Escolar Documentos
Profissional Documentos
Cultura Documentos
Gemiyen ana papat wali sesepuhe Desa Argatawang yaiku Pangeran Mertajaya sing
makame saiki neng mburi masjid Desa Argatawang, Wali Basar sing makame saiki neng blok
desa, Wali Samparangin sing makame saiki ning ngingsore wit weringin sing gede ning
kuburan lan Mbah Glodog sing makame saiki ning pereke Kali Glugak.
Gemiyen aran Desane dudu Argatawang tapi Sangenkerta sing ngein aran
Sangenkerta yaiku Pangeran Mertajaya. Diarani Sangenkerta amarga ana 9 werna werita artine
9 pendapat sing sejen. Jarene nek di deleng sing peta Desa Argatawang kuwe bentuke asu lagi
ngringkel sing maknane wonge macem-macem ana sing nurut ana sing rewel mulaneng ana 9
werna.
1. Dukuh Kemiri.
Jarene ana putri sing di udhag-udhag daning aki-aki neng Desa Gantungan putrine
mlebu ning blumbang. Blumbang kue diduduk daning aki-akine akhire ketangkep
lataneng disak digawa mlaku, neng tengah dalan ana wong lewat sing takon gawa apa
ki neng sak? aki-akine njawab nggawa kemiri lataneng dibuka putrine temenan dadi
kemiri. Akhire daerah kue dinamani pedukuhan kemiri.
2. Dukuh Larangan.
3. Dukuh Sangenkerta.
Diarani pedukuhan Sangenkerta sebab gemiyen awal pertama ana desa neng
Sangenkerta kue nang daerah kono akhire daerah kono diarani Sangenkerta pada bae
karo aran desane.
Dong kue ana alas perbatasan Desa Sangenkerta karo Desa Blisuk sing ora keurus
isine suket welang duwur-duwur nemen amarga laka sing ngakoni alas kwe melu daerahe sapa.
Lurah sing daerah loro kue ditegur sekertaris sing saiki arane camat. Sekertaris kue nekani
loro lurah kue, loro lurah kue di denda amarga ora glem ana sing ngarah alas kue. Akhire loro
lurah kue rembugan goleti cara keben alas kue bisa kerawat. Lataneng loro lurah kuwe sepakat
nggabungna loro desa antarane Desa Sangenkerta karo Desa Blisuk eben alas perbatasan mau
bisa keurus. Lurah loro kue nggabung loro desa nganggo nama Argatawang. Bisane
argatawang? Amarga neng desa kue ana gunung sing duwur, arane gunung Tawang sing letake
neng bukit gertukung. akhire diarani Argatawang. Arga artine duwur lan tawang njukut kading
nama gunung kui mau. akhire sepakat dinamani desa Argatawang nganggo selurah bae namane
lurah suki. Sawise dibentuk desa Argatawang akhire pedukuhane dibagi dadi pirang-pirang
bagian yaiku: