Você está na página 1de 7

ASESAROH

ADAT MITONI

Disusun oleh :
1. Agil wahyu rahmadani
2. Estiningsih
3. Arda kusumawardana
4. Fitria nurhidayah
5. Maulita anjani
6. Rohmatun nisak

Kelas : XI. MIPA 2

SMA N I NAWANGAN
TAHUN PELAJARAN 2018/2019
ATUR CECALA

Bismillahirrohmanirrohim,
Assalamu’ alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Puja puji syukur konjuk ing sahadhap pepadaning Gusti ingkang Maha Agung,,
dene sampun paring kekiyatan saha pitedah, satemah kula saged ngaturaken racikan sapala
ingkang asesirah Adat Mitoni.
Kula nglenggana sanes satunggaling tiyang ingkang wasis ing bab kawruh basal an
sastra, ugi sanes tiyang ingkang pinter wicara. Parandene kumawani ngaturaken racikan punika,
esthining manah hamung kadereng anggen kula kepengin urun, dhateng para kadang Siswa
Pawiyatan sageda pinangka ancer-ancer tuwin tetimbangan salebeting sinau ngenani mitoni.
Ingkang kula aturaken ing racikan punika, inggih naming sagaduking pangertosan kula
ingkang mila tasih cupet, tuwin adhedasar punapa ingkang sagede kula raosaken lan kula pethik..
Ing wasana sanadyan racikan punika tasih tebih saking leres lan trep parandene kula
gadhah pangajab, mugi wonten guna paedahipun tumprap para maos, mliginipun para kadang
siswa SMA N Nawangan.

Wassalamu’ alaikum wr. Wb.

Penulis
BAB I
PAMBUKA

Wigatosing Rembag
Mitoni iki kalebu tradisi lan budaya ingkang kiat lan turun temurun tumrapipun para
wong jawa.

Sajatosipun tradisi kala wau tuwuh saking kapitadosan masyarakat satunggaling tlatah
dhumateng kabudayaan.

Salah satunggaling tradisi wonten ing daerah jawa inggih menika mitoni. Mitoni iku
dikenal marang rakyat jawa dangu lan ndalu.

Pramila saking menika, wonten makalah menika menika badhe kaandharaken babagan
kebudayaan mitoni.

1. Bab-bab Ingkang Wigatos Dipun rembag

Sak sampunipun kita maos lan mreksani wigatosing rembag, inggih menika babagan
mitoni, kita saged nemokaken masalah-masalah ingkang saged tuwuh saking
pirembagan babagan mitoni menika.
1. Pengertian Mitoni
2. Tujuanipun Mitoni
3. Syarat-syarate Mitoni
4. Rangkaian Mitoni
5. Wektu dilaksanakake Mitoni
BAB II
ISI

1. Pengertian Mitoni

Mitoni iku asale saka tembung pitu (7). Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon ibu
meteng 7 sasi.

2. Tujuane Mitoni

Tujuane kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk keslametan
(wilujeng, santosa, jatmika rahayu).

3. Arti Mitoni

Jabang bayi umur 7 sasi ku wis duwe raga sing sempurna, dadi miturut pengertian wong
jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses penciptaan manungsa iku wis nyata lan sempurna neng
sasi kaping 7 iki utawa sapta kawasa jati.

4. Syarate Mitoni

** Bubur 7 macem

Campuran 7 macem : (1) bubur abang, (2) bubur putih, (3) abang ditumpangi putih, (4) putih
ditumpangi abang, (5) putih disilang abang, (6) abang disilang putih, (7) baro-baro (bubur
putih sing nduwure di wenehi parutan klapa lan gula jawa).
Bubur putih di pangan dening calon bapak, bubur abang dipangan dening calon ibu. Bubur
sing liyane di pangan dening sakeluarga.

** Gudangan Mateng

** Nasi Megono

** Jajanan Pasar

Biasane isine 7 macem panganan jajanan pasar tradisional.

** Rujak

** Ampyang

** Macem-macem Kolo

Kolo kependem (kacang tanah) lan Kolo merambat (tela).

** Ketan

Ketan digawe bunderan kaya bal bekel (diameter 3-4 cm) warna putih, abang, ijo, coklat, lan
kuning.

** Tumpeng Sega Putih

** Endog

Endog ayam 7.

** Gedhang
Gedhang raja lan gedhang raja pulut ijen-ijen.

** Tumpeng 7 Macem Warna

Rangkaian Acara

Kangge upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara Ngupati, urut-urutane yaiku
siraman, nglebokake endog pitik kampong neng njero kain calon ibu dening calon bapak,
salin rasukan, brojolan (nglebokake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan
benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endog lan terakhir kedhuren.

Acara siraman mung diselenggarakake kanggo mitoni anak pertama.

Wektu

Miturut adapt jawa mitoni iku kudhu diselenggarakake neng dina sing bener-bener apik,
yaiku dina senin awan kanthi bengi utawa dina jumah awan kanthi bengi.
BAB III
PANUTUP

1. Dudutan

Mitoni iku asale saka tembung pitu. Upacara adapt iki diselenggarakake wektu calon ibu
meteng 7 sasi.

Tujuane mitoni kanggo sing sifate tolak bala, lan supaya calon ibu lan calon bayi entuk
keslametan (wilujeng, santosa, jatmika rahayu).

2. Pamrayogi

Mitoni inggih menika kalebet kebudayaan ingkang adiluhung tilaranipun para leluhur kita.
Kita kedah jagi kebudayaan mitoni kalebet ciri khas daerah ingkang daerah kita. Ampun
ngantos mitoni menika kapendet dening kebudayaan adat jawa.

Você também pode gostar