Você está na página 1de 4

ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN

Nuwun:
Ingkang kinabekten sagung sepuh, pinisepuh
Ingkang kinormatan sagunging tamu sinedahan ingkang kula hurmati
Assallamu Alaikum Wbrt.
Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Ibu Hartanta,
pinangka sulih sarro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti ingkang Murbeng gesang, ingkang sampun peparing
barokah, rahmad saha barokah dumateng kita sami ing kalenggahan ing siang punika.
Menggah atur saking panjenganipun Ibu Hartanta;
Sepisan:
Ibu Hartanta ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan sanggyaning tamu sinedahan
ikang kinormatan, ingkang sampun kepareng nglonggaraken panggalih bucal wedal nuhoni
panyuwunipun Ibu Hartanta.
Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti
ingkang maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Ibu Hartanta ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, hamisuda,
Putra miwaha siwi ngunduh penganten sarimbit Bg. Roni..pikantuk putra
Siwinipun ibu .ingakang pidalem ing Purwantara.
Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Jumat Surya 13 Agustus
2004 wonten Purwantoro Wonogiri.
Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandongga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha
sangyaning tamu sinedahan ijab Kabul sampun kalampahan nir ing sambi kala.
Ibu Hartanta nyuwun gungan kepareng sagung tamu ingkang kinormatan kepareng
paringbekahp pangestu dumateng temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan
gesang bebrayan inggal tansah pikantuk pinayungan Gusti Ingkang Maha Agung, sedaya

ingkang ginayuh sageda jumbuh, ingkang dipun jongka tansah sumadya. Tinebihno ing
godha rencana , cinelakno ing suka rena, Nir baya nir ing sangsaya..
Ongka tiga
Ibu Hartanta ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya
kadarman panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken
birawaning panggalih, saha dadosaken lancer, rancak, sumaraking pahargyan ing siang
punika.
Ewa semanten Ibu Hartantoanta boten saget atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun
dumateng ngarsaningGusti, mugi sedaya peparing panjengan ingakang arupi punapa
kemawon,kanthi iklasing panggalih pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel, saha dadosaken
kuncaraning asma panjengan.
Atur sak lajengipun. Ibu Hartanta anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun
krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun.
Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami,
kirang trasilal saha kirang subosita.
Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung gungan dumateng sanghyaning tamu
sinedahan kepareng paring agunging pangak sami ingkang linangkung.
Ibu Hartanta ugi nyuwung gungan dumateng sagung tamu sinedahan ingkang kinurmatan,
kepareng, lelenggahan ngantos dumugi purnaning pahargyan.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten ngarsa panjengan
kirang suba sito, kiranging trapsila, wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha
samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,
akhirul kalam wbst.

ATUR PAMBAGYA HARJA NGUNDUH PANGANTEN


Wewakili Bapak Eko Joko Prasetyo 26 Mei 2013
Ingkang kinabekten sagung sepuh, soho pinisepuh
Ingkang kinormatan sagunging poro tamu
Assallamu Alaikum Wbrt.
Keparenga paring palilah kula semela atur sawatawis, nuhoni pamundutipun Bapak/Ubu Eko joko
Prasetyo, pinangka sulih sariro, talanging atur wonten ngarsa anjengan.
Pinangka purwakaning atur : sumangga kula derek aken ngunjukaken , puja-puji syukur wonten
ngarsanipun Alloh Swt ingkang sampun peparing rahmad saha barokah dumateng kita sami ing
kalenggahan ing siang punika.
Sepisan:
Bapak Ibu Eko Joko Prasetyo, ngaturaken kawilujengan menggah karawuhan poro tamu sedoyo.
Mugi karawuhan panjenengan tansah winantu ing karaharjan, saha tansah pinayungan Gusti ingkang
maha kuwaos.
Ongka kalih ;
Kel bapak Eko ing titi kalenggahan siang punika nuhoni jejibahan tyang asepuh, ngunduh penganten
sarimbit Bagus Adi Riadin inggih putro kakungipun mbajeng Bapak Ibu Eko pikantuk Dyah Ayu Ani
Haryati putro putrinipun Bapak/Ibu Rubinem ingkang pidalem ing Jetak Sendangtirto Berbah Sleman
Menggah ijab kobul saha pawiwahan sampun kalampahan dinten Wau enjang ing Jetak,Sendangtirto
Berbah
Inggih awit saking pujo- puji , pangestu, saha pandonga ,saking sesepuh, pinisepuh, saha
sangyaning tamu , ijab Kabul sampun kalampahan lir ing sambi kala.
Bapak/Ibu Eko nyuwun sagunging poro rawuh paring pangestu lan doa dumateng Alloh sopados
temanten sarimbit mugi anggenipun ngayahi jejibahan gesang bebrayan sagedo dados keluarga
ingkang sakinah mawadah warohmah. Amien.
Ongka tiga
Bapak/Ibu Eko ngaturaken, agenging panuwun ikang tanpa pipindan, menggah sedaya kadarman
panjenengan ingkang arupi punopa kewawan, ingkang sedya kala wau dadosaken birawaning
panggalih, saha dadosaken lancer, rancak, lan sumaraking pahargyan ing siang punika.
Ewa semanten keluawrgo boten saget atur pinwales punapa-punapa, hamung nyuwun dumateng
ngarsaningGusti, mugi sedaya doa lan restu panjengan sedoyo pikantuk lelintu ingkang matikel-tikel
saking Alloh swt
Atur sak lajengipun. Bapak/Ibu Eko anggenipun kagungan kersa ngunduh penganten, sampun
krancang, karacik, saha katiti, kanthi permati,ewa semanten tasih kathah kekiranganipun.
Langkung-langkung angenipun hanampi krawuhan panjenengan,anggenioun buja krami, kirang trasila
saha kirang subosita. Mila awit saking punika mawantu-wantu nyuwung agunging pangar sami
ingkang linangkung dumateng panjenengan sedoyo.
Pinangka pepet-pepuntoning atur, bok bilih anggenkula matur wonten ngarsa panjengan kirang suba
sito, kiranging trapsila, wonten galap gangsuling atur kepareng pareng siha samodra pangaksami.
Ing wasana mugi rahayu inga pinanggih,
Akhirul kalam wbst.

Atur Pambagyaharja Temanten


Assalamualaikum Wr.Wb.
- Dhumateng panjenengan para pinisepuh, para sesepuh ingkang satuhu kula bekteni
- Sagunging para tamu kakung sumawana putri ingkang winantu ing karahayon
- Sarta para kadang werda muda ingkang tuhu pantes sinudarsana
Sakderengupin kula matur, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken monjuk puja-puji
syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung inggih awit peparing nikmat, taufik
hidayah, sarta inayahipun, kula panjenengan sami saged kempal wonten adicara punika kanthi
widada nir ing sambekala.
Wonten ing kalodhangan menika, keparenga kawula sawetawis paripaksa nggempil
kamardikan panjenengan sami ingkang ketemben lelenggahan saha wawan pangandikan.
Karana mestuti dhawuh kersanipun Bapa Aji Budi Harto, kinen matur pinangka talanging
basa sulih sarira.
Ing madyaning pepanggihan menika, Bapa Aji Budi Harto lumantar kula ngaturaken sugeng
rawuh dhumateng para tamu sedaya. Sudeng rawuh, sugeng lenggah. Mugi para rawuh kersa
lenggah kanthi mardikaning penggalih. Ugi Bapa Aji Budi Harto saestu ngaturaken panuwun
ingkang tanpa upami awit panjenengan sedaya kersa nglonggaraken wekdal kangge rawuh
wonten adicara menika.
Inggih karana manunggaling cipta, rasa, karsa lan karyanipun, Bapa Aji Budi Harto ing
kalodhangan menika netepi dharmaning asepuh, malakramakaken putra putrinipun ingkang
sesilih Nak Ayu Fatimah, kadhaup
kaliyan Nak Bagus Radhitya, putra kakungipun Bapa Riswanto. Dene ijab qobul sampun
kalampahan kalawau enjang, wanci tabuh 08.00 kanthi mboten wonten alangan setunggal
punapa.
Karawuhanipun para lenggah sedaya, panjenenganipun Bapa Aji Budi Harto nyuwun donga
pangestu saha peseksen dumateng para lenggah sedaya. Mugi-mugi temanten kekalih
anggenipun bibar nggebyur bebrayan enggal dadoso kaluwarga ingkang Sakinah Mawadah
Warahmah, enggalo pikanthuk tangsuling katresnan. Ingkang tembenipun saged migunani
dumateng agami, tiyang sepuh, saha nagari.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kula bektosi, penejenenganipun Bapa Aji
Budi Harto nyuwun mugio para lenggah sedaya kerso nyrantos pawiwahan punika wiwit
purwa, madya, dumugi wasana. Panjeneganipun nyumanggaaken mugio para lenggah sedaya
kersa ngedapi pasugatan ingkang cumawis, sak kawontenanipun.
Dumateng para rawuh sedaya, Bapa Aji Budi Harto nyuwun pangapunten menawi wonten
kekiranganipun aruh, lungguh, suguh. Saha mbok bilih anggen kawula pribadi matur wonten
galap gangsulipun atur karana kirang sesserepan saha andhaping pawiyatan, kula nyuwun
lumunturing sih agunging samudro pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Você também pode gostar