Você está na página 1de 1

Asal Usule Kutha Surabaya

Dhek jaman biyen, ing segara gedhe kerep ana padudon/ pasulayan antara iwak hiu suro karo baya. Sura lan Baya kerep rebutan mangsa. Kekarone padha ngendelake anggone gedhe lan rosa. Makaping-kaping kekarone banjur gawe kesepakatan. Sura lan Baya banjur mbagi dhaerah wewengkon ing kono. Sura kuduk golek mangsa ing segara, dine baya kuduk golek pangan ing daratan. Kekarone uga sepakat kanggo ngormati dhaerah wewengkone dhewe-dhewe Ing saskawit kekarone wes ora rame. Nanging ing sawijine dina, si sura dasar lunyu ilate, kanthi aji sluman-slumun slamet, nyoba golek mangsa ing kali (kali mas). Bab kuwi dilakoni kanthi singit-singit banjur buang tilas, kareben baya ora nganti ngeruhi. Wiwitane pancen oran konangan. Nanging pungkasane bya ngonangi tumindake sura kan serakag kuwi. Sakala baya abang kupinge lan ngatonake siyunge merga rumangsa wis di bijuki dening suara di anggap wes wani belanjane janji. Manut panemune si baya, kali kuwi panggonane ing dharatan, kamangka dhaerah wewengkone sura kuwi ing segara. Senajan ngunu sura isi tetep gedhe endase, atos atine, lan ngotot gawe alesan sing nguntungake deweke dewe. Baya sing rumangsa wes diakali sura, banjur nantang adu kurosan. Kesepakatan sing nate di ucapake batal. Wektu iki sapa sing kuat bakal dadi panguasa tunggal. Pungkasane sura pongah iku banjur ngladeni panantange baya. Ora bisa di seleksi maneh, pasulayan sura lan baya kedadean maneh. Pasuralayan sing keri pancen seru banget. Ora watara suwe banyu segara ing tengene dadi abang adus getih, sing metu saka tato sing rojah-rajih. Kekarone terus perang tanding tanpa mandek babar pisan. Pungkasane sura ketaton