Você está na página 1de 3

Nama : Tri Apriyani

Kelas : XI TJA
Atur Prawacana

Alhamdulillah, puji syukur panyerat aturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah Ingkang
Maha Agung sahengga laporan punika saged kasusun kanthi sae. Boten kesupen kula
aturaken matur sembah nuwun kagem tiyang sepuh kawula ingkang tansah paring donga
pangestu saha para dwija ingkang sampun paring kawruh lan seserepan sahengga laporan
ingkang kasusun sae punika saged purna.
Laporan karya tulis kanthi irah-irahan "Nyemak Musyawarah" punika minangka salah
satunggaling sarana gladhen nyerat. Laporan menika kasusun kagem njangkepi tugas
semester II mata pelajaran basa Jawa.
Mugi-mugi laporan ingkang kaserat dening panyerat menika saged paring mapinten-
pinten manfaat dumateng para sinten kemawon ingkang maos. Kula minangka panyerat ugi
kathah kakirangan, pramila panyaruwe saha panyendu tansah kula antu-antu.

Margasari, Mei 2018

Panyerat
NYEMAK MUSYAWARAH
Nyemak
Ana sajroning bebrayan ana tembung krungu, ngrungokake lan nyemak. Katelune beda-beda
tegese.
Krungu tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi ora sengaja utawa
saderma kabeneran.
Tuladha : Nalika aku sinau, aku krungu barang tiba saka ndhuwur gendheng.
Ngrungokake tegese proses kegiyatan nampa swara sing dilakoni kanthi sengaja nanging
during ana unsure pemahaman.
Tuladha : nalika aku sinau basa Jawa, aku krungu lagu karemenanku, sabanjure aku
ngrungokake lagu kuwi. Barengwisrampung lagune,aku sinau maneh.
Nyemak tegese proses kegiyatan nyemak lambing-lambang lisan kanthi nggatekna kang
tumenen, paham, apresiatif, sarta interpretasi antuk informasi, nangkep isi utawa pesen sarta
paham tegese babagan sing diomongake pembicara.
Tuladha : aku mesthi nyemak piwulangan sing diparingake guruku kanthi tumenen, sinambi
nyathet bab-bab penting sing diterangake.
Jinising nyemak kaperang dadi loro, yakuwi :
a). Nyemak Ekstensif
Tegese proses nyemak ana bebrayan saben dinane. Kayata nyemak radio, televise, pacelathon
ning pasar, lsp.
Ana patang perangan nyemak ekstensif
1. Nyemak Sekunder, nyemak sing kedadeyan sarana kebeneran. Upamane : lagi sinau uga
bisa ngrungokake wong omong, swara radio, tv, lsp.
2. Nyemak Sosial, nyemak sing ditindakake ana bebrayan social. Kayata : pasar, terminal,
kantor pos, lsp.
3. Nyemak Estetika / Apresiatif, tegese kegiyatan nyemak kanggo nikmati karya sastra.
Kayata : nyemak puisi, cerita, syair lagu, lsp.

4. Nyemak Pasif, tegese ngrungokake sing dilakoni kanthitampaana upaya sadar. Tuladhane
nyemak basa dhaerah ngasi tekan bisa.
b). Nyemak Intensif
Tegese kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen lan konsentrasi sing dhuwur.
Ciri-ciri nyemak intensif :
a. Nyemak kanthi pemahaman
1. Nyemak kanthi kebak konsentrasi

2. Nyemak paham bahasa formal


3. Diakhiri reproduksi hasil simakan

b. Jinising nyemak Intensif yaiku :


1. Nyemak Kritis tegese :kegiyatan nyemak sing dilakoni kanthi tumenen kanggo menehi biji
kang objektif, nemtokake asli lan orane, kaluwihan, lan kakurangan-kakurangane.

Você também pode gostar