Você está na página 1de 1

ASAL USULE KUTHO BANYUWANGI

Dhek jaman biyen ing tlatah Jawa Wetan ana raja ajejuluk Prabu Dindurejo. Sang
Prabu duwe paih jenenge Patih Sidapaksa. Patih Sidapaksa mau kagungan garwo sing ayu
lan lagi mbobot sepuh. Kajaba iku Patih Sidapaksa ugah isih kagungan ibu. Ibune iku
nduweni watak angkuh lan kejem. Dheweke gething banget karo garwane Patih Sidapaksa.
Ing sawijining dina ibune Patih Sidapaksa matur marang Sang Prabu Sindhurejo.
Nyuwun supaya sang Prabu ngutus Patih Sidapaksa menyang gunung Ijen saperlu njupuk
kembang Wijayakusuma. Sang Prabu ngubalke panyuwune Ibune Patih Sidapaksa iku.
Tenan, esuke Patih Sidapaksa ditimbali Sang Prabu Sindhureja. Mangkene pangandikane :
Kakang Patih Sidapaksa, ojo wedi kangelan jeneng siro sun utus menyang gunung Ijen
saperlu njupuk kembang Wijaya kusuma!. Patih Sidapaksa ngendikani banjur budhal.
Sapungkure Patih Sidapaksa menyang gunung Ijen, garwane babaran. Kayangapa
bungahe atine garwane Patih Sidapaksa dene putrane miyos kakung. Kabungahan iki ora
suwe, amarga ing sawijine wektu nalika sang putri lagi siran, putrane di colong deneng ibu
maratuane. Jabang bayi mau digawa menyang kali banjur di jegurake.
Sawise rong taun Patih Sidapaksa kondur. Ana ndalan dheweke di pethuki dening
ibune. Diadul-aduli Manawa putrane di buang bojone menyang kali. Kaya ngapa dukane
Patih Sidapaksa. Sanalika grawane dilarak arep diperjaya nganggo keris. Garwane nurut bae.
Sadurunge diperjaya, dheweke kagungan panyuwun marang garwane, mangkene : Kang
Sidapaksa, Kulo purun panjenengan perjaya, nanging kulo panjenengan bekta dhateng
sapinggiring lepen ! sabanjure garwane enggal digawa menyang pinggir kali sing kanggo
mbuwang putrane. Bareng wis tekan, Patih Sidapaksa ngendika, Yayi siiki buktekna
Manawa jeneng sira ora salah ora mbuwang putra ningsun. Garwane mangsuli, Inggih
Kakang mas, badhe Kula buktekaken !. Garwane Patih Sidapaksa tumuli mlaku alon-alon
mudhun menyang kali lan njegur. Sanalika iku sang putri musna ana ing sajroning banyu.
Sailanging garwane iku ana wewujudan kembang cempaka cacahe loro, gedhe lan
cilik njedhul saka njeron banyu. Kembang iku nyebarake ganda arum lan wangi. Kembang
sing gedhe clathu, Kang mas Sidapaksa, sekar ingkang ageng punika kula dene ingkang alit
punika putra panjenengan.
Sabanjure, kembang sing cilik mau matur, Rama, sejatosipun ingkang merjaya
kula punika inggih Eyang piyambak. Sawise omong mangkono, kembang cempaka sakrone
banjur ambles ing sajruning banyu, kanthi ninggal ganda sing wangi. Kaya ngapa gela lan
sedhihing panggalihe Patih Sidapaksa. Mula kanggo pangeling-eling papan kono banjur di
jenengi Banyuwangi. Tegese banyu sing anggambarake ganda sing wangi.