Você está na página 1de 1

8

FEBRINA EVA SUSANTO


XII IPA 1

Matius 9:1-8

WONG LUMPH KAWARASAKE

9:1 Gusti Yesus nuli minggah ing prau, banjur nyabrang, kondur menyang kutha sing didalemi,
yakuwi Kapernaum. 9:2 Ing kono ana wong lumpuh nggluntung ing peturon, digotong menyang
ngarsane Gusti Yesus. Bareng pirsa pengandele wong-wong mau banjur ngandika marang sing
lumpuh: “Atimu sing tatag! Dosa-dosamu wis diapura” 9:3 Ing kono ana ahli Toret sawetara sing
padha rerasanan: “Wong iki nyenyamah Gusti Allah!” 9:4 Gusti Yesus pirsa rasanane wong-wong
mau, mulane banjur ngandika: “Yagene kowe padha duwe pikiran sing ala mengkono? 9:5 Gampang
endi muni “Dosamu wis diapura”, karo muni: “Tangia lan lumakua?” 9:6 Aku arep aweh bukti yen
Putraning Manungsa duwe pangwasa ngapura dosa.” Gusti banjur ngandika marang wong sing
lumpuh mau : “Tangia, peturonmu angkaten lan muliha!” 9:7 Wong lumpuh mau iya banjur ngadeg
lan mulih. 9:8 Wong akeh sing padha ndeleng lelakon mau banjur padha wedi lan memuji marang
Gusti Allah, dene Allah kersa maringi pangwasa semono gedhene marang manungsa.

Você também pode gostar