Você está na página 1de 8

ANDHE – ANDHE LUMUT

TOKOH :

1. Pangeran (Andhe – Andhe Lumut)


2. Mbok Rondho Dhadapan
3. Mbok Rondho Klenting
4. Klenting Abang
5. Klenting Biru
6. Klenting Ijo
7. Klenting Kuning
8. Bejo
9. Yuyu Kangkang
10. Widodari

PROLOG

KADADOSAN ING NEGARI INGKANG GEMAH RIMPAH LOH JINAWI, TATA TENTREM KERTA
RAHARJA. WONTEN SALAH SAWIJINING PANGERAN INGKANG GESANGIPUN SARWA KACEKAPAN.
PANGERAN MENIKA PUTRA MAHKOTA INGKANG BADHE NGLAJENGAKE TAHTA KERAJAAN. ANANGING
PANGERAN KALAWAU MBOTEN MAREM KALIH GESANGIPUN INGKANG KACEKAPAN. PANGERAN
KEPINGIN LELONO. NGLAMAHI WONO. PANGERAN KEPINGIN MADOSI JATI DIRINE UGI PENGALAMAN
GESANG. SAKING MRIKU KAWIWITAN LELAMPAHAN GESANGIPUN PANGERAN INGKANG MANGGIHAKE
SISIHAN GESANGIPUN INGGIH MENIKA LARE WADON INGKANG SAE MANAHIPUN LAN AYU PASURYANE.

BABAK 1 ( ING ALAS )

KALIH TIYANG KANEMAN MLAMPAH NGLEWATI WANA INGKANG RIMBUN. NINGALI KIWO
TENGENE MBOTEN WONTEN KEWAN UTAWA PEKSI INGKANG SAGET DIPUNBURU. KANEMAN BAGUS
KALIHAN PANDHEREKE WAU SAKYEKTOSIPUN INGGIH MENIKA PANGERAN INGKANG LELONO KANGGE
PADOS JATI DIRINIPUN. (KALIH TIYANG WAU MLAHPAH KANTHI WASADAPA NGINGETI ANA NGISOR LAN
NDHUWURE NGGOLEKI KEWAN KANG ISO DIBURU).

Pangeran : “Jo.. Bejoo.. kowe ning endi? Jo.. Bejo…”

Bejo : “Pangeran.. pangeran.. panjenengan wonten pundi pangeran?”

(MLAMPAH MUNDUR ,LAJENG TABRAKAN NGANTI GELIMPUNGAN)

Pangeran : “Aduh.. kowe kuwi ati – ati ta.”

Bejo : “Hehehe.. Ngapunten pangeran, kula mboten ngertos pangeran wonten wingking
kula.”

Pangeran : “Rene Jo, rene!! Aku arep cerita.”

Bejo : “Wonten napa,Pangeran?”

(KALIH TIYANG WAU LENGGAH BARENG LAN PADHA CERITA)

Pangeran : “Kok nono kewan dina iki ya,Jo.”


Bejo : “Injih,Pangeran. Sepiiii sanget.”

(PANGERAN LAN BEJO NGADEG. KAGET WERUH ONO UWONG NANG NGAREPE)

Pangeran : “Sapa kuwi,Jo?”

Bejo : “Kula mboten ngertos, Pangeran. Sinten nggih niku?”

Pangeran : “Ngapunten mbok, kula badhe tanglet..”

(INGKANG DITAKONI MENENG, ORA NJAWAB, REPOT KARO KAYUNE)

Pangeran : “Kulanuwunn, Mbok…”

(PANGERAN NYEDAK MARANG MBOK RONDHO, MBOK RONDHO KAGET WEROH PANGERAN)

Mbok Rondho Dhadhapan : “Walahdalahh… monggo, sapa kowe?”

Pangeran : “Kula pengembara mbok… ngapunten niki dusun napa?”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Iki Dusun Dhadhapan le… kowe arep ngapa neng kene?”

Pangeran : “Kula badhe mangembara mbok… ananging kula nyasar mboten


ngertos dalane.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le? Tak dadekne anak
angkatku yen kowe gelem.”

Pangeran : “Wah… injih mbok kula purun.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Kawit saiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke Andhe – Andhe
Lumut ya le?”

Pangeran : “Inggih,Mbok.”

BABAK 2 (ING OMAHE KLENTING-KLENTING)

WONTEN ENJING INGKANG TERANG MBOK RONDHO KLENTING NYAWIJI KALIHAN PUTRI-
PUTRINIPUN. PUTRI-PUTRI MBOK RONDHO KLENTING SANGET AYU PASURYANE. PIYAMBAKE INGGIH
MENIKA KLENTING ABANG, KLENTING IJO, KLENTING BIRU LAN SALAH SATUNGGALING PUTRI TIRINIPUN
INGKANG NAMA KLENTING KUNING. MBOK RONDHO KLENTING SANGET REMEN LAN TRESNA KALIYAN
PUTRI-PUTRINIPUN, ANANGING BENTEN KALIYAN KLENTING KUNING INGKANG DADOS PUTRI TIRI,
PIYAMBAKE SANGET DIBENTENAKE KATRESNANIPUN. KLENTING KUNING DIDHAWUHI NYAPU, NGRESIKI
GRIYA LAN UGI NYAMBUT DAMEL ING SAWAH. SANGET MRIHATINAKE.

(KLENTING KUNING TEKO NGGAWA SAPU, NYAPU LAN NGEPEL JOGAN. LINGEH MOJOK ANA RUANGAN.
ORA SUWE MBOK RONDHO TEKO NGAWASI KLENTING KUNING. NYUSUL SEDULURE KLENTING ABANG,
KLENTING IJO LAN KLENTING BIRU)

Mbok Rondho Klenting : “Anak-anakku sing ayu-ayu…rene nduk!”

Klenting – Klenting : “Injih mbok, wonten napa?”

Mbok Rondho Klenting : “Ngene ndug, ana warta sing penting banget.”
Klenting Biru : “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing duwe anak bagus
banget, jenenge Andhe – Andhe Lumut?”

Klenting – Klenting : “Inggih, ngertos, Mbok.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Laa, dadi ngene.. Mbok Rondho Dhadhapan gawe sayembara “Sinden
Idol” kanggo anake Andhe – Andhe Lumut sing lagi goleki garwa pendamping. Dadi, mengko Mbok’e
arep ndandani kowe-kowe supaya dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane
Andhe – Andhe Lumut.”

Klenting – Klenting : “Wahhhh.. purun Mbok,kula.”

Klenting Abang : “Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…”

Klenting Ijo : “Ora iso! Mesti aku sing dipilih Andhe – Andhe Lumut dadi garwane.”

Klenting Biru : “Ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune mbakyu-
mbakyu ngalah karo aku!”

Klenting Abang : “Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi
mbakyumu!”

Mbok Rondho Klenting : “Wes-wes ta!! Rasah padu…anak-anake mbok kan ayu-ayu, rasah do
udur!! Gek neng njero,,siap-siap dandan!!”

Klenting – Klenting : “Inggih, Mbok.”

(KLENTING ABANG, IJO, LAN BIRU NINGGAL MBOK RONDHO LAN MLEBU OMAH)

(KLENTING KUNING KAWIT WAU MIRENGAKE PIREMBUGANE SIMBOK LAN SEDHEREKIPUN. KLENTING
KUNING MARANI MBOK RONDHO LAN NGOMONG MARANG MBOK RONDHO)

Klenting Kuning : “Mbok… kula badhe matur.”

Mbok Rondho Klenting : “Matur apa? Apa kowe wes rampung nyapune?”

Klenting Kuning : “Sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek
sayembara “Sinden Idol” supados dados garwane Andhe – Andhe Lumut kados mbakyu-mbakyu
klenting.”

