Você está na página 1de 2

Atur Pambagya Pangarsa Sanggar Nuwun, para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabekten lan para rawuh ingkang

minulya. Puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat, saengga kita saged makempal kanthi pinayungan karaharjan. Ingkang sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh lan atur agunging panuwun dhumateng para lenggah sedaya, dene panjenengan sampun kersa nglonggaraken wekdal saha penggalih rawuh wonten ing acara "Pagelaran Seni ing Sanggar Among Beksa". Salajengipun kula ngaturaken gunging panuwun dhumateng kadang panitia ingkang sampun nyengkuyung acara ing dinten menika, saengga acara menika saged kaleksanan lan samangke saged lumampah mboten wonten alangan setunggal menapa. Perlu kawuningan bilih acara menika minangka salah satunggaling sarana kangge mekaraken hobi lan bakatipun para kadang mudha ing Sanggar Among Beksa wonten ing babagan seni tari. Mugi kanthi wontenipun acara menika saged ngemutaken kita sedaya supados sageda tansah nguri-uri kesenian lan kabudayan. Supados ing tembe seni lan budaya menika saged mekar lan ngrembaka. Cekap semanten ingkang dados atur kula, menawi kathah kalepataning atur lan wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Pinangka pungkasaning atur, "Sugeng Midhangetaken". Nuwun.

Atur Pambagya Harja saking ketua panitia Assalamuallaikum wr.wb Sugeng ndalu dhumateng para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten saha para rawuh ingkang kinurmatan. Matur nuwun dhumateng pranata adicara ingkang sampun cumaos wekdal saha papan dhumateng kula minangka ketua panitia Pagelaran Seni ing Sanggar Among Beksa. Langkung rumiyin mangga kita ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring kanikmatan rahmat saha hidayah dhumateng kita sedaya saengga ing titi wanci menika kita saged makempal wonten ing papan menika saperlu mriksani Pagelaran Seni ing Sanggar Among Beksa. Boten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun kersa rawuh wonten ing Pagelaran Seni menika saha para pambiyantu ingkang sampun mbiyantu kaleksananipun adicara saengga saged kalampahan wonten ing titi wanci menika. Para rawuh ingkang kinurmatan, Bilih pagelaran menika ngemu suraos nguri uri kabudayan kita khususipun tanah jawi inggih menika sendratari saha kangge nuwuhake raos handarbeni dhumateng kabudayan jawi ingkang adiluhung. Wonten pagelaran menika badhe dipunsuguhaken pagelaran sendratari ingkang kanthi irah-irahan Sarpakenaka Gandrung saha irahirahan Banjaran Rahwana. Mugi-mugi wontenipun acara menika saged kangge nglestantunaken kabudayan jawi supados boten ical. Para rawuh ingkang minulya, Mbokbilih namung semanten kemawon anggen kula saged matur minangka ketua panitia, wonten kirang saha langkungipun atur nyuwun agunging samodra pangaksami. Wassalamuallaikum wr.wb.

Você também pode gostar