Você está na página 1de 2

ATUR PAMBAGYA SRIPAH

Asalamualaikum wrwb
Mugi Berkah Dalem Gusti tansah nunggil ing kita sadaya

Untuk Muslim
Innalilahi wa inalilahii rojiun,
Bilih sadaya ingkang kumelip ing jagad punika kagunanganipun Pangeran ingkang Maha
Kawasa, lan sawanci-wanci badhe wangsul ing ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Kawasa,
kadosdene kalampah tumrap almarhum/h **Bapa............../ibu........................ ingkang sampun
murud ing kasedan jati kapundhut wangsul ing ngarsanipun Pangeran ingkang maha Kawasa

Untuk Katolik
Gusti Allah Kang paring, Gusti Allah kang mundhut, pinujia asmane Gusti Allah langgeng ing
salawas-lawase

Untuk Hindu
Aom Swasti Astu.
Suwargantu, Samanatu, Muksantu,

Konjuk ngarsanipun sagung pinisepuh, sesepuh, ajisepuh ingkang pantes kinabekten


Sagunging para sung pambela sungkawa lan tresna, kakung saha putri ingkang tuhu sinambrama
ing sagunging pakurmatan
Sumangga, sesarengan sami kula dherekaken, ngaturaken atur pamuji sokur, ingkang muhung
konjuk ing GustiAllah ingkang Maha Kawasa, dene ing wanci punika, kula lan panjenengan
sadaya, sami saget makempal lan manunggal ing papan dhuhkita punika kanthi kawilujengan,
saperlu nelakaken raosing tresna lan nunggil ing raso belasungkawa kaliyan
brayat.......................... ingkang katemben nandhang dhuhkita, awit rumaos kaedhotan ing
sambeting katresnan kaliyan peranganing brayat, inggih kanthiseda tinambalipun almarhum/h
**Bp........................../Ibu............................ ingkang sampun murud ing kasedan jati, ing kala
dinten.............................(ndungkap dinten.........................., manawi sedanipun malem
dinten.................) kanthi tentrem karana gerah ing...........................

Dene ing wanci punika, kula pinangka talang atur saking brayat panandhang kinen matur ing
ngarsanipun sagung para sung pambelatresna:

Ingkang kapisan, brayat panandhang ngambali ngaturaken atur sugeng rawuh, katur para tamu
sung pambelasungkawa, mugi kasekecakna anggen pinarak lenggah kanthi winatesing
kawontenan, ngantos dumugi mangke kacekaping tata upaca pangrukti layon ing wanci punika

Dene kaping kalihipun, brayat tinilar, nyuwun gunging samodra pangaksami, bilih anggenipun
nampi rawuh panjenengan sadaya para pambelatresna, kiranging gupuh saha aruh, kirang
jumbuh anggen ngaturaken papan palenggahan, kirang ndadosaken sarjuning panggalih,estu
brayat panandhang nyuwun gunging samudra aksama

Kaping tiganipun, ngaturaken agunging panuwun ingkang tampa upami dhumateng sadaya
pihak, tanggi tepalih, kaneman, kadang mitra pitepangan, lan sadaya asung pambelasungkawa,
ingkang sampun paring pambyantu lan panyengkuyung, wujud punapa kemawon, ingkang boten
saget kasebataken satunggal baka satunggal, ingkang tumuju murih gancar lan lancaring upacara
pangrukti layon, saestu lumantar kula, brayat panandhang ngaturaken panuwun, mugi
kasaenan,kadarman lan katresnan panjenengan sadaya, dados amal sae lan kaparingan leliru
ingkang satraju saking GustiAllah.

Kaping sekawanipun, mbok bilih nalika sugengipun almarhum/h, ing satengahing sesrawungan
ing bebrayan wonten kalepatanipun, sae ingkangnkasenggaja punapa dene ingkang boten
kasengaja, brayat panandhang lumantar kula nyuwunaken panganpunten, murih boten
ndadosaken pepaling margi kang anjok ing kasuwargan.
Makaten ugi mbok bilih almarhum/h nggadhani sesambetan kaliyan para sung pamelatresna,
kang awujud petangan, manawi wonten kaparengipun kaeklasaken, brayat ngaturaken panuwun,
dene manawi boten, mangke dinten sanes saget sesambetan kaliyan brayat tinilar.
Makaten ugi lumantar kula, brayat nyuwunaken pamit dhateng almarhum/h kangge ing salami-
laminipun
Wondene almarhum/h ** Bp............................/ibu............................ kaundhut ing ngarsanipun
Gusti, kanthi kaparingan kanugrahan yuswa........................tahun, nilar.................. gaerwa
*Bp....................../Ibu................................., putra wonten...... kakung..... putri,.............,
wayah................. buyut..............

Dene sarira layu badhe kamakamaken ing sasana laya........................ ingkang tebihipun
watawis................. saking dalem dhuhkita menika
Wontena keparenipun para pambelasungkawa, nguntaaken ngantos dumugi paripurnaning
pangubur, wondena kapambeng ing ayahan ingkang langkung wigatos, dhateng sadayanipun,
brayat panandhang ngaturaken panuwun, lan konduripun ngaturaken sugeng tindak, sugeng
kondur, rahayu ingkang sami pinanggih

Makaten ingkang saget kula aturaken, wonten galap gangsuling atur, pinanggih kital
tumangsuhing basa, kirang runtuting parama sastra,kula nyuwun pangapunten.

Akirusalam wasalamualaikum wrwb


Sasana wekdal wangsul panata adilaya, nuwun

Você também pode gostar