinten menika. Para tamu kakung putri, Sakderengipun tata cara pawiwahan kawiwitan, pambyawara kepareng hangaturaken rerantaman adicara pawiwahan ingkang badhe linampahan ing dinten punika: (Pambyawara maos rerantaman adicara ingkang baku-baku kemawon) Makaten rerantamaning adicara pawiwahan ing dinten punika, wasana mugi keparengan hamrayogekaken lenggah sinambi amidhangetaken larasing pradangga anguyu-uyu. Nuwun.

Ngacarani Lenggahing, Rawuhing lan Mlebetipun Penganten


Ngacarani Lenggahipun Penganten Putri
Kula nuwun, para tamu kakung putri, Penganten putri sampun purna ngadi busana Karigenaken dening ibu........, kakanthi ibu............, lan ibu..........., kadherekaken sawetawis paraga, penganten putri tumunten badhe miyos lenggah ing palenggahan penganten. Miyosipun penganten karenggo Ketawang Puspawarna, Laras Slendro pathet manyura. Sumangga.

Ngacarani Rawuhing Penganten Kakung


Nuwun para tamu kakung putri, penganten kakung sapendherek sampun kepareng rawuh. Rawuhipun penganten kabiwada Lancaran Kebogiro Pelog Pathet barang, Sumangga.

Ngacarani Mlebetipun Penganten Dhateng Pasamuan


Para tamu kakung putri, penganten kakung sapendherekipun sampun tata rakit ing wiwaraning pasamuan. Ingkang punika paraga ingkang kajibah sumangga tumunten keparengan hangacarani rawuhipun penganten ing pasamuan. Tindakipun penganten kabiwada ungaling Ladrang Wilujeng Bedhayan, Laras Pelog Pathet Barang. Sumangga.

Ngacarani Pasrahan lan Panampinipun


Ngacarani Pasrahan Penganten Kakung
Bapak...........(ingkang badhe masrahaken), sampun samapta ing karya. Samanten ugi Bp...........(ingkang badhe nampi), jinajaran dening Bp..........(ingkang mengku damel), Bp.............(kulawarga ingkang mengku damel), Bp.............sarta Bp..............(calon nganthi penganten) sampun siyaga tumanggaping damel. Awit saking punika wanci kaaturaken ing ngarsanipun Bp........(ingkang masrahaken). Sumangga.

Ngacarani Panampining Pasrah


Sampun purna paring pangandikanipun Bp..............hamasrahaken Penganten kakung. Pasrahipun penganten nunten katampi dening Bp..........(ingkang mengku damel) lumantar panjenenganipun Bp.......... Wanci kaaturaken. Sumangga.

Ngacarani Ijab-Qabul lan Panggih


Ngacarani Adicara Tumapakin Ijab-Qabul
Para tamu kakung putri, adicara pasrah panampining penganten sampun kaleksanan kanthi prayogi. Manut adicara ingkang sampun karantam, tumunten katindakaken adicara ijab-qabul. Kanthi trengginas trampil paraga sampun kepareng anyamaptakaken papan sarta pirantosing ijab. Ingkang menika keparenga penganten kekalih samiya mapan lenggah ing palenggahan ijabqabul. ================== Samukawis sampun samapta salajengipun wanci kaaturaken ing ngarsanipun Bapak Pengulu. Sumangga.

Ngacarani Adicara Panggih


Para tamu kakung putri, tumunten badhe katindakaken adicara panggihing penganten. Paraga ingkang tinanggenah keparenga nyawisaken pirantos sacekapipun. Panggihing penganten karigenaken dening Ibu........... Awit saking punika ibu............ keparengan nganthi penganten putri anuju dhateng papaning panggih. Para tamu kasuwun paringipun puji pangestu dhumateng penganten kekalih. Panggihing penganten kabiwada ungaling gendhing Monggang Kalajengaken Ketawang Larasmaya Pelog Barang. Sumangga.

Ngacarani Rawuhipun Besan Lan Adicara Pangabekten


Ngacarani Rawuhipun Tamu Besan
Kula nuwun para tamu, awit saking notoling manah kepingin paring pangestu dhateng penganten kekalih sarta raket rumaketing bebesanan, Bp. ibu.........(besan) kepareng rawuh ing pasamuan punika. Ingkang tinanggenah keparenga hangacarani rawuhipun tamu besan. Mrih renggeping swasana, rawuhipun besan kinurmatan Ladrang Tirta Kencana, Laras Pelog Nem, sumangga.

Ngacarani Adicara Pangabekten


Kula nuwun, Mestuti Dhawuhinng Hyang Maha Nasa, raryapan kedah bekti mring yayahrena, mila penganten kekalih tumunten daya-daya badhe atur bekti dhateng ibu punapa dene rama. Ingkang punika keparenga Bapak lan Ibu...........(ingkang mengku damel) sarta Bapak lan Ibu...........(besan) keparenga samapta anampi bektining putra. Adicara pangabekten karigenaken dening Ibu..............kinurmatan lelangen pradangga, ladrang Mugi Rahayu Slendro Manyura. Sumangga.

Ngacarani Adicara Atur Pambagya


Ngacarani Adicara Atur Pambagya
Para tamu kakung putri ingkang tansah kinurmatan sawetawis penganten kekalih lenggah anampi sih arupi puji pangestu saking para tamu, keparenga Bp..................lan............... hangaturaken pambagya wilujeng ing ngarsanipun para tamu kakung putri. Kadayan saking raos suka marwata suta angebeki manahipun Bp...........boten kuwawi matur ing ngarsa panjenengan sadaya. Mila nyuwun gungan dhumateng Bapak........keparenga hanyarirani ngaturaken pambagya wilujeng, minangka sesulihipun. Mugi kepareng anjajari Bp.........., panjenenganipun Bp................., Bapak..............., lan Bp............ Sumangga, nuwun.

Ngacarani Adicara Kirap 1 lan 2


Ngacarani Adicara Kirap 1
Para tamu kakung putri, penganten kekalih karobaning sih. Kirang timbang sakinten penganten dereng meminta memalatsih dhateng para wredha-mudha, mitra dasih. Ingkang punika mugi keparengan Penganten kekalih senajan namung sacleretan sowan ing ngarsa panjenenganipun para tamu ingkang sampun kepareng anyengkuyung raosing sukarena bagya lan mulya. Kiraping penganten kapratitisaken dening ibu................Wondene ingkang kepareng hanyarirani anucuki lampan nuwun inggih Bp................(Salajengipun kasebatna urutan paraganing kirap) para tamu kakung putri, mrih regu renggeping swasana, rawuhipun Adimukaning lampah kirap, binarung rerepan Dhandanggula Pelog/Slendro/pathet......... Sumangga.

--------------------------------------------------------------------Lampahing kirang katingal regeng aregu, tinon saking katebihan lir pendah Narendra tedhak cangkrama.

Ngacarani Adicara Kirap 2


Para tamu ingkang mahambek sadu ing budi, nglangut raos kalaning nyaranti. Wondene kang dene sranti panggah tan mangga keksi. Penganten kekalih sampun purna santun ageman. Mila lajeng tumunten wangsul sowan ing ngarsa panjenengan sadaya. Rakiting kirap karacik kados kirap kapisan. Suka rena, gambira mulya wibawa ngebegi raosing penganten kekalih, dene samarga-marga anggung sinuba-nuba.

Ngacarani Adicara Paring Wursitawara


Ngacarani Adicara Paring Wursitawara
Para tamu kakung putri, penganten kekalih sampun sowan ing ngarsa. Clereting netra kawistara, agung nggenya angantu-antu paring panjenengan puji pangastuti. Widadaning lampah, tulusing parasdya, anggennya mangun brayat, winisudha sinengkakaken ing tataran wredha, werdine pan kedah mandireng priyanggan. Mrih antuka kalidamar, pandham margining agesang bebrayan, mila kasuwun panjenenganipun Bp.....................paring ular-ular dhumateng penganten kekalih, sumrambah ing sadayanipun. Wasana, sumangga.

Nyarantos Purnaning Pawiwahan


Nyarantos Purnaning Pawiwahan
Makaten para tamu putri kakung putri, mligenipun dhateng penganten kekalih. Wursitawara sampun kaparingaken kanthi gamblang narawang, sampun boten karempit. Mugi dadosa bundhelan adi, gegaran nggayuh widadaning palakrama. Kados sampun boten worsuh panampi panjenengan kantun keparenga sami angecakaken ing gesang bebrayan. Para tamu kakung putri, ingkang tuhu sahar drana luhur ing budi, pasamuan pawiwahan sampun andungkap paripurna. Minangka pratandha paripurnaning pasamuan pawiwahan. Kalanipun ingkang amengku karya, tuwin penganten kekalih sampun samapta anguntapaken kunduripun para tamu ing sangandhaping wiwara pawiwahan. Saderengipun dumugi prastawa punika, sumangga nun, sami kaprayogekaken lelenggahan, sinambi nyarantos paripurnaning pawiwahan. Nuwun.

