Você está na página 1de 10

Dhěmit ing Tanah Jawa: Pangerten, Jinis, Ciri, lan Pagaweyane

Kapethik saka Kakawin Sena

Dening:
Tio Cahya Sadewa (16/394816/SA/18342)
Hendra Aprianto (16/399761/SA/18669)
Krisna Arimurti (16/399763/SA/18671)

Pabrayan agung ing tanah Jawa isih pitaya karo bangsa alus. Kapitayan iku
wis ana wiwit jaman kuna. Wiwit simbah-simbahe wong Jawa durung ngrasuk
agama rasul, kapitayan iki wis ana. Mula lumrah yen babagan bangsa alus isih
dipitayani nganti saiki. Kapitayan marang bangsa alus iku diarani animisme.
Animisme iku ora kena dipisahake karo tradhisi memule para leluhur lan uga
memule papan-papan kang dianggep kramat. Mula, nganti saiki tradhisi iki isih
lumaku. Lelakune wong Jawa uga mesthi digayutake karo sing jenenge gugon
tuhon utawa mitos. Mitos marang donya gaib, miturut Barthes (1983) yaiku wujud
guneman kang ngemot pituduh. Mitos utawa gugon tuhon iku padha karo
pratandha (Barthes 1983; Endraswara 2004: 2)

Wong Jawa ngrumangsani menawa ing donya iki ora mung urip
dhewekan. Awit, Gusti ora namung nitahake manungsa utawa bangsa sing kasab
mata kayata kewan lan tuwuhan wae, ananging uga nitahake bab kang ora katon
dening mata tumrap manungsa lumrah kang diarani bangsa alus. Bangsa alus iku
maneka warna jinise, ana kang saben wong dipitaya duweni, yaiku sedulur papat
lima pancer utawa kakang kawah adhi ari-ari. Ana dhemit kang akeh sebutane
kayata memedi, siluman, dhanyang, lan liya-liyane.

Ing tulisan iki arep diandharake babagan dhemit, jinis-jinise, lan


pagaweyane. Awit jinise dhemit kang kaprah ing wong Jawa akeh banget, mula
ing tulisan iki kang arep kaandharake winates dhemit-dhemit kang ana ing
Kakawin Sena. Kakawin Sena yaiku salah sawijine naskah Merapi-Merbabu
kagungane Kyai Windusana kang saiki sumimpen ana ing Perpustakaan Nasional
Republik Indonesia kanthi nomer simpen 154 pethi 33.Rol 852/9 lan 167 pethi
2.Rol 861/2. Kakawin Sena iki nyaritakake lakon Sena nalika ing satengahe alas.
Nitik saka isine, Kakawin Sena uga kalebu lakon Nawaruci. Prenahe nalika
adegan ruwat, Sena ngruwat dewa kang ana ing bumi supaya bisa bali menyang
Suralaya (Restinaningsih, 2009: 24).

Apa ta kang diarani dhemit kuwi?

Nganti saiki, isih angel ditlisik kepriye dumadine dhemit ana ing tanah
Jawa. Isih durung bisa dimangerteni apa padha antarane dhemit klawan setan lan
iblis? Apa gayutane karo jin? Apa malah jin, setan, lan iblis kuwi kalebu dhemit?
Pitakonan kang kaya mangkono isih ngganjel tumrap manungsa lumrah.

Miturut Baoesastra Djawa dhemit duweni teges lelembut (roh sing


dedunung ing papan sing angker, wit, lan sapiturute), dene memedi duweni teges
lelembut (dhemit) kang katon. (Poerwadarminta, 1939).

Miturut Endraswara (2004) dhemit Jawa yaiku titah kang tanpa badan
wadag, kang manggon aneng tanah Jawa. Dhemit-dhemit kuwi akeh kang saka
roh wong kang wus mati. Roh kasebut kaperang dadi roh leluhur lan roh rucah.
Roh leluhur padatan asring paring tetulung, dene roh rucah asring nggodha
manungsa (Endraswara, 2014: 7). Ewadene dhemit kang ana ing Kakawin Sena
bisa diarani roh rucah, awit kacarita yen dhemit-dhemit kuwi ganggu gawe lakune
Sena nalika ing alas.

Dhemit-Dhemit ing Kakawin Sena

Ing Kakawin Sena diceritakake nalika Sena digodha dening dhemit-dhemit


maneka warna nalika dheweke ana ing tengah alas. Dhemit-dhemit iku
dicartakake ana ing pupuh III pada 9-13 Kakawin Sena. Jlentrehane kaya
mangkene. Kapethik saka asil alih aksara lan terjemahan Restianingsih (2009).
Pupuh III Pupuh III
9. yeka sak ṙumawuh hudan 9. Demikian cerai berai turun hujan
makĕcĕhan rah maksya lawan usus lebat sekali, darah, daging dan usus

kawada mangigĕl mananggungi sawa menghalangi, bergeliat geliut membawa


hulunya na ring ayun mayat, kepalanya di depan.

mwang ta rasĕksa sahasa ngrubungi Dan juga rasaksa menyerang dengan


sang ṙatang saha baṙama ganas mengelilingi dia yang datang
(dengan) membawa parang.

hajĕlĕl ndhĕpaplang mangidĕri lawan Penuh sesak, membentangkan kedua


sabdanya ngakĕn gĕlap tangannya, mengelilingi suaranya
seperti petir.

10. haneki manibeng sakeng griwa 10. Ada yang jatuh dari tengkuk, besar.
magĕng hana sumungsang mangsĕh Ada yang dengan posisi terbalik
(sungsang) menyerbu

mata bang mawĕlu tutuk mangah matanya merah, membelalak, mulutnya


mangah rambutnya wrah humure terlihat merah, rambutnya berkibar,
berjurai
mwang tang kumĕrab ikang
kamangmang i luhuring kaywan dan tergerai. Hantu Kamangmang
mabra sinang (hantu kepala) di atas pohon menyala,
bersinar-sinar.
mangkrik tang swaraning banaspati
lawan danawa banṙalungan. Berbunyi nyaring suara Hantu
Banaspati dan Rasaksa Bandalungan.
11. kuranṙa kalawan wewe hañja 11. Hantu Kuranda bersama Wewe,
hañja sirah lawan wĕwĕṙon Hantu Hanja-hanja sirah dan Hantu
WĕḌon,

tĕngisnya muringis ṙeṙekan kalawan Hantu Tĕngis meringis. Hantu Tetekan


ṙongṙongsot asrang humung bersama Hantu Tongtongsot menyerang
membuat suara keras,

Hantu Bebengkah menyebar, Hantu


bĕbĕngkah humangsĕh gĕgĕmbung Gegembung beriringan dengan Hantu
adulur lawan balung atanṙak Balung menari-nari.

kĕkĕblĕk mĕrgĕgĕh dulur hepek epek Hantu kĕkĕblĕk tidak bergerak diikuti
hĕngklek heṙklek lan usus dengan hantu epek- epek, hantu
hengklek-hengklek dan hantu usus.
12. jejengklek kalawan gandarwo 12. Hantu jejengklek bersama genderwo
mangure bowong ana ring ayun mengurai (rambutnya), hantu harimau
ada di depan,

janggitan humangsĕh dulur hilu hilu hantu janggitan tidak bergerak diikuti
rare bajang angawe dengan ilu-ilu (dan) Anak bajang yang
melambai-lambai,

hantu popoting komara (tali pusar ?)


popoting komara rĕrĕngkiknya tumut hantu rerengkik turut kamandanya
kamanṙanya hajĕlih berteriak,

bugarnya jejegang laweyan hanantang berhamburan, hantu batang tubuh tanpa


kalĕwungnya hajiglong kepala menantang, rongga tubunya
berceruk.
13. heñcok huci hucinya hadulur 13. Hencok, Huci-huci beriringan
ṙĕngĕn kalawan kukuk bawil dengan Dĕngĕn dan Kukuk bawil.

mijil humangsĕh cicinya wurahan Keluar menyerang, burung kecil


bajangkrek kabarung muntab beramai-ramai. Bajangkrek berbunyi
bersama-sama, naik kemarahan yang
ring wijilira hasurak gumuruh berkobar
hangguru humung angrĕbut
munculnya bersorak gumuruh menderu
datan sep mangagĕm lading baṙama menyerang dari segala sisi secara
sum ṙahanya saha wĕṙung bersama-sama

dengan tanpa aturan menggunakan


pisau, parang berkilat-kilat dan kapak
lebar.

Saka teks ing kuwi bisa kaperang jinis-jinise dhemit kang ana ing Kakawin Sena,
yaiku:

1. Rasěksa
2. Kamangmang
3. Banaspati
4. Bandhalungan
5. Kurandha
6. Wewe
7. Hanja-hanja sirah
8. Wědhon
9. Těngis
10. Thethekan
11. Thongthongsot
12. Běběngkah
13. Gěgěmbung
14. Balung
15. Kěkěblěk
16. Epek-epek
17. Ěngklek-ěngklek
18. Usus
19. Jejengklek
20. Gandarwa
21. Bowong
22. Janggitan
23. Ilu-ilu
24. Lare bajang
25. Popoting komara
26. Rěrěngkik
27. Jějegang laweyan
28. Hencok
29. Huci-huci
30. Dhěngěn
31. Kukuk bawil
32. Bajangkrek

Saka 32 jinis dhemit kuwi duweni ciri lan pagaweyane dhewe-dhewe. Ing
ngisor arep kaandharake ciri lan pagaweyane dhemit-dhemit kasebut.

1.Rasěksa
Miturut Baoesastra Djawa, raseksa yaiku buta lanang. Dene kang wadon
aran raseksi (Poerwadarminta, 1939). Raseksa duweni ciri pawakan kang gedhe,
duwe siyung, lan raine nggegirisi. Ing pedhalangan Jawa, raseksa dicaritakake
duweni sipat angkara murka utawa duweni rupa kang ala, kayata: Buta Locaya,
Dasamuka, Arimba, Buta Terong, lsp. Ing basa Sanskerta karan Rakshasah kang
tegese kejem (Macdonell, 1954)
2. Kamangmang
Kamangmang utawa asring karan kemamang yaiku jinis dhemit kang
awujud geni (Poerwadarminta, 1939). Dheweke seneng nggodha wong kang lagi
ing dalan sepi, peteng, kayata ing pasawahan, rawa, lan lapangan gedhe (Nugroho,
2017). Dhemit iki bakal ilang karepe dhewe nalika sing diweruhi wis teka ing
omah utawa papan kang dituju (Endraswara, 2004: 159).

3. Banaspati
Miturut Endraswara (2004), Banaspati yaiku dhemit sirah geni kang
mbulat-mbulat. Wujude raseksa gedhe. Anggone mlaku nganggo tangan, sirahe
malik, lan sikile neng dhuwur (Endraswara, 2004: 159). Miturut Dirjasupraba
(1931: 1263), banas duweni těgěs setan. Banaspati yaiku lělěmbut gěni mětu saka
ing bumi. Menawa ing basa Sanskerta uga ana tembung vanaspati kang tegese
panguwasa alas (Macdonell, 1954). Mbok měnawa těmbung kasěbut ing Jawa
malih dadi Banaspati.

4. Bandhalungan
Rada angel golek warta bab dhemit Bandhalungan iki. Ana ing Kakawin
Sena disebutake yen Bandhalungan yaiku salah siji jinis raseksa. Ing Baoesastra
Djawa anane tembung “pandhalungan” kang duweni teges ‘guneman ora karuwan
unggah-ungguhe’ (Poerwadarminta, 1939). Mbok menawa sing diarani dhemit
Bandhalungan yaiku dhemit kang duweni sipat kaya mangkono.

5. Kurandha
Ing Baoesastra Kawi-Jawa anggitan Winter (1928), kurandha duweni teges
padha karo denawa utawa raseksa. Dene miturut Nugroho (2017), kurandha uga
sinebut kramandaya utawa kramaleya, yaiku dhemit kang pagaweyane nggondhol
manungsa. Upama ana manungsa kang ngimpi numpak kendharaan, dhemit iki
nyusup ing impene wong kuwi banjur ngedusi, satemah wong sing ngimpi mau
ora bisa bali ing alam manungsa maneh.
6. Wewe
Wewe iku kalebu dhemit kang tua umure. Wewe uga diarani bojone
gendruwo utawa gendruwo wadon (Poerwadarminta, 1939). Dheweke asring
gendhong bocah cilik, sarta manggon ana ing papan sepi lan peteng. Padatan
dhemit iki seneng nganggo klambi putih-putih, kaya ibu-ibu kang nganggo rukuh
nalika sembahyang. Wewe kang seneng nggondhol bocah ing wayah surup diarani
wewe gombel utawa wewe putih (Endraswara, 2004: 158).

