Você está na página 1de 4

ADICARA IJAB QOBUL

DINTEN SABTU PAHING


10 OKTOBER 2015
Wanci jam 09.00 WIB ( ENJING)
Wonten ing Masjid Nurul Mubin, Teguh Jajar, Sragen

I. Persiapan
1. Jam 07.45 :
Kawontenan Dalem
Calon Penganten putri sampun rampung anggenipun busana
Ingkang hamengku damel Bp/Ibu H Mursanyoto para putra, saha sadaya
pamonging pawiwahan sampun siaga badhe tindak tumuju masjid Nurul
Mubin Teguh Jajar Sragen
Kawontenan Masjid
Papan Ijab Qobul sampun satata sae, uborampe ijab sampun cumawis
Ingkang Mratitisaken : Bp Unggul
II. RAWUHIPUN CALON PENGANTEN KAKUNG (Kawontenan Masjid Nurul Mubin )

2. Jam 08.00 : Sedoyo parogo sampun siaga ing Gati


3. Jam 08.15 : Calon Penganten kakung dalah pangambayong rawuh
III. IJAB QOBUL

4. Jam 08.30 :
Petugas Kantor Urusan Agama Kec. Karangmalang, Wali, Para Saksi, Ingkang
maos ayat suci Al-Quran, ingkang maringi khotbah nikah saha doa, kasuwun
sampun rawuh.
5. Jam 08.40 :
Calon Penganten kakung tumuju dalem masjid, saha kalenggahaken wonten
palenggahan ingkang kasamektakaken.
Calon penganten putri negga wonten palenggahan ingkang katemtokaken (serambi
masjid Nurul Mubin )
Para-para ingkang badhe nyengkuyung tatacara ijab qobul kasuwun lenggah
wonten palenggahan ingkang sampun katemtokaken.
6. Jam 09.00 :
Tata cara Ijab Qobul kawiwitan, dipun sepuhi dening petugas KUA kecamatan
Karangmalang
Wali nikah : Bp H Mursayoto
Saksi saksi :
o Pihak Putri : Bp Sadimin
o Pihak Kakung : Bp Heru Purwono
Maos Ayat Suci Al-Quran : Bp
Maringi Khotbah nikah saha doa : Bp
7. Jam 09.30 :
Paripurna tatacara ijab Qobul, penganten kakung kalarapaken tumuju dumatheng
serambi masjid kinanthi dening Bp Suparno KJ selajengipun nindakaken adicara
ngangemaken kalpika. Adicara ngagemaken kalpika dipun sepuhi saha dipun
pratitisaken dening ibu Suparno KJ
8. Jam 09.40 :
Adicara pamundhuting gambar (foto) terbatas. Ingkang kasuwun mratitisaken : Bp/
Ibu Edy Sutikno.
9. Jam 10.00 :
Pawiwahan Ijab Qobul paripurno

CATETHAN :
1. Sadayanipun saget dipun ewahi minurut kawontenan
2. Poro amongtamu agemanipun :
a. Putri : Busana Muslim
b. Kakung : Nasional / Bebas Rapi
Mugi-mugi purwo, madyo, wusono, saget kalampahan nirboyo nir ing sambiloko

LAMPAHING ADICARA PANGGIH

1. Upacara Panggih
(Wonten Griyo Teguh Jajar)
a. Tabuh 19.00 WIB :
Sedaya parogo sampun siogo ing gati
b. Tabuh 19.30 WIB :
Poro tamu samoun wiwit rawuh kalenggahaken ingkang prayogi
c. Tabuh 19.40 WIB :
Pambiworo hambuka maosaken urut-urutaning adicoro
d. Tabuh 19.45 WIB :
Penganten putri kalenggahaken ing sasono rinenggo kakanti dening
Ibu Hj. Soeroto dalah Ibu Suparno KJ
e. Tabuh 19. 55 :
Duto pamethuk temanten kakung
Duto pamethuk : Bp Drs Mulyono
Pambobol Kembar mayan : Drs H Soeroto
Ingkang Ngasto Kembar mayan : 1. Bp Waryanto
2. Bp Nanang
f. Tabuh 20.00 : Temanten kakung rawuh
Ingkang dipun sepuhi : Bp Drs Suwanto
Pangapit temanten kakung : Bp Bambang Sulistiyo
: Bp Sahid
g. Tabuh 20.10 : Pasrah TInampi
Ingkang Pasrah : Bp Drs Suwanto
Pangapit Pasrah : Bp Sahid
: Bp Bambang Sulistiyo
Ingkang Nampi : Bp Poedarwanto S.Sos MM
Kaapit : Bp Sudarno
: Bp Sutar
Jumeneng Sakwingkingipun Bp / ibu H Mursanyoto
h. Tabuh 20.15 : Adicara Panggih
Ingkang Manggihaken : Bp Ustad Amin
NYamektakaken : Ibu Joko (Juru Rias)
Ngasto beri isi slindur : Ibu Edy Sutikno
Nganthi Temanten putri : Ibu Hj. Soeroto
: Ibu Suparno KJ
Penganten sekalian kasingepan slindur dening Ibu Hj Mursanyoto
dening Bp H Mursanyoto minongko panuntun lampah tumuju
krobogan.

i. Tabuh 20.25 : Rawuhipun Besan


Ingkang methuk besan Bp / Ibu Sadimin
j. Tabuh 20.30 : Adicara Sungkeman
Ingkang mratitisaken Ibu Joko ( Juru Rias )
Ingkang Nglolos Dhuwung Bp Suparno KJ
k. Tabuh 20.40 : Atur pambagyarjo ingkang dipun salirani
Bp Drs Daryanto Mpd
Jinajaran : Bp Dr Edy Sutikno
: Bp Widodo
l. Tabuh 20.50 : Upacara Kirap Pinanganten Gantos Busana
m. Tabuh 21.00 : Tauziah Dening Bp Ustad Amin
n. Tabuh 22.00 : Pawiwahan paripurna
Mbedol temanten sekalian dening Bp/Ibu Sadimin

CATETHAN :
1. Sadayanipun saget dipun ewahi miturut kawontenan
2. Para among tamu kakung kejawen putri nyampingan kebaya.

Você também pode gostar