Mungkasi Pawiwahan
Mungkasi Pawiwahan
Nuwun, para tamu kakung putri. Saking palaporanipun pawongan pinitaya, pawiwahan tuwin samukawisipun sampun paripurna. Kunjuk ngarsanipun Ibu............... juru mratitisaken wiraga penganten kekalih,keparenga penganten kekalih kakanthi tumuju dhateng wiwaraning sasana pawiwahan, saperlu nguntapaken konduripun para tamu. Tindakipun penganten kekalih rinengga ing Ladrang Tedhaksaking, Pelog Barang. Para tamu kakung putri, pawiwahan sampun paripurna, lumantar pambyawara, ingkang amangku karya hamangsuli hangaturaken gunging panuwun, awit paring paring panjenengan bebantu rupi punapa kemawon. Sadaya kiranging boja lan krama, keparenga paring agungin pangaksama. Mligenipun tumrap jasad kula, pambyawara, kathah saru-siku, temah tan bangkit adamel rena, kula nyuwun lumunturing pangaksama. Nuwun. Sugeng kundur dhumateng para tamu sadaya. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Masrahaken Penganten Sowan Partuwi Tiyang Sepuh


Atur Masrahaken Penganten Sowan Partuwi Tiyang Sepuh (Sepekenan Penganten)
Assalamu'alaikum wr.wb. Kula nuwun, Kula sesulihipun Bapak..............kepareng matur ing ngarsanipun Bapak............sarimbit ingestrenan para sesepuh saha para tamu kakung putri. Nuwun, Bapak.........kekalih, penganten sarimbit sampun lerem sawetawis ing dalem Atmorejan (dalemipun Bapak Atmorejo) sawetawis dinten. Sampun ngantos adamel kapanging kaluwarga Danudirjan, ing titi punika kula kadhawuhan dening Bapak............sekaliyan nyowanaken penganten sarimbit, ingombyongan sawetawis kadang kaluwarga. Kula titipaken anak kula kekalih ing panjenengan, nalikanipun wonten ing dalem panjenengan, borong anggen panjenengan nggulawenthah, suka piwulang, amrih kekalih sami cekap pesangonipun kangge mengku balewisma saprayogining kaluwarga. Sumangga penganten sarimbit kula aturaken ing asta panjenengan kekalih. Wonten kirang trapsila anggen kula sowan sakanca, mugi keparenga angluberaken samodraning pangaksama. Nuwun, Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Wangsulaning Pasrah


Atur Wangsulaning Pasrah
Assalamu'alaikum Wr.Wb. Nuwun, sedherek............(utusan) sakanca, kula sesulihipun Bapak..........kekalih, angaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sakanca. Bapak.........sekaliyan, lumantar panjenengan, anyowanaken anak kula penganten kekalih, kula matur sanget agenging panuwun. Dene keparengipun Bapak..........kekalih kula kadhawuhan ngawat-awati, nenuntun, dhateng anak kula penganten sarimbit, kula boten suwala, tansah anyendikani. Jaragan penganten kekalih inggih anak kula piyambak. Boten langkung mangga sami samadsinamadan, pundi ingkang kuwagang, sampun tidha-tidha, semang tumolih, paring sesulang, kalidamar dhateng penganten sarimbit, amrih widadaning lekas, sidaning panuju, inggih punika bebrayan bagya raharja ingkang pinanggih. Sadayakula sendikani lan paring pasrah panjenengan kula tampi kanthi lega legawa suka lan rena. Boten langkung mugi keparengan lelenggahan sawetawis, nyartani raos gembiraning manah kula anampi sowanipun anak kula pengaten kekalih. Kirang boja-krama anggen kula anampi rawuh panjenengan, kula nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pambagya Wilujeng Ing Kajad Tingkepan


Atur Pambagya Wilujeng Ing Kajad Tingkepan
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun para tamu kakung putri ingkang tansah kinurmatan. Nyendikani dhawuhipun Bapak...........(manawi kapernah enem: Minangkani keparengipun adhi............) kula kepareng matur ing ngarsanipun para tamu kakung putri. Sepisan: Bapak.................ngambali angaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sadaya. Kaping kalih: Ngaturaken gunging panuwun dene panjenengan sadaya sampun kepareng rawuh wungon in dalu punika saperlu paring jurung pamuji rahayu wilujeng dhateng Bapak/Sederek.........kekalih sumrambah ing sadayanipun. Kaping tiga: Ngaturaken gunging panuwun dhateng sanak kadang lan tangga tepailh, dene sampun kepareng paring pambiyantu awarni punapa kemawon rigen lan eguh pratikel, bau suku lan sanes-sanesipun ingkang sadaya wau saestu andadosaken enthenging sangganipun tangeh kesembadanipun Bapak.............caos piwales, pepuntoning manah amung kasumanggakaken ing ngarsaning Pangeran, mugi kepareng paring lelintu dedana ingkang sampun panjenengan paringaken dhumateng panjenenganipun.

Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, dene wosing gatos dalu punika, Bapak.........amengku kajad suka syukur dhateng ngarsaning Pangeran, dene sampun kepareng paring kanugrahan dhateng putranipun ingkang tetela sampun ngandheg. Manut petangan sampun jangkep pitung wulan kalenggahan punika. Kanugrahan wau dipun syukuri kanthi pangajap mugi-mugi kanugrahan wau lestantuna kaparingaken, si buyung tetep kaparingana daya kekiyatan, bagas waras, sinandhing budi utami, sabar tawakal, park ing Gusti, satemah andayani pun jabang pinaringan purna dumuguning lekipun, nir ing sambekala rahayu widada ingkang pinanggih. Panjurung pamujinipun para sanak kadang, para tamu, tansah kacadhang, mugi pangajab wau sinembadan dening Allah SWT, Amiin. Wasana mugi sami dipun prayogi lelenggahan, ngantos paripurnaning pasamuwan dalu punika. Namun, mbok manawi kathah kalepatan, kirang boja lan krama saking Bapak.........tumanduk dhumateng panjenengan sadaya, mugi sami keparenga lumubering samodra pangaksama. Nuwun. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Pangayubagya Tamu Ing Kajad Sepekenan Lare


Atur Pangayubagya Tamu Ing Kajad Sepekenan Lare
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, Kula minangka sesulihipun Bapak/Sedherek.........kepareng matur ing ngarsanipun para tamu. Sepisan: kula ngaturaken sanget agenging panuwun, dene para tamu sampun rawuh jurung wungon ing dalu punika, awit saking tresna asih panjenengan dhateng kula sakkulawarga. Mugi anggen sami panjenengan jurung wungon tirakat, paring donga pangestu dhateng kula sawarga, kaijabahan dening Pangeran ingkang Maha Mirah, satemah kawilujengan, rahmat lan barkah lumintu lumintir dhumateng kula sakulawarga saha dhumateng panjenengan sadaya. Kaping Kalih: kula ngaturaken sanget agenging panuwun dhateng panjenengan sadaya, dhateng sanak kadang, tangga tepalih, mitra, mudha lan mudhi, dene sampun kepareng paring pambiyantu arupi punapa kemawon inggih eguh pratikel, bau suku tuwin sanes-sanesipun ingkang saestu adamel enthenging sesanggeman kula. Sapinten banggi kula saged caos pepulih dedana panjenengan saya dhateng kula, saestu boten saged. Ingkang punika kula sumanggakaken dhateng ngarsanipun Pangeran ingkang Maha Welas lan Asih, mugi keparenga paring lelintu sakmurwat akaliyan dedana panjenengan wau. Para tamu ingkang kula kurmati, Nalika dinten............surya kaping........kula kaparingan kanugrahan dening Pangeran, arupi tambahing momongan kula. Kula kaparingan momongan jaler/estri, ing dinten punika jangkep

seminggu/sepeken. Ibu lan jabang kaparingan bagas waras, wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Pun jabang kula paringan tenger (nama)........... Kula nyuwun tambahing donga pamuji, mugi-mugi kula sabrayat tansah pinaringan rahmating Gusti, awarni raos syukur lan panarimah, wilujeng tebih kasangsaya. Pun jabang benjang ing akhir dewasanipun dadosa lare ingkang utami, bektos dhumateng Pangeran bektos dhateng tiyang sepuh. Gesangipun sageda murakabi ing bebrayan, nusa lan bangsa. Rawuh panjenengan kula boten kuwawi caos pakurmatan boja krama ingkang prayogi. Namung, katur ing ngarsa panjenengan sagaya toya asrep lan rangken sakwontenipun, kenginga kagem jampi salit sawetawis. Kiranging boja lan krama kula tumanduk dhumateng panjenengan sadaya, kula nyuwun agenging pangaksami. Sumangga nun, kula dherekaken angrahapi atur pasugatan kula. Wasana mugi sami keparenga anglajengaken wungon tirakat sakeparengipun. Cekap semanten atur kula. Wassalamu'alaikaum wr.wb.

