Você está na página 1de 1

Atur Pasrah Temanten Kakung

Assalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh.


Para tamu kakung miwah putri ingkang pantes sinudarsana, langkung rumiyin puji
syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT, karana sih wilasa murih barokahipun
ingkang sampun kaparingaken dhumateng kita wonten ing wekdal menika saengga saged
makempal ing papan menika kanthi pinaringan karaharjan mboten manggihi alangan setunggal
menapa.
Kula pun SUYOTO ingkang piniji minangka sulih wicara panjenenganipun Bp / ibu . . .
nuwun inggih tiyang sepuhipun temanten kakung. Keparenga badhe matur dhumateng Bpk /ibu
. . . dalah sagotrah kulawarga.
Ingkan sepisan kula sarombongan saking ndalem sowan dhumateng panjenengan Bpk /
ibu . . . sagung kulawarga kanthi niat silaturahmi, ngaturaken Assalamualaikum wr.wb.
Kaping kalihipun Bp / ibu . . . sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene
panjenengan Bpk / ibu . . . sampun saged ngleksanani darmanipun asepuh, hanenggih
malakramakaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan langkung-langkung
sampun sineksen dening para pinisepuh kepara malah sampun kersa nampi kula sarombongan
kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken. Pramila kula sarombongan ngaturaken agunging
panuwun
Kaping tiganipun. Kula suwun mugi-mugi panjenenganipun Bpk /ibu . . . ( temanten putri
) kersa paring pitedah saha pitutur dhumateng anak kula . . . ( temanten kakunng ) saengga
saged dados tiiyang ingkang wicaksana, saged mbangun bale wisma ingkang sae saengga saged
dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah lan warohmah. Amin.
Bapak / ibu . . . saha para rawuh sedaya.,kula kinten cekap semanten atur kawula
menawi wonten klenta-klentunipun anggen kula matur saha kiranging subasita kula
sarombongan namung nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami. Matur nuwun.

Você também pode gostar