Escolar Documentos
Profissional Documentos
Cultura Documentos
Serat Wedhatama minangka salah sawijining serat anggitane KGPAA Mangkunegara IV, kang
isine yaiku ajaran pitutur luhur. Wedhatama dhewe kuwi cekakan saka tembung Wedha lan tama. Wedha
tegese ajaran, tama tegese utama. Mula Serat wedhatama isine ngajarake kautaman uripe manungsa ing
tanah Jawa. Apa sing utama ana ing urip iki? Yaiku carane dewe bisa bungah atur panuwun marang
Gusti, awake dewe tangi turu isih diwenehi kesempatan kanggo urip, ambegan (bernafas) kanti sehat lair
batin.
KGPAA angkunegara IV paring pitutur luhur lumantar tembang macapat pupuh sinom, pangkur,
gambuh, lan sakpanunggalane.
1. Ing ngisor iki ana teks serat wedhatama pupuh sinom. Ayo padha diwaca!
Tembang sinom iki nate digendhingake kanggo ngiringi serat wedhatama anggitane KGPAA
Mangkunegara IV sing dicaosake dening paguyuban Karawitan Jawi Condong Raos pimpinan Ki
Nartosabdo(alm) kanthi swarawati Nyi Sutantinah, Nyi Tugini, Nyi Suyatmi.
Tembang Sinom
(Gusti Pangeran Adiipati Arya)
Kanggo ngeling-eling pasinaon semester wingi, kudu ngerti tegese guru gatra, guru lagu, lan guru
wilangan!
Guru gatra : paugeran cacahing larik ana ing tembang
Guru lagu : paugeran tibaning swara ing pungkasaning gatra
Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
Tembang sinom uga nduweni guru gatra, guru lagu lan guru wilangan. Tembang sinom nduweni
watak trengginas, canthas, lan tresna asih. Cocok kanggo bab-bab kang sarwa(serba) lincah . tembang iki
nggambarake wayah enom. Sinom dewe nduweni teges: godhong asem, enom, lan isih enom, mudha, lsp.
Guru gatrane tembang sinom sapupuh(sabait) nduweni 9 larik.
Serat wedhatama uga nengenake kadiwasaning akal pikiran, rasionalitas, urawa intelektual.
Babagan karakter lan lan perilaku kang becik, serat wedhatama menehi tuladha yaiku panembahan
senopati. Serat wedhatama ngajarake telung nilai kang bisa ngangkat derajade manungsa yaiku
wirya,harta,lan winasis (pangkat, bandha, lan kapinteran). Serat wedhatama ngajarake telung prekara
kang dadi cagaking panguripan, yaiku lila yen kelangan(iklas disaat kehilangan), Sabar nalika entuk
pacoban, lan narima ing pandum pasrah sumarah mring Gusti.
Serat wedhatama uga ngajarake awake dewe supaya ngadohi angkara murka, yaiku nesu kang
tanpa alesan kanggo utupi salahe awake dhewe. Serat wedhatama ana pirang-pirang pupuh. Ing antarane
pupuh sinom. Dene tembang macapat dhewe cacahe ana sewelas: mijil, sinom, dandhanggula, kinanti,
megatruh, gambuh, pocung, maskumambang, durma, pangkur, asmarandana.
WAYANG
Pendhawa:
Puntadewa Werkudara Janaka Nakula Sadewa
Nalika ing pagelaran wayang, ing sela-sela carita biasane ana selingan guyonan sing
diarani:gara-gara. Gara-gara kuwi biasane diisi kanthi tokoh punakawan, bisa uga limbuk cangik.
Gamelan:
Gamelan Jawa
Silsilah mahabarata
Keluarga bharata diwiwiti saka eyang Abiyasa, kang nduweni putra telu yaiku: Destrarasta,
Pandu dewanata, lan Yamawidura. Saka telung anake Abiyasa, sing duwe putra mung Destrarasta lan
Pandu dewanata, dene Yamawidura ora krama(berkeluarga/nikah). Pandu peputra pandhawa, lan
Destrarasta Peputra Kurawa sing cacahe satus.
Dewi Madrim
Anggenipun dados pranatacara kudu nggatosaken 4 bab yaiku: wicara, wirama, wiraga,
wirasa.
1. Wicara yaiku: pengucapan vocal pranatacara kang cetha, ora lirih, ora bindheng supaya jelas
2. Wirama : nada, intonasi, kang temata ora digawe-gawe, jumbuh(sesuai) karo adicarane.
3. Wiraga : sikap kang anteng, ora kakehan obah, tangane ngapurancang, dedege kang jejeg.
4. Wirasa : yaiku ulatan(mimic wajah) pranatacara nalika nglantaraken titi laksana.
Dadi ing ndhuwur kuwi mau salah sawijine carane dadi pranatacara ing adicara ngantenan.
Bedane acara karo adicara yaiku:
Yen acara kuwi naming biasa ora patiya megah. Tembung nikahake biasane digawe palakrama. Upama
nyebut anak ing pranatacara dibasakke atmaja/ ingkang putra.
TEMBUNG YOGASWARA
Tembung yogaswara yaiku tembung loro kang digabung dadi siji, sing ngarep tiba swara a sing mburi
tiba swara i lan duweni teges lanang wadon. Tuladha:
Ananging ora kabeh tembung kang didhapukake ngarepane a mburinane I nduweni teges tembung
yogaswara. Sabab ana wae kang digawe-gawe saka tembung jenenge uwong. Kayata : Sukarno-sukarni,
Maryana-Maryani, Suprapta-Suprapti. Lha amerga ora kabeh kang jenenge Sukarno kuwi lanang,
Sukarno kang nduweni jeneng wedhok uga ana. Mula yen jeneng kuwi ora bisa dianggep yoga swara,.
Tembung kriya(kata kerja) uga ora bisa. Tuladha : bola-bali,
Panyandra
PANYANDRA yaiku tembung kang digunakake kanggo bebasan nggambarake kahanan kang ana.
Panyandra kuwi bisa kanggo ibarat kang memper(menyerupai). Digunakaake untuk mendekripsikan
keadaan mirip dengan sesuatu yang lain. Tuladha :
Alise : nanggal sepisan( alise seperti bulan ketika tanggal satu Jawa, bentuke nylirit)
TEMBUNG ENTAR
TEMBUNG RURABASA
Tembung rura basa yaiku basa kang rusak sing wis kelantur-lantur, nganti ora kena dibenerake maneh.
Yen dibenerake malah bisa dadi basa kang ora lumrah. Tuladhane:
-negor gedhang : sing bener negor wit gedhang (gedebog), malah disingkat dadi negor gedhang
-nguleg sambel : sing bener nguleg Lombok dadi sambel, nanging dicekak nguleg sambel Kamangka
sambel kuwi wis dadi (wis mateng) ora perlu diuleg.
-nggodhog wedhang: wedang kuwi banyu kang wis mateng, lha wedhang kok digodhog maneh, sing
bener nggodhog banyu dadi wedhang
Angka jawa
1:1 6 6
2 2 7 7
3 3 8 8
4 4 99
5 5 0 0