Você está na página 1de 1

ASAL USULING SUKOHARJO

Jaman biyen asal usule kutha sukoharjo ana gandhengane karo pindahe Kraton Kartasura ning
desa Sala, amarga geger pacinan. Wektu kuwi Sri Susuhan Pakubuwono ijik mrentah. Pindahe
kuwi saka pituture para sesepuh, amarga kraton wis dianggep wis kecampuran pemberontak.
Sawise nampa pitutur saka sesepuh kraton, Sri Susuhan Pakubuwono ngadakake rembugan
karo Kyai Yosodipuro, Kyai Tohjoyo,lan pangeran Wijil. Kyai Tohjoyo menehi pitedah menawa
tlatah kuwi sesuk dienggo mbangun kraton sing isa menehi karaharjan ( Sukoraharjo ).
Bubar kuwi Sri Susuhan Pakubuwono
menehi prentah karo Pangeran Wijil kudu
entuk papan kango ngedekake kraton sing
anyar. Bubar kuwi Pangeran Wijil nggawe
kelompok. Kelompok siji anggotane Suranata,
Kyai Khalifah buyut utawa Mas Penghulu
Pekik Ibrahim. Kelompok loro ketuane Raden
Tumenggung Honggowongso utawa
Tumenggung Tirwiguna.
Luwih saka sedina lan wis mlaku mlaku pirang-pirang dina kelompok loro nemu
panggonan sing cocok kanggo ngedekake kraton anyar. Bubar nyiapake panggonan dienggo
ngedekake kraton, Senapati kudu nemtokake panggonan sing dienggo bicara ngayun ( alun-alun
ngarep), bicara pungkuran ( alun-alun mburi), papan nggawe senjata ( pande ), papan dienggo
nggawe wrangka keris ( Mranggen ), papan para istri raja, lan papan dienggo kandhang gajah.
Sawise kabeh rampung, Senapati laporan marang Sri Susuhan Pakubuwono. Sri Susuhan
Pakubuwono njaluk pratikel marang sesepuh. Nanging miturut Kyai Yosodipuro papan kuwi ora
cocok dienggo nggawe kraton amarga papan kuwi cedhak karo markas Pangeran Sambernyawa.
Bubar kuwi Sri Susuhan Pakubuwono II mrentah nggolek panggon sing liyane. Bubar kuwi
tlatah Sukoraharja ora sida digawe kraton. Miturut hasil panaliten dadi jenenge kutha Sukoharjo,
amarga papan kanggo kandhang gajah dadi desa Begajah , papan kanggo nggawe senjata dadi
desa Pandean, papan kanggo nggawe wrangka keris dadai desa Mranggen, tlatah kanggo para
selir raja dadi desa Seliran. Papan kanggo bicara wiyar dadi alun-alun Satyanegara, lan tlatah
sing dienggo bicara ngayun dadi kantor Kodim 9726 Sukoharjo lan mesdjid kota.
Dadi asal-usuling Kutha Sukoharjo saking tembung Sukoraharjo sing artine papan sing
menehi karaharjan.

Você também pode gostar