Escolar Documentos
Profissional Documentos
Cultura Documentos
Drama yang pertama diperankan oleh 5 orang siswa/i. Drama ini mengambil tema tentang
Gotong Royong. Gotong royong merupakan sebuah tema yang apik untuk sebuah
penampilan pentas drama di dalam kelas. Drama ini mempunyai nilai moral dan amanat yang
sangat mendalam. Berikut saya sajikan naskah drama bahasa jawa 5 orang.
Ana ing sawijining desa ana pemuda kang wus akrab banget, yaiku Nipon lan Aldo. Bocah
loro iku seneng anget nggawe ulah. Sampek kanca-kancane sing liya ora gelem nyedhek
amarga mesthi diusili. Wektu iku sawise sekolah Nipon ngampiri Aldo.
Sawise iku Nipon lan Aldo dolan. Nipon lan Aldo ora kelingan yen iki mau wayahe
kelompok drama B. Jawa kanggo ujian praktek kelas 3. Ing sawijining panggon, Deni lan
Parman nunggu bocah loro maeng. Bocah loro kuwi ora ngerti marang ngendi parane Nipon
lan Aldo.
Banjur Parman mara menyang omahe Aldo. Ing kono Parman ora nemoni sopo-sopo. Akhire
Parman balik maneh lan nerusake nggawe teks drama karo Deni. Akhire ditunggu sampek
maghrib Nipon lan Aldo ora ana ketok.
Deni mulih amarga wis maghrib. Sesuke neng sekolahan Deni lan Parman rembugan bab
drama B. Jawa. Kanggo ngisi waktu ngenteni Aldo lan Supardi bocah loro kuwi ngrembug
musik kang bakal digawe.
Parman : Ayo sakiki nggawe musik kanggo dramane. Sing tentang lagu daerah ae.
Deni : Yo angel lho kuwi, lha kowe opo iso ?
Parman : Jajal kene aku (njupuk gitar saka tangane Deni)
Deni : Halah kemiso, jajal piye....
Parman : (nyanyi gundul-gundul pacul)
Deni : Hahaha, kuwi rak yo tembang dolanane bocah lho...
Parman : Sing penting lagu daerah lho...
Deni : Ojo, diganti liyane ngono lho.
Parman : Jajal kowe iso opo ora ? (ngekekne gitar marang Deni)
Deni : (Main gitar)
Parman : Lha kuwi opo ora yo lagu pop.... hahaha
Deni : Hahaha, lha aku ora iso lho..
Parman : Kene lek ngono aku ae.
Deni : (Ngekekne gitar) Aku sing nyanyi yo ?
Parman : (Nyanyi karo Deni)
Deni : Haha, apik kuwi... yo uwis nggae kuwi ae...
Sing ditunggu-tunggu mara-mara teko karo mlayu. Ora rumangsa yen ditunggu.
Aldo : Heh, bocah-bocah wes podo latihan drama Bahasa Jawa, kelompoke awake dhewe
piye ?
Deni lan Parman : Trus gue harus bilang wow gitu ? wow
Supardi : Heladalah, iki tenanan lho...
Parman : Lha kowe dhekingi nyandi ae ?
Supardi : Nyapo aku sing kok takoni....
Parman : Lha wayahe kan kelompok, kowe yo wis diomongi...
Supardi : