Você está na página 1de 2

ASAL USUL DESA BUARA

KECAMATAN KETANGGUNGAN

Kekala semanten wonten peperangan anatawis kerajaan Pajajaran kalian Kesultanan lan
Kesultanan Cirebon. Wewengkon Kadipatin Kuningan (ingkang sak meniko Kabupaten Kuningan
). Inggih meniko melebet wonten wewengkon pajajaran.Ananging wekdal semanten wonten
perselisihan ing Cirebon, ingkang wekdal semanten wontensiar agama Islam ing wilayah Jawa,
Kuningan dados pecah pecah .Kangge nylametaken awak saking kerajaan prajurit Cirebon, wonten
salah sawijining kulawarga, melajar dateng wewengkon wetan Kuningan.

Ki Gabug Kemang sareng Nini Gabug Kemang sareng setunggal wayah, inggih meniko setunggal
kulawarga ingkang melajar dating wetan Kuningan. Dumugi wonten ing perbukitan , ingkang
gersang.Kangge mbudidaya supados gesang ki Gabug Kemang sareng Nini Gabug Kemang
parihuma utawi padi Gogo ugi nanem nanem tanaman bumbu rempah inggih meniko mrica utawi
sahang sehinggo wewengkon kalawau dipun westani Dusun sahang.

Rikala ki Gabug Kemang sareng Nini Gabug Kemang tindak dateng kebon , keng wayah ingkang
asmanipun dereng dipun mangertosi, duka sinten ingkang mundhut, awit saking carios tiyang
tiyang . Ingkang mundhut inggih meniko maung ingkang ngajibah saking bapa bayi ingkang gugur
sawekdal ngalawan prajurit Kasultanan Cirebon.

Ki Gabug Kemang sareng Nini Gabug Kemang ndados bingung , saenggo sami madosi dateng
pundi pundi , dugi piyambakipun gadhah paniatan badhe pindah griya.Ndamel gubug kangge
mondhok sak untawis slami madosi wayahipun ingkang ilang. Siti ingkang kangge ndamel gubug
taksih arupi rawa rawa, wonten tayanipun ingkang ngablengbleng.

Wonten salah sawijining dinten, saweg Ki Gabug Kemang sareng Nini Gabug Kemang wonten
sak lebetipun griya, gedhah penggalih kangge madosi wayahipun nggangge pancing (ditaheunan)
saenggo si Maung kalawau medal lejeng ngaturaken bayi dhateng Ki Gabug Kemang sareng Nini
Gabug kemang.Papan Ingkang kangge mancing (naheunan) dipun westani Lebak Cipataheunan
ingkang wonten ing Dusun Limbangan, Buara.Wangsul dhateng Gubug ingkang dipun tempati
/dipun dhoki sinareng mbetho bayi ingkang saking maung kalawau, KI Gabug Kemang sareng
Nini Gabug Kemang bingah , bayi dipun sawer wonten griya ingkang kangge ngumbara utawi
Bubuara.

Milo saking meniko , wewengkon kalawau dipun westani Dusun Buara, wonten ugi ingkang
nyebat Blengbeng, wonten malih ingkang westani Bubuara Panyaweran.Dumugi sameniko
wewengkon meniko dipun westani Dusun Buara kanthi asasenti “Tata Titi Tata Buara “ ingkang
maksudipun inggih meniko “ Tata dalam perbuatan “. Titi (hati hati) dalam berpikir.

Meniko kirang langkung carios “Asal usul Desa Buara “

Sing aku seneng saka Desa Buara yaiku amarga pemandangan sing apik , wonge loropaken, sing
aku seneng saka Desa Buara yaiku wong sing mbuwang sampah ing kali.

Você também pode gostar