Atur Pambagya Wilujeng Dhumateng Para Tamu Ing Pahargyan Khitanan


Atur Pambagya Wilujeng Dhumateng Para Tamu Ing Pahargyan Khitanan (Tetesan)
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun,nyendikani dhawuhipun Bapak..........(manawi kaprenah anem: minangkani keparengipun sdr..........) kekalih, kula kepareng matur ing ngarsanipun para tamu kakung putri. Sepisan : Ngambali ngaturaken sugeng rawuh dhumateng para tamu kakung miwah putri saha ngaturaken sugeng lelenggahan ing papa n palenggahan ingkang kuwawi kula cawisaken. Kaping kalih : Kula angaturaken sanget agenging panuwun, dene para tamu kakung putri sampun kepareng rawuh, minangkani panyuwun kula. Ketiga: Kula sangat angaturaken gunging panuwun, dhumateng panjenengan sadaya, para kadang mitra, tangga-tepalih, para mudha lan mudhi, ingkang sampung kepareng paring dedana arupi rigen, eguh lan pratikel, bau suku sarta peparing warna-warni, ingkang sadaya wau leregipun adamel enthenging sesanggan kula, kacekapan kajad kula, rancag lumampah wilujeng nir ing sangsaya. Sadaya peparing panjenengan kala wau, tangeh kula saged caos pepulih lan lelintu ingkang murwat. Pepuntoning manah kula, kula amung saged adheadhepe dhateng ngarsaning Pangeran, nyenyuwun lan nyenyadhang, mugi-mugi sadaya dedana ingkang sampun panjenengan paringaken dhumateng kula, kaewokna ngamal sae, ambabar kanugrahan, pinaringan lelintu

ingkang langkung prayogi lan langkung andayani, ing donya sarta ing akhir. Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, Dene ingkang dados wigatosing pasamuan ing titi punika sinaosa sampun kaaturaken ing serat sedhahan, wonten prayoginipun kula kepareng angambali caos atur. Inggih punika Bapak......kagungan kajad angislamaken putra jaleripun ingkang angka.....(manawi putri: netesaken putri estrinipun ingkang angka....) nama pun.....Res sampun kalampahan nalika dinten................... tanggal..... wonten ing......., wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa. Dene rawuhipun para tamu, kasuwunan tambahing donga pangestu sarta puji rahayu, mugi-mugi pun.....tumunten saras, sarosa anindakaken sesanggeman salajengipun. Dene Bapak......anggenipun mengku kajad pinaringan wilujeng nir ing sambikala, cinepakna suka lan rena, sumrambah dhateng sadayanipun. Para tamu kakung putri ingkang kinurmatan, sinaosa sampung karancang dakik-dakik, ing sedya sageda adamel suka renaning panggalihipun para tamu sadaya, nanging sadaya kala wau amung dayaning titah sawantah, ingkang tangeh dumuguning sampurna. Kepara kula anglenggana ing kalepatan saha kekirangan kula, cicir cewet, jalaran cubluk mbaliluning manah. Ingkang punika mugi para tamu kepareng paring agenging pangaksama sadaya kekirangan lan kalepatan wau. Minangka pratandha suka rena lan sih supeketing pasedherekan, panjenengan sadaya kula aturi pakurmatan toya unjukan saha rangken ngunjuk sak wontenipun. Mugi para tamu kakung putri kepareng ngunjuk saha dhahar kula dherekaken. Wonten kiranging boja krama kula, sepisan malih kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Conto Serat Lelayu


LELAYU Inna lillahi wa inna ilaihi roji'un. Sampun kapundhut wangsul ing pangayunanning Pangeran/Allah SWT, semah/anak/bapak/ibu kula:

___________________________ nalika dinten........tanggal kaping.......wanci jam........jalaran......., puput yuswa.........taun.

Salajengipun, layon badhe kapetak ing dinten............tanggal......., bidhal saking palereman RT....../RW..........kampung........kalurahan.......kaangka h wanci jam tumuju dhateng Pasareyan........ Mbok bilih nalika sugengipun semah/anak/bapak/ibu kula anggadhahi kalepatan dhumateng

panjengan sadaya, kula suwunaken pangapunten.

...........tgl...........

Kula ingkang katilar, ttd

Atur Panuwun Dhateng Para Takjiyah Nalika Kesripahan


Atur Panuwun Dhateng Para Takjiyah Nalika Kesripahan
Assalamu'alaikum wr.wb. Inna lillahi wa inna ilaihi roji'un. Sadaya punika kagungangipun Pangeran, mila ugi badhe wangsul dhateng Pangeran.

Para takjiyah-takjiyin ingkang kula kurmati, kula hangaturaken sugeng rawuh. Matur nuwun dene panjenengan sadaya sampun kepareng rawuh, suka pratandha tresna panjenengan dhumateng kulawarga.......temah saged nglipur angenthengaken awrating raos, dene katilar wangsul katimbalan dening Pangeran ingkang Maha Kuwaos. Dhumateng sanak kadang tangga tepalih, kula ngaturaken sanget agenging panuwun awit saking keparengipun paring pambiyantu punapa kemawon, satemah bot repot ingkang dados sesanggeman kula dados entheng, sadaya lumampah gancar lan prayogi. Para takjiyah-takjiyin, Bp/Ibu/Sdr/Sdri...................sampun kapundhut wangsul dhateng ngarsaning Allah SWT. Ingkang punika mbok manawi nalika sugengipun anggadhahi kalepatan dhumateng panjenengan sadaya, kulawarga anyuwunaken pangapunten. Dene mbok manawi taksih wonten sanak sadherek ingkang taksih njanggel petangan kaliyan almarhum/almarhumah........... mugi keparenga tumunten anuntasaken dhateng kulawarga ingkang katilar. Makaten supados lampahipun suwargi katimbalan marek ing ngarsaning Pangeran boten semang tumolih, kalis ing rubeda punapa kemawon. Para takjiyah-takjiyin ingkang kula kurmati, mboten langkung nyuwun, tambahing pandonga, mugi-mugi alusipun Bp/Sdr.......katampiya kanthi sukarena dening Pangeran, kaparingana pangapunten sadaya dosanipun, kapapana ing panggenan ingkang prayogi. Dene kulawarga ingkang tinilar mugi kaparingana manah ikhlas, tetep tawakal lan sabar, sageda nelad lan nglestarekaken ngamal saenipun ingkang sampun suwargi.

Samanten para takjiyah-takjiyin, wonten atur kula ingkang kirang prayogi, nyuwun pangapunten. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Panglipur Ing Kasripahan


Atur Panglipur Ing Kasripahan
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, para sedherek takjiyah-takjiyin ingkang kula kurmati. Alhamdulillah, dinten punika kula lan panjenengan sadaya taksih sih nampi parmarmanipun Pangeran ingkang Maha Kuwaos. Kula lan panjenengan taksih kaparingan penget dening Allah SWT. Kadadosan punika minangka ayat pepenget, bilih mboten wurung, purun boten purun, kita badhe kapundhut wangsul dhateng ing kang Murbeng gesang. Kekesahan tebih ingkang boten badhe wangsul malih. Wonten ngrika kita sampun boten saged angsal pambiyantunipun sinten kemawon. Kita kedah mentas piyambak. Mila kita lajeng kedah cekap pisangon kangge gesang wonten ngrika, inggih punika jaman kalanggengan. Punapa sangu kita? Boten sanes namung ngamal sae. Ngamal sae dhateng Ingkang Nitahaken, inggih punika ngibadah, mituhu dhateng Pangeran. Sae dhateng bebrayan, rukun, bebantu dhateng masyarakat, gotong-royong sih sinisihan lan sapanunggilipun. Mligi dhateng..........., sakkulawarga. Bapak.............sampun lerem prayogi, sampun ngantos dipun reridhu. Tangis, getun, keduwung punika tumandukipun dhateng ingkang sampun murud, punika reridhu. Mila mangga kula suwun iklas ing manah. Panjenengan sakulawarga ingkang katilar, taksih gadhah kanca gadhah sedherek, saged nyuwun pitulungan. Nanging ingkang seda sampun boten gadhan pangayom malih, sampun boten saged nyuwun pitulungan dhateng sinten kemawon. Kepara panjenengan ingkang kedah bebantu dhateng ingkang sampun kondur Bebantu punika rupinipun: ikhlas, ngapunten sadaya kalepatanipun, ndongakaken pinaringan ngapunten sadaya dosanipun, pinaringan kanugrahan agung, nglunasi sedaya sambutanipun. Kajawi saking punika langkung wigatos malih: nglestantunaken ngamal saeinipun, nyupet sadaya tumindakakipun ingkang boten prayogi, sampung ngantos dipun tindakaken (dipun tiru). Nglestarekaken pasedherekanipun. Manawi punika sadaya sampun panjenengan tindakaken, ingkang sumare bingar-bingar manahipun, tentrem jenjem gesangipun. Mila mangga sami kasigeg samanten kemawon sungkawaning manah, sampun kalajeng-lajeng, mindhak kirang prayogi. Kirang prayogi ingkang sampun sumare, kirang prayogi ingkang taksih gesang. Boten wande kita benjang ugi badhe nusul, manawi Allah sampun ngersakaken. Mumpung taksih wonten kalodhangan, mila mangga sami keklempak sangu. Ngibadahipun dipun indhaki khusukipun. Sodaqoh dipun indhaki lomanipun. Ngamal sae langkung dipun srempeng. Boten langkung mangga sami dipun pepuji, mugi-mugi arwahipun Bapak.........katampiya ing

astaning Pangeran kanthi suka rena, kaparingan pangapunten sadaya kalepatan lan dosanipun, kaparingan ganjaran sadaya tumindak ngamal saenipun. Kula panjenengan ingkang dipun tilar, mugi pinaringan sabar tawakal, bektos ing Pangeran, saged nindakaken sadaya dhawuhipun, nebihi sadaya awisipun. Benjang manawi katimbalan marek, cekap sangunipun. Cekap semanten panglipur kula dhateng kulawarga ingkang katilar. Mugi-mugi atur kula punika saged nenangi raos, ngleremaken penggalih panjenengan sakulawarga. Wonten cicir cewetipun nyuwun pangapunten. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Tanggap Wacana Pahargyan Pengetan Taun Enggal


