Você está na página 1de 2

Atur Pambagya Pasrah Lamaran

Bismillah hirrohman nirrohim


Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Para pepundhen, para pinisepuh, para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta
saraya saking calon saha badhe/calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes
kinurmatan, para lenggah kakung putrid ingkang satuhu bagya mulya.
Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya karana kula
paniji panjenenganipun Bp. …………………….. sekalian, kinen ngaturaken pambagyaharja,
raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.
Pinangka purwakaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji
syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah
barokah ingkang rumentah dhumateng panjenenganipun sedaya dalasan kula, saengga ing
kalenggahan punika maksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing
sambekala.
Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pepanggihan punika, Bp.
…………. Sekalian lumantar kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para
pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya tresna,
sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para
lenggah kasuwun lelenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.
Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya
wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sadya hambol bilij sampun
ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika. Nun inggih ing nguni Panjenenganipun
Bp. ……………….. sekalian garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan
panjenenganipun Bp. …………………… sekalian anggadhahi siwi putri taruni kanthi asesilih
Rr. …………………… manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken ingkang
putra calon penganten satataning agami miwah satataning adhat. Inggih awit saking menika
samudayanipun sampun manunggal cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika
badhe kaleksanakaken tata upacara pasarah panampining upa karti winastan lamaran saha
walimanah.
Mugi-mugi wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun
Bp. …………………….. sekalian mugi wontena jumurunging pamuji hastuti saking para lenggah
sadaya hanggenya Bp. ……….. sekalian badhe nampi pasrahipun calon kadang besan tansah
manggih basuki ing salwiring reh.
Hambok bilih Bp. ……………….. sekalian sumrambah para kulawarga anggenipun
nampi karawuhan panjenengan sadaya kiranging tanggap tangguh miwah guguh labet
hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp. ……………
sekalian naming tansah tumadhah lumbering pangaksama.
Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bp. ………….. sekalian lumantar kula, hambok
bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging
seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, mugi diagug pangaksama panjenengan
sadaya, wekdal kula aturaken kadang panata cara.
Wassalamu alaikum Wr. Wb.

Você também pode gostar