Você está na página 1de 2

Pidato Perwakilan dari Pihak Keluarga

Assalamualaikum Wr. Wb.

Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x

Nuwun, para takziyah ingkang kula kurmati, kanthi rahmating Gusti ingkang Maha
Agung, ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan kasarasan, saged rawuh ing
dalem duhkita ngriki ing upacara pametaking layon almarhum/almarhumah (....) sing
menika.

Keparenga kula minangka wakilipun kulawarga, ingkang nandang bela sungkawa,


ngaturaken agungin panuwun dhumateng para takziyah ingkang sampun kepareng
rawuh wonten dalem mriki, paring pakurmatan upacara pametaking layonipun
almarhum/almarhumah (...) mboten kesupen kulawarga ngaturaken agungin
panuwun ingkang tanpa umpami dhumateng panjengengan sedaya ingkang sampun
paring pambiyantu awujud bandha beya, iguh pratikel saha penggalihan, ingkang
sedaya wau katujokaken saha mahanani entenging sesangganipun kulawarga.
Kulawarga ing ngriki mboten saged paring lelintu menapa-menapa, kejawi naming
memuji mugi sedaya amal kesaenan panjenengan sedaya tansaha pikantuk piwales
saking Gusti Allah. Amin..

Para takziyah ingkang kula kurmati, perlu kawuningan sepinten upaya lan ikhtiaripun
kulawarga nalika almarhum/almarhumah (...) nandhang gerah, sageda sehat malih,
nanging gandheng sedaya pepesthen menika wonten ing astanipun Gusti, pramila
kanthi tentrem Bapak/Ibu/Sedherek... Sasmpun sowan wonten nnggarsanipun Gusti,
rikala dinten... Waci tabuh... Wonten ing...

Dhumateng para takziyah sedaya kepareng paring donga amrih sedaya amal
kesaenanipun almarhum/almarhumah (...) saged ketampi linebura sedaya dosa lan
kalepatanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi kaparinga manah
tabah, ikhlas lan tawakal.

Ing wasasna mbok bilih almarhum/almarhumah (...) rikala sugeng gadhah kalepatan,
utawi pettangan ingkang dereng rampung dhateng panjenengan sami, kulawarga
nyuwunaken agenging pangapunten. Lan panjenengan kersa rawuh
ngrampungaken sedaya wau kaliyang kulawarganipun.

Ing wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten atur
ingkang kirang prayogi. Kula nyuwun pangapunten. Nuwun

Wassalamualaikum Wr. Wb.


Pidato Perwakilan dari Pihak Masyarakat

Assalamualaikum Wr. Wb.

Inna lillahi wa innna ilaihi raajiuun 3x

Nuwun, Bapak... Sakulawarga ingkang kula kurmati, saha para takziyah ingkang
kinurmatan. Sedaya ingkang wonten donya menika namung kagunganipun Gusti
Allah ingkang Maha Agung, lan dhateng Gusti ugi sedaya badhe kapundhut
wangsul...

Bapak... Sakulawarga keparenga kula matur minangka wakilipun warga Desa (...)
ingkang sepisan ngaturaken ndherek bela sungkawa awit saking kunduripun
Bapak/Ibu/Sedherek... Wonten ngarsanipun Gusti.

Salajengipun kula ugi ndherek memuji, muga-muga almarhum/almarhumah (...)


tinampi ing ngarsanipun. Dhumateng kulawarga ingkang dipuntilar, mugi-mugi
pinaringan sabar, tawakal, lan manah ingkang ikhlas. Kula panjenengan sedaya
namung saged nampi menapa ingkang dipun kersakaken Gusti lan sawanci-wanci
ugi badhe kapundhut.

Wasana cepak semanten atur kula. Kathah kalepatan atur saha tindak-tanduk
ingkang mboten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Você também pode gostar