Tanggap Wacana Pahargyan Pengetan Taun Enggal
Assalamu'alaikum wr.wb. Nuwun, Para sesepuh, para wredha-mudha saha para rawuh sadaya, ingkang kula kurmati. Mangga kula dherekaken sami angaturaken puji lan syukur ing ngarsaning Pangeran Allah SWT, ingkang sampun tetela tanpa wilangan anggenipun paring rahmat, nikmat, hidayat dhateng kawulanipun. Rahmat, kita dipun paringi sipat ingkang boten dipun paringaken dhateng titah sanesipun, temah kita saged nalar-nalar, ngetang-etang kedadosan ingkang sampun kapengker lan ingkang badhe dumugi. Kita saged mbedakaken pundi sae lan pundi awon. Nikmat, kita dipun paringi kacekapan kabetahan kta, raos aman tentrem, susah, remen. Kita dipun paringi umur panjang kangge ngraosaken endah edining donya. Hidayat, kita kaparingan saged eling dhateng ingkang peparing. Mila kita saged syukur, matur nuwun dhateng Gusti ingkang Maha Agung. Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan, Tahun............sampun kapengker, boten badhe saged wangsul. Sadaya ngamal tumindak kita ugi sampun kalampahan, boten badhe saged wangsul. Alhamdulillah kita kaparingan nalar, ingkang kenging kangge milang-milan lan nimbang-nimbang bab awon saening tumindak kita ingkang sampun kapengker lan angrantam tumindak ingkang badhe dhateng. Tetela tumindak ingkang kirang prayogi ing taun kapengker saged kita singiri ing taun ingkang badhe dhateng. Inggih punika perlunipun Allah paring tambahing yuswa. Tambahan umur punika kangge nebus tumindak awon ingkang kapengker, kangge nambahi ngamal sae. Punika rahmatipun Pangeran. Punika asihipun Allah ingkang kaparingaken dhateng kita. Pramila mangga pungkasing taun punika sami kita wilang-wilang sami kita petang, sapinten amal sae kita piyambak-piyambak, ngamal awon punapa ingkang nate kita tindakaken. Kinanthen prasetya, niyat ingkang kiyat, badhe ngindhaki kasaenan lan nilar tindak cinedha. Saestunipun, boten saben taun kemawon kita kedah milang ngamal tumindak kita. Nanging saben dinten, saben wungu sare, kita ngenget-enget tumindak kita sadinten ingkang kapengker. Sepinten ngamal sae lan sepinten ngamal awon. Mila saben wungu sare kita sami andedonga: Matur nuwun Gusti, dening Panjenengan sampun nangekaken kula saking pejah (tilem) lan dhateng Paduka kula badhe wangsul. Wangsul kanthi mbekta tanggung jawab kita gesang ing ngalam donya. Manawi kita tansah enget tanggung jawab wau, mesthinipun kita tansah ngatos-

atos sabarang tumindak, amrih misil lan prayoginipun. Saben maletheking tanggal, kita wilang ngamal kita, mila lajeng andedonga: Duh Gusti, mugi mletheking tanggal punika saged amewahi iman lan aman dhateng kita. Iman lan aman tegesipun mengku pangajab sageda nindakaken kasaenan kanthi rancag boten wonten pambengan. Ing pungkasaning taun mesthinipun inggih kedah mekaten. Para rawuh kakung putri ingkang kinurmatan, ngengeti andharan kula ing ngajeng, mila mangga kula dherekaken: Sepisan : naliti ngamal kita piyambak-piyambak ing taun kepengker. Kita tintingi pundi awon/sae. Naliti ngamalipun piyambak kemawon, boten susah naliti ngamaling sanes. Kalih : Mangga sami niyat, ngajap, wiradat, nambahi ngamal sae kita, mepet lan meper tumindak ingkang boten prayogi. Katiga : Nyenyuwun dhateng Pangeran, mugi-mugi kalepatan ingkang kita sandhang ing taun kapengker dipun paringana pangapunten. Ndedonga mugi-mugi ing taun enggal dipun paringi kekiyatan nindakaken ngamal sae, mepet ngamal awon. Sekawan : Mangga sami ngapunten-ingapunten ing antiwisipun warga, geseh lan grejeg ingkang sampun dipun lalelaken, wangsul manunggal, sayuk rukun, saiyek-saeka kapti, sesarengan rumagang ing damel, boten adamel kapitunaning asanes. Makaten para rawuh kakung putri, andharan ringkes ingkang saged kula aturaken. Mbok manawi wonten andharan saha atur ingkang kirang prayogi, wontena kepareng panjenengan paring pangapunten ing kula. Mangga sami asesanti:

"SURA DIRA JAYA NINGRAT LEBUR DENING PANGASTUTI" - INGKANG BADHE DHATENG KEDAH LANGKUNG SAE TINIMBANG INGKANG KAPENGKER -

Matur nuwun, Wassalamu'alaikum wr.wb.

Tanggap Wacana Tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamasi (17-an)


Assalamu'alaikum wr.wb. Kadang-kadang kula ing wewengkon RT/RW........... ingkang kula kurmati. Sakderengipun kula ngaturaken tanggapan Dinten Proklamasi Kemerdekaan 17-8-1945, langkung rumiying kula ngajak dhateng panjenengan sadaya, mangga sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Kanikmatan Kamardhikan punika tangeh sagedipun kita darbeki, manawi tanpa peparing kamirahanipun Allah SWT. Kita sadaya yakin bab punika. Bangsa Indonesia sadaya pitados ing bab punika. Kapitadosan punika kita pacak ing Pambukaning UUD 1945 kanthi tetembungan: Berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa....salajengipun. Para sedherek.

Kita ingkang sampun sepuh-sepuh punika saged ngraosaken kados punapa raosipun bangsa gesang dipun jajah dening tiyang sanes. Dene para mudha samangke sinaosa mboten ngraosaken, saged sinau saking sejarah, bab raos lan kawontenaning bangsa kita nalika kajajah dening bangsa ngamanca. Rahmating Allah awujud kamardikan punika boten ujug-ujug dhawah saking nglangit, boten. Kamardikan rahmating Allah kita upadi kanthi sarana perjuangan. Kanthi kita tebus pangurbanan bandha, tenaga lan jiwa. Sapinten pangurbanan ingkang awujud jiwaning para pahlawan Kemerdekaan, bebasan tanpa wilangan. Mila kita nama utang budi kaliyan para pahlawan ingkang sampun ngrumiyini murud ing kasidan jati, sowan ing pangayunaning Allah. Kita ingkang ngraosaken sekecanipun para pahlawan ingkang nglampahi rekaosipun. Mila ing dalu punika kita sami ngawontenaken wungon tirakatan lenging manah amung: Sepisan: Nelakaken sanget ing syukur kita dhateng Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kamardikaning bangsa. Kalih: Kita kepingin ngenget-enget lelabetipun para pahlawan ingkang sampun siyaga dados tumbaling kamardhikan.Kita unjukaken puji pandonga dhateng arwahipun para pahlawan, mugi katarimah lelabetipun lan kapirangan piwales utami dening Pangeran Ingkang Maha Kuwaos. Tiga: Kita lajengaken perjuanganipun para pahlawan nyampurnakaken kasil perjuanganipun kanthi ambangun nagari Mardika punika amrih reja lan makmuripun. Kita kedah rumaos dosa, purun nampi warisan nanging boten kuwawi ngopeni lan miyara. Saeba ta panjeritipun para pahlawan ingkang sampun suwargi, nguningani kita sami cakar-cakaran berkat, boten ngemban amanatipun. Makaten ugi Allah ingkang sampun kepareng Nggadhuhaken Negari Mardika punika dhateng kita, mangka boten sami purun makmuraken, sirna sipat kita dados kalifah ing bumi. Tundhonipun ALlah badhe duka, paring azab dhateng kita. Para sadherek sadaya, Mangga ing kalodhangan punika kita sami ngunjukaken puji syukur dhateng Pangeran sarta ndedonga kagem para pahalwaning bangsa, amrih lelabetipun katampi lan kaparingan piwales dening Allah, kanthi ngeningaken pancadriya sawetawis, manut agami lan kapitadosan kita piyambak-piyambak. Mangga kula dherekaken............ Matur nuwun. Makaten tanggap wacana kula ing tirakatan Pengetan Tanggap Warsa Dinten Proklamasi Kamardikan ingkang kaping..... Dene bab sejarah lan riwayat nagari kita wiwit penjajahan ngantos Mardika, badhe kaandaraken dening ingkang kawogan. Sadaya kalepatan kula, kula nyuwun pangapunten. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Você também pode gostar