Você está na página 1de 2

ADIWIYATA

Ing smpn 1 JENU ono program sekolah adiwiyata utawi eko sekul. Saben dino jumat ngadaake
kagiyatan jumat resik. Dino iku ing kantin sekolah.
Putri : wes,wes na ayo di resiki kelase jame selak bar.
Farida : engkok sek cah, wetengku luwe,sarapan disek.
Rohma : awakmu ki piye toh,mau budal isuk gak ndang sarapan saiki wayahe
resik-resik malah sarapan,deloken toh mengko ditiru adek- adek kelas
Emilia :wes lah,ora usah urus adek kelas,engkok wetenge awak dewe loro
amergo gak sarapan
Farida : na yo toh
Putri : yo wis,sak karepmu aku arep bali neng kelas disek
Rohma : aku melu, bali disek yo
Farida : yo (mbek molo-molo)
Sakwise sarapan bocah loro mau bali neng kelas. Tapi sakdurunge bali neng kelas bocah
loro mau krungu batur-baturane wis podo dongo pertondo yen gurune wes mlebu kelas.
Farida :ndoh,kok wis podo donga kabeh. Wis ono guru neng kelas mil. Aduh..
mesti kenek hukuman iki.
Emilia : na ayo kok mlayu wae suwi tenan.
Farida : sek toh,wetengku suduken iki lo..(sinambi ngelus-ngelus wetenge)
Emilia : walah..,sikel iki mbulet wae(tibo)
Emilia lan farida : assalammualaikum
Bu.eni : waalaikum salam. Mari neng ndi wae ora melu jumat resik,mlebu kari.
Emilia :ngapunten bu kula,
Bu. Eni : wis ga usah akeh alesan,aku wis ngerti. Mestine kakak kelas iku menehi
conto sing apik marang adik kelas,ora mung gawe ulah.wis saiki resiki wc,latar sekolah,mari iku
kurmat marang gendero nganti ngaso.
Bocah loro mau diseneni lan dihukum. Tapi wektu dihukum ora ngrumangsani nek wong
loro kuwi kliru malah podo salah- salahan.
Emilia : adoh- adoh ki salahem,wes masok mangan wae.
Farida : kuwe yo mangan ngunu kok.(karo mloroki emilia)
Emilia : emm..mlayunem suwe cah..
Farida : halah,kuwe malah tibo.
Rohma : wes-wes wong loro podo salahe gak usah eyel-eyelan. Kae lo di celuk
bu eni
Farida lan emilia banjur nemoni bu eni,bocah loro kuwi diwenehi wejangan. Tapi
wejangan iku mung mlebu kuping tengen lan metu kuping kiwo.
Putri : piye wes kapok.
Farida : gak leh,mbadaki guru (sinambai mangan jajan)
Emilia : na yo leh,mosok murid kon resik-resik teros,opo gunane
Rohma : wong loro ki piye toh. Sekolah iki lak melu program adiwiyata yo kudu
resik lan ijem lingkungane dadi yo kudu resik-resik.
Farida : eh.. ngunu..(sambil mbuwang-mbuwang kulit jajan sak enggon- enggon)
putri : loh,wes dituturi malah sampahe mbog glece neng ndi- ndi
farida : iyo-iyo,(farida seng wes sadar perbuatane banjur munguti sampah sing di
glece mau)
emilia : tapi, wes ono pak bon ngnu kok
rohma : ndo..sing jenenge adiwiyata iku kabeh anggota sekolah dadi yo ra mung
pak bon sing ngresiki sekolah uga siswa-siswi,guru, staf TU. Kepala sekolah yo kudu resik-resik
emilia lan farida : eeeeeeeeeeeeeeeeeee..........
farida : iyo-yo berarti awak dewe kawet biyen kliru
emilia : iyo-yo,sepurane yo nek aku karo farida ora tau ngrungokno awakmu,aku
yo ra tau resik-resik,sepurane tenan aku nyesel..
putri : wis ora ngapa sing penteng saiki wes sadar. Wis mulane saiki kitha uga
njaga keresikan sekolah.
Rohma : ura mung neng sekolah tok,neng umah uga seneng resik-resik.
Emilia lan farida : he.emmmmmm...
#kitha janji yen menowo mbuwak sampah lan onok ssampah uga menghindar,kitha kudhu
mbuwang sampah ing tempat sampah supados lingkungan resik sedaya.

Mulai dino iku sak sahabatan kuwi seneng resik-resik lan njaga lingkungan sekolahe.

Você também pode gostar