Mbok Rondho Klenting : “Owh ya wis…rene tak dandani kowe.”

(MBOK RONDHO MENEHI ANGUS LAN AMBU-AMBU KANG ORA ENAK MARANG KLENTING KUNING)

Mbok Rondho Klenting : “Ya wis saiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo nggone
mbok neng kali kono.”

(MBOK RONDHO NYURUNG KLENGTING KUNING KANTHI KASAR BANGET)

Klenting Kuning : “Injih mbok…”

(KLENTING KUNING NINGGALNO MBOK RONDHO LAN MLAKU MARANG PAWON)


Mbok Rondho Klenting : “Hahaha… muga-muga sing diterima dadi garwane Andhe – Andhe
Lumut yaiku salah sijine anak-anakku, dudu Klenting Kuning.”

BABAK 3 (PERJALANAN MARAK ING KALI)

KLENTING KUNING SABEN DINTEN NYAMBUT DAMEL NGRESIKI GRIYA, UGI NYAMBUT DAMEL
WONTEN LADING. MBOTEN KRAOS SAYAH LAN KELUH KESAH. SINAOS PIYAMBAKE DIPUNDAMEL
MBOTEN SAE KALIYAN MBOK RONDHO KLENTING LAN PARA SEDULURE. NAMING PIYAMBAKE UGI
GUSTI ALLAH INGKANG NGERTOS SENGKOWO PIYAMBAKE. PIYMBAKE NGAJENGAKEN GUSTI ALLAH
BADHE MARINGI GANJARAN INGKANG SAE KANGGE PIYAMBAKIPUN.

Klenting Kuning : “Duh Gusti ngeten niki gesangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti
lemah manah.”

Widodari : (WONG KANG ORA DISANGKA MARA) “Hei… cah ayu.”

Klenting Kuning : “Sapa kuwi?”

Widodari : “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu.”

Klenting Kuning : “Meh ngapa kowe?”

Widodari : “Aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo-mugo pusaka iki keguna
kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Tampanen cah ayu.”

Klenting Kuning : “Injih matur nuwun.”

Widodari : “Ati-ati, gunakno pusaka kuwi kanggo kabecikan!”

Klenting Kuning : “Inggih, matursuwun lan nyuwun donga lan restune.”

(KLENTING KUNING NINGGALNO KALI LAN NGGAWA PUSAKA SING DIWENEHKE WIDODARI)

BABAK 4

ING SALAH SAWIJINING LEPEN INGKANG TOYONIPUN SANTER BANGET, WONTEN MRIKU YUYU
KANGKANG GESANG. PIYAMBAKE INGKANG NGUASANI LEPEN MENIKA. PIYAMBAKE SI YUYU KANGKANG
INGKANG JULIK.

(YUYU KANGKANG SING NJAGA LEEN LAGI MONDAR-MANDIR NGWASI MENAWA ANA WONG TEKO)

Yuyu Kangkang : “Hohohoho….Godong waru kok bolong-bolong… bocah ayu kok moblong-
moblong….Sapa kae sing teko?”

(LAJENG TEKO KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU MARA ING PINGGIR KALI)

Klenting Abang : “Wahhh… kaline banjir.”

Klenting Ijo : “Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??”

Klenitng Biru : “Iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu saembarane
Mbok Rondho Dhadhapan..”

Klenting Abang : “Kosek-kosek…kae ana yuyu kangkang ta?”


Klenting Biru : “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu.”

Klenting Abang : “Iya …Yuyu kangkang… yuyu kangkang…”

Yuyu Kangkang : “Hahaha… ana apa cah ayu-ayu?”

Klenting Abang : “Yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tulung sebrangke aku lan adhik-
adikku lewat kali iki…”

Yuyu Kangkang : “Wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah ayu,enek imbalane.”

Klenting Ijo : “Imbalane apa ta? kon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe kuwi mata
duwitan!”

