Você está na página 1de 2

ATUR PAMBAGYO HARJO

Assalaamualikum Wr. Wb.


Katur dhumateng poro pini sepuh, sesepuh ingkang
kinabekten, poro Bapak wargo RT 03 RW 09 ingkang
kawulo hormati.
Sakderengipun kulo nyuwun pangapunten bilih kulo
sumilo atur nyiget anggen panjenengan sedoyo nembe
katumben eco sekeco wawan pangandikan, awit kawulo
nuhoni pamundut saking pranoto adicoro kepurih matur
wonten ing adicoro pepanggihan dalu puniko.
Ingkang sepindah monggo kulo derek aken tansah
ngunjuk aken raos syukur dhumateng Allah SWT. Bilih kulo
lan panjenengan sami tasih kaparingan kasehat, kanikmatan,
kesempatan sahinggo kulo lan panjenengan sedoyo saget
makempal wonten ing pepanggihan sewulan sepindah kados
wonten ing dalu puniko, manggen wonten ing griyo kulo

mriki, pramilo kanti raos syukur kulo wau sumonggo kito


ngucapaken Tahmid sesarengan. Alhamdulillah hirobbil
alamin.

Salajengipun kulo sekeluargo ngambali ngaturaken


kasugengan menggah karawuhan panjenengan sedoyo lan
mbok bilih anggen kulo sak keluargo nampi utawi nglenggah
aken panjenengan sedoyo kirang trep silo utawi kirang nuju
prono dhumateng penggalih poro rawuh sedoyo, awit kabeto
saking kawontenan pramilo kulo sak keluargo mawantuwantu nyuwun agunging pangapunten ingkang tanpo
pepindan.
Kulo kinten naming meniko ingkang saget kulo matur
lan mbok bilih wonten atur kulo ingkang mboten mranani
dhumateng penggalih panjenengan sedoyo kulo nyuwun
pangapunten.
Akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah.
Wassalaamualaikum Wr. Wb.

Você também pode gostar