Você está na página 1de 1

ASAL USUL DESA SERANG

Asal – usul kampung serang diwiwiti utawi di bubak dhateng simbah kyai
pataraga.pratanda ngantos saat menika tasih wonten tetenger pesareanipun simbah kyai
pataraga.wondene asal – usul menika mboten wonten piyanti utawi sejarah ingkang nyritaaken tanggal
lan tahunipun . ingkang dipun mangertosi sesepuh ing serang wiwit jaman penjajahan welandi.

Ingkang nalika semanten dipun selapuhi dening bekel utawi yen jaman sak menika
kadus.asmanipun bapak tirto sakpurnanipun bapak tirto lajeng ingkang ngarsa bau wonten ing kampung
serang asmanipun bapak wongsodikromo.

Watawis dipun milai tahun 1925 ngantos tahun 1975 lan sektrasipun wiwit tahun 1975
ingkang ngasta bau bapak mardiono . saking perjalanan bapak mardiono wiwit tahun 1979 lajeng milai
program pembangunan injeh menika ingkang dipun asmani pelita . wiwit bapak mardiono dipun asmani
pelita 2 . kirang langkung tahun 1975 dumugi tahun 1980 , mulai tahun 1980 menika ateges pelita 3
kampung serang kebangun amargi ingkang lajeng saged kangge kendaraan roda 4 mlebet wonten ing
kampung lan ugi ing tahun menika kegiatan utawi kemajengan wonten ing kampung serang saya majeng
ing antawisipun klompok tani naminipun KLOMPEN CAPIR SERBA HARAPAN . secara jelasipun
kepanjengan KLOMPEN CAPIR PENDENGAR , PEMBACA , PIRSAWAN.

Klompok menika dipun sesepuhi dening bapak CHAERODIN ingkang mboten sanes bapak
chaerodin menika bapak BAYAN ingkang dampingi bapak BAU . lan ugi tasih katah klompok klompok
sanesipun ingkangngremboko wonten kampung serang.milai tahun 1985 wonten perubahan struktur ing
desa kabupaten wonosobo waunipun bau digantos kadus.ingkang wau bayan lan tamping ingkang
gantos nami kaur.

Perkembangan saktrasipun wonten ing tahun 1995 desa kalikajar dados kelurahan .
ingkang sakwau KADUS ingkang asta bapak mardiono ingkang gantos kepala lingkungan utawi kaling .
ingkang wonten ing tahun 1996 wonten ing serang wonten pembangunan masjid ingkang sakwaune alit
krantes masyarakat ipun mindak katah dipun wontenipun pembangunan secara total . ingkang nalika
semanten mbetahaken biaya katah lan ugi pembangunan menika ngantos wekdal 2 tahun . ugi dipun
damai saking warga masyarakat kampung serang.

Bab ingkang sanes kegiatan wonten ing kampung serang ugi katah sanget ing antawisipun
kegiatan klompok pengaosan ugi klompok pkk lan kangge pemuda wonten klompok olahraga inggih
menika sepak bola utawi bola voli , lan ugi klompok kesenian . ingkang samudayanipun kemajengan
wonten ing serang ngantos lumampah dumugi sak menika dene perubahan ing sanes ing antawisipun
perangkat ing kampung serang purna ing tahun 2015 . ingkang bapak kaling bapak kaur purno wonten
ing saat menika awit peraturan pemerintah kabupaten wonosobo mekaten sak wetawis riwayat
kampung serang menggah ingkang saget kulo mangertosi saking sesepuh ingkang kulo suwuni ngertos.

Você também pode gostar