Yuyu Kangkang : “Dudu duwit…aku rak doyan…. Hahaha”

Klenting – Klenting : “PRETTTTTT….”

Yuyu Kangkang : “Imbalane yaiku nganggo tangamu..”

Klenting Biru : “Apa tanganku???ameh mbok kapakne??”

Yuyu Kangkang : “Ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik.”

Klenting Ijo : “Hee?! Apa?!!”

Klenting Abang : “Hijiiih…. Emoh ahh, nggilani.”

Klenting Biru : “Iya,,apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok
ambungi??hiiiii”

Yuyu Kangkang : “Ya wis yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalane nambah…”

(PARA KLENTING PADHA REMBUGAN)

Klenting Abang : “Ya wis,tapi neng tangan wae,sedilit tok.”

(YUYU KANGKANG NYEBRANGKE KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU KANTHI GILIRAN)

Yuyu Kangkang : “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..”

(KLENTING KUNING TEKO AREP NYABRANG)

Yuyu Kangkang : “Hohoho.. apa kuwi??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.”

Klenting Kuning : “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek yuyu
kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne kali iki.”

Yuyu Kangkang : “Hahaha… apa sebrangke?aku wegah.”

Klenting Kuning : “Mengko tak wenehi duwit wess.”

Yuyu Kangkang : “Aku wegahhh.. wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar wong wadon elek.”

Klenting Kuning : “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.”
Yuyu Kangkang : “Hahahaha.. opo ya iso?”

DUMADAN LEPEN MENIKA ASAT, YUYU KANGKANG KACILAKAN LAJENG KESAH TEBIH LAN MATI. SAK
LAJENGIPUN KLENTING KUNING SAGET LUMPRAH NYEBRANG LEPEN MENUJU GRIYA MBOK RONDHO
DHADHAPAN, GRIYANIPUN SI ANDHE – ANDHE LUMUT.

BABAK 5 (OMAH E MBOK RONDHO DHADHAPAN)

SALAH SAWIJINING DUSUN INGKANG NAMA DHADHAPAN, MBOK RONDHO NEMBE NYAPU
GRIYA, WONTEN NDALEM MRIKU WAU SI ANDHE - ANDHE LUMUT NEMBE NGAJI WONTEN SALAH
SAWIJINING SURAU. NGENTOSI GEGANTILANING MANAH INGKANG DIPUNJANJIAKEN GUSTI ALLAH
KANGGE PIYAMBAKE.

(MBOK RONDHO LAGI NYAPU ING OMAHE, UJUK-UJUK TEKO ROMBONGANE WONG WADON AYU-AYU
YAIKU KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU)

Klenting – Klenting : “Assalamualaikum.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Waalaikumsalam, sapa yaa?”

Klenting Abang : “Kula Klenting Abang, Mbok.”

Klenting Ijo : “Kula Klenting Ijo, Mbok.”

Klenting Biru : “Kula Klenting Biru, Mbok.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Wah.. cah wadon ayu-ayu…arep ngapa iki?”

Klenting – Klenting : “Badhe melu sayembara “Sinden Idol” supaya bisa dadi garwane
Andhe – Andhe Lumut.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Owalah… arep melu sayembara ta… Ayo nyanyi siji-siji!”

Klenting – Klenting : “Inggih mbok..”

(KLENTING-KLENTING GANTIAN NUNJUKNO KAPINTERANE NYANYI)

Klenting Abang : (NYANYI GAMBANG SULING)

Klenting Ijo : (NYANYI SUWE ORA JAMU)

Klenting Biru : (NYANYI JARANAN)

Mbok Rondho Dhadhapan : “Wahh apik – apikk. Sek ya tak omongke Andhe – Andhe Lumut .
mlebu siji-siji ya!”

Klenting – Klenting : “Inggih,Mbok.”

(KLENTING ABANG MLEBU PISANAN, BANJU MBOK RONDHO NYANYI)

Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku, Si Andhe – Andhe Lumut. Temuruno ono putri kang unggah –
unggahi. Putrine ngger kang ayu rupane. Klenting Abang iku kang dadi asmane.”
Andhe – Andhe Lumut : “Duh,Ibu.. kulo dereng purun. Duh,Ibu.. kulo mboten medhun. Nadyan
ayu sisane Si Yuyu Kangkang.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Wah ora gelem ki nduk..”

Klenting Abang : “Wah kurang ajar kuwe kuwi… aku ayune ngene diarani sisane Yuyu
Kangkang.”

(KLENTING ABANG METU BANJUR KLENTING IJO SING GANTI MLEBU)

Klenting Ijo : “Cobi kulo,Mbok..”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku, Si Andhe – Andhe Lumut. Temuruno ono putri kang unggah –
unggahi. Putrine ngger kang ayu rupane. Klenting Ijo iku kang dadi asmane.”

Andhe – Andhe Lumut : “Duh,Ibu.. kulo dereng purun. Duh,Ibu.. kulo mboten medhun. Nadyan
ayu sisane Si Yuyu Kangkang.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Wah ya padha ora gelem ki nduk.”

Klenting Biru : “Mbok, cobi kula..”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku, Si Andhe – Andhe Lumut. Temuruno ono putri kang unggah –
unggahi. Putrine ngger kang ayu rupane. Klenting BIru iku kang dadi asmane.”

Andhe – Andhe Lumut : “Duh,Ibu.. kulo dereng purun. Duh,Ibu.. kulo mboten medhun. Nadyan
ayu sisane Si Yuyu Kangkang.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…”

(KLENTING KUNING TEKO MARA ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN)

Klenting Kuning : “Assalamualaikum..”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Waalaikumsalam, sapa ya kuwi?”

Klenting Kuning : “Kula Klenting Kuning,Mbok, badhe melu sayembara “Sinden Idol”
supaya bisa dadi garwane Andhe – Andhe Lumut.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Apa? Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta kuwe iki?”

Klenting Abang : “Lha iya, rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak kok
apa meneh kowe?!”

Klenting Kuning : “Dicoba ndisik,Mbok.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Ya wis kono ndang nyanyi.”

Klenting Kuning : (NYANYI JARANAN)

(KLENTING KUNING MELU MLEBU MBOK RONDHO)

Mbok Rondho Dhadhapan : “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putrid kang unggah-
unggahi…putrine kang ala rupane… klenting kuning iku kang dadi asmane.”
Andhe – Andhe Lumut : “Duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe medun…najan
ala menika kang putra suwun.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Lha.. apa ra salah kowe le?”

Andhe – Andhe Lumut : “Mboten mbok…niki sampun dadi pilihane kula.”

(KLENTING – KLENTING KLUSAK – KLUSUK)

Mbok Rondho Dhadhapan : “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.”

Andhe – Andhe Lumut : “Mbok, kula badhe ngomong jujur ngenani jati dirine kula.”

Mbok Rondho Dhadhapan : “Apa ta,ngger?

“Mbok, kula menika sakjane pangeran ingkang mangembara golek pengalaman urip lan sisihing urip.”

Klenting – Klenting : “Haa!!!...??? pangeran???”

(KLENTING-KLENTING SEMAPUT)

PUNGKASANE KLENTING KUNING DADOS SISIHANIPUN ANDE-ANDE LUMUT, PASURYANIPUN


INGKANG AWON UGI MAMBET DUMADEKAKE DADOS PUTRI INGKANG AYU. SEJATOSIUN KLENTING
KUNING MENIKA PUTRI SEKARTAJI LAN ANDE-ANDHE LUMUT MENIKA RAJA NGETOSI RAMANIPUN.
PENGERAN UGI KLENTING KUNING, GESANG SLARAS SAKLAWASE.

Você também pode gostar