Cirine wewe yaiku biasane duweni rambut dawa, payudara gumandhul,


lan kuku kang dawa-dawa. Bocah sing digondhol wewe padatan bocah kang
disiya-siya dening wong tuwane. Yen ana warta bocah digondhol wewe, para
warga padha klothekan ngubengi desa kanggo goleki si bocah kuwi mau
(Nugroho, 2017).

7. Hanja-Hanja Sirah
Dhemit Hanja-Hanja Sirah yaiku dhemit wujud manungsa kang seneng
getih. Dheweke nyedhot getihe manungsa kang lagi turu. Upama kena dilat
dhemit iki, bisa kena lelara kang abot lan awak bisa abuh kabeh, luwih-luwih bisa
marakake pati (Nugraha, 2017).

8. Wedhon
Wedhon yaiku dhemit wadon kang nyandhang sarwa putih. Dheweke
asring nggodha wong kang liwat, mula seneng manggon ana ing prapatan
(Endraswara, 2004: 162). Dene ing Baoesastra Djawa, wedhon duweni teges
‘memedi kang awujud mayit’ (Poerwadarminta, 1939). Wedhon biyasane wujud
saka wong mati kang ora lumrah kayata ketabrak sepur, tiba saka wit, lsp.

9. Těngis
Těngis yaiku lelembut kang nyuwara “ngis-ngis”. Suwara iki padatan
muni ing wayah wengi, nalika ana wong kang liwat ing cedhake. Dhemit iki
seneng nggodha nganggo suwara. Těngis duweni wujud kaya yuyu kang gedhe
(Endraswara, 2004: 168).
10. Thek-Thekan
Thek-Thekan yaiku dhemit kang awujud ayang-ayang kang nggawa
balung uga dolanan awujud krincing. Memedi iki bebayani mligine tumrap ibu lan
bocah, amarga bisa marakake lara. Kanggo nulak dhemit iki, bisa kanthi sarana
deleh lading utawa barang landhep ana ing ngarep omah, ngisor paturon, utawa
ing dhuwur lawang (Nugroho, 2017)

11. Thongthongsot

Thongthongsot yaiku memedi kang pangawak manungsa asirah kewan. Dhemit


iki bakal nggodha marang wong-wong panggedhe nanging atine ora apik
(Endraswara, 2004: 161-162). Dene miturut Nugroho (2017), memedi iki duwe
kasenengan ngrudapeksa prawan.

12. Běběngkah

Gěgěmbung

Balung

Kěkěblěk

Epek-epek

Ěngklek-ěngklek

Usus

Jejengklek

Gandarwa

Bowong

Janggitan

Ilu-ilu

Lare bajang
Popoting komara

Rěrěngkik

Jějegang laweyan

Hencok

Huci-huci

Dhěngěn

Kukuk bawil

Bajangkrek
Daftar Pustaka

Barthes, Roland. 1983. Mythologies. New York: Hill and Wang.


Endraswara, Suwardi. 2004. Dunia Hantu Orang Jawa: Alam Misteri, Magis, dan
Fantasi Kejawen. Yogyakarta: Narasi.
Macdonell, Arthur Anthony. 1954. A Practical Sanskrit Dictionary with
Transliteration, Accentuation, and Etymological Analysis Throughout.
London: Oxford University Press.
Nugroho, Priyo. 2017. Manifestasi Klenik Jawa yang Terlahir dari Proses
Kebudayaan (Dipetik dari Kakawin Sena). Online.
(https://priyonugroho557.wordpress.com/2017/12/19/dhemit-jawa/ ,
diakses tanggal 6 April 2019).
Poerwadarminta. 1939. Baoesastra Djawa. Batavia: J. B. Wolters’ Uitgevers
Maatschappij N.V. Groningen.
Restianingsih, Lilis. 2009. Kakawin Sena: Tinjauan Filologis. Skripsi. Sastra
Daerah. Surakarta: Universitas Sebelas Maret.
Winter Sr, C . F. 1928. Kawi Javaansch Woordenboek. Ongewwijzigde Herdruk
Reproductiebedrijf V/D Topografischen Dienst.

Você também pode gostar