Você está na página 1de 3

Anggota Kelompok :

1. Aulia Rizky Amanda (02)


2. Diaz Inayatul Fatikha (06)
3. Lucky Dian Novitaningrum (13)
4. Ramadhani Nurul Rahayu (24)

Unsur Intrinsik :

a) Tema : Katresnan
b) Alur / Plot : Maju
c) Paraga lan Watak :
1. Tanti : Protagonis
2. Kusna : Protagonis
3. Marya : Antagonis
4. Bu Hadisupadmo : Tritagonis
5. Pak Hadisupadma : Tritagonis
6. Hartono : Tritagonis
d) Latar / Setting :
 Pertelon Kotabaru
 Jam setengah wolu bengi wayah bali sekolah
 Pom bensin
 Omahe Tanti
 Gunung Clereng Kabupaten Kulonprogo
 Stasiun Tugu
 Stasiun Wates
 Papan Padusan
 Stasiun Tugu Ngayogyakarta
 Griya Sakit
 Brebes
e) Sudut Pandang : Sudut Pandang Wong Katelu
f) Amanat : Manut marang wongtuo, ndueni sifat ora gampang dendam, lan
setya marang wong kang ditresnani
Sinopsis Novel Pinesthi
Diposkan pada 13 Desember 2015 oleh Dita Ian Arumansyah

Tanti, dasare anak ragil bapak lan ibune uripe pisahan. Sakwene pisahan tanti ndherek ibune.
Sanajan aleman sejatine tanti kuwi bocah ingkang praupane ayu lan pawakane lencir tansah
dadi kawigatene kanca-kancane ing SMAne. Ngancik ujian sekolah guru-guru nganakake
kagiyatan kelompok. Kelompokke tanti isine cah 3 yaiku Tanti, Hartono lan Kusna. Sakwene
sinau kelompok Tanti kerep diterake lan diampiri dening Kusna. Nganti sawijining dina Marya
bocah sing nduwe rasa marang Tanti ngarang crita yen Tanti lan kusna nalika sinau kelompok
mungmung boncengan mrana-mrene.
Tanti tansah kepikiran kadadeyan kang lagi nemahi. Awane jam setengah loro Kusna wis
ngampiri Tanti ing ngarep omahe arep mangkat sekolah. Sakloron mau ngepit jejer sakdalan
dalan. Tekan pertelon Kotabaru ndilalah petukan karo Marya, ngerti yen Tanti lan Kusna ngepit
bareng dheweke malah kepara ndisiki. Atine Tanti saya ndongkol kelingan crita sing dikarang
Marya lan nalika ketemu Maryane yo mung meneng wae.
Ora krasa srawunge Tanti marang Kusna sangsaya raket, Bu Hadisupadmo ibune Tanti uga
seneng marang Kusna mergo ngerti sopan santun, sanajan wong ndeso putrane pegawe
rendahan nanging ora nguciwani. Jam setengah wolu bengi wayah bali sekolah Tanti deterake
Kusna. Bareng tekan prapatan bres udan deres, sakloron mau ngeyub ing pom bensin. Sanajan
yo akeh sing ngeyub mula Kusna banjur mepet Tanti lan ngenggem tanganne Tanti. Saka
dayaning ludira mudha bareng awake kepepet priya kang saben dina pethuk, tuwuh rasa aneh
jroning kalbu. Tekane omah Tanti ora bisa turu pikirane mung kelingan nalika lagi ngeyub mau.
Ora ngira jebul Kusna uga nduweni rasa marang Tanti. Pikire Kusna tinimbang dheweke mung
diarani luwih becik ditenani. Mulane Kusna nyedhaki Tanti terus.
Nalika tanggal abang wayah prei sekolah Tanti lan kanca-kancane cah 8 arep dolan menyang
gunung Clereng kabupaten Kulonprogo. Cah 8 mau mangkat ngepit tekan stasiun Tugu banjur
pite melu ditunggangke sepur tekan stasiun Wates. Tekanne Clereng kanca-kancane pada
nyemplung ing papan padusan. Nanging Tanti ora, amarga ora bisa nglangi. Kusna ngajak Tanti
munggah gunung Clereng sing akeh wit jambu senengane Tanti. Pancen kahananne lagi panas
lan Tanti uga lagi akeh pikiran, tekane gon sing dituju Tanti semaput. Kusna njaluk tulung mbok
bakul dhawet supaya mblonyohi awakke Tanti nganggo balsem. Sabubare diblonyohi Tanti
melek, Kusna ngajak Tanti lan kanca-kancane bali mergo Tanti masuk angin. Ing sepur, bareng
ndeleng Tanti nglamun banjur Kusna ngrangkul bangkekane Tanti. Ora krasa wis tekan stasiun
Tugu Ngayogyakarta, Tanti uga diterake Kusna nganti tekan omah.
Sejatine atine Tanti bingung amarga pak Hadisupadma dhawuh dheweke supaya enggal-enggal
golek bojo. Nanging pak Hadi mboten kersa yen Tanti entuk bojo wong ndeso. Karepe Tanti
arep dipacangke karo anakke kanca kantore pak Hadi. dhawuhe pak Hadi sing ora bisa dinyang
maneh ndadekake Tanti trataban. Apa maneh yen kelingan yen pak Hadi kagungan gerah liver
lan asma. Pikiran kuwi banget ngganduli Tanti saben dinane kepara nganti semaput lan mlebu
griya sakit.
Kala menika bu Hadi diangkat dadi kepada sekolah ing kidul negara. Dene sidane Tanti ngekos
cedhak daleme bapakne ning Tukangan. Pak Hadi wis kerep ora tindak ngasta amarga gerah.
Gerahe pak Hadi wis nguwatiri banget, banjur Tanti mriksakaken bapakne dhateng griya sakit
diterake Kusna amarga bu Kartilah ibu kuwalonne yo wis wegah wegahan ngurusi bapakne.
Dina sateruse pak Hadi bola bali mlebu metu griya sakit. Tanggal 10 Juni taun 1959 pak Hadi
tilar donya.
Nganti pirang pirang minggu pangrasane Tanti sepi, angglong banget yen kelingan pak
Hadisupadma. Saiki wis ora ana sing nresnani lan manjakake dheweke, ibune uga adoh ana
kidul negara dadi ora ngerti kahanane. Ora nyangka jebule ibu Hadi wis matur maring Kusna,
menawi bu Hadi titip anak ragile marang kusna. Dina-dinane Tanti dikancani Kusna, dadi
dheweke ora krasa sepi maneh. Dheweke ngrasa ana sing nresnani lan manjakake. Nganti ing
sawijining dina Kusna nekat kanthi tulusing ati matur marang Tanti yen dheweke kebacut tresna
marang Tanti lan matur yen dheweke enggal-enggal arep nembung Tanti marang bu Hadi. Tanti
mung manthuk terus ndhungkluk rasane isin seneng. Saking senenge Tanti dirangkul lan diarasi
maneh.
Ora suwe Kusna nglamar Tanti. Saiki Tanti wis resmi dadi tunangane Kusna. Tanti nganggo ali-ali
kang njerone ana tulisane Kusna Atmaja. Dene Kusna uga nganggo ali-ali kang njerone ana
tulisanne Tanti Anggraeni. Ijabe Tanti lan Kusna mengkone arep dianakake ing daleme
pakdhene Tanti. Amarga pakdhene ora kagungan putra dadi kepengin ewuh ora ketang sepisan.
Kanggo syarat ijab ing daleme pakdhene, Tanti kudu manggon ndherek pakdhe sasuwene
telung sasi dadi Tanti kudu pisan disik karo Kusna.
Dasare bocah ayu ing daleme pakdhene Tanti uga disir Mas Harno, putrane mbakyune garwane
pakdhene. Ora mung Harno, Tanti uga disir mas Eko. Mas Eko kuwi wonge nekat, mas Eko
sanjang yen dheweke kepengin kenal karo calon garwane Tanti, yen wis kenal arep diadhang
ning dalan arep dipateni. Ngerti yen mas Eko nduweni niat ala, Tanti saya trataban. Mula Tanti
diungsike ing Brebes nanggone mbakyune kanggo njagani yen mas Eko nekat marang Tanti.
Dasare cah ayu, ing daleme mbakyu lan kangmase ing Brebes, Tanti uga disir kancane masse
kang uga guru. Nanging ngerti yen Tanti wis nduweni dalam urip mula guru sing ngesir Tanti
banjur mupus.
Seminggu sadurunge adicara sing digadhang-gadhang kawiwitan, Tanti mulih ing daleme
pakdhene. Tanti ngrewangi budhe lan pakdhene nata ubarampe kanggo ijabe. Pener jam 1
awan Tanti lan Kusna sida diijabake ing daleme pakdhene.

https://sinaubasalansastrajawablog.wordpress.com/2015/12/13/sinopsis-novel-pinesthi/

Você também pode gostar