Você está na página 1de 1

Artikel Ketoprak Humor

Gus Ji Gang kanggo Jaga Lingkungan

Kethoprak iki nyritakke perlune jaga lingkungan, kanggo tentreme urip manungsa.
Tentremipun bisa arupi tentrem Batin uga tentrem Raga. Tentrem batin tuladhane yaiku ora
ana rasa was-was, lan rasa khawatir. Dene tentrem raga yaiku nduweni raga kang sehat lan
seger. Tentrem kabeh iku mau bisa kawujud menawa ora ono bencana alam, kayata Banjir,
Tanah longsor lan Kobongan Alas. Amerga iku, supaya ora ono bencana alam perlu jaga
lestarine lingkungan. Kanggo jaga lestarine lingkungan perlu anane kabiasaa kang ana ing
batine manungsa, kabiasaan mau yaiku Gunakke barang saperlune, misahke sampah kanthi
Jinise lan daGangke barang sampah kang saget payu. Kabiasaan mau saget dipun singkat
kanthi istilah Gus (Gunakke), Ji (Jinise), Gang (daGangke).

Adegan 1 :
Nyritakke petani sepuh ingkang gersula menawi kahanan sak iki menawi jaman sak iki
pancen mangan iku gampang, akeh jinise panganan kang diadolke, ora kaya biyen jinise
panganan iso diitung kanthi itungan driji. Namung ana panganan kang bahan Jagung lan Telo.
Nanging mbiyen arep mangan karasa endah lan nyaman, mangan apa anane tapi bisa
nyenengke. Tapi jaman sak iki akeh panganan kanthi jinise ora kaitung, nanging arep magan
iku embuh angele ra karuan. Arep mangan e ujug-ujug udan dadine banjir, nganthi banyu
mlebu omah ngrrayahi sikil. Durung e gruk...gruk....gruk lemahe ongsor.

Adegan 2 :
Nyritakake ana pemuda desa kang senenge jagong, guyonan, tanpa gelem makaryo. Pemuda
mau padho banyolan kaya dagelan, crita ngalor-ngidul bahas babagan lingkungan.

Adegan 3 :
Nyitakkake bocah Pramuka Penegak, lewat ing sak ngarepe pemuda desa kang seneng
banyolan. Ing kono bocah pramuka mau diece lan diremehake kanthi ora ono ujunge.

Adegan 4 :
Bocah Pramuka Bantara nolong simbah petani kang nyingkrehke sampah ing kalen, bocah
Pramuka bantu kanthi klambine reget lan kringete notos-notos kaya diperes. Kajadian maau
diweruhi pemuda desa sahingga gawe sadar para pemuda, sawise ngresikki wis rampung,
Pramuka Bantara mau crtita perlu ne jaga lingkungan kanthi kabiasaan lan akhire para
masyarakat sadar jaga lingkungan kanthi kabiasaan Gus Ji Gang.

Você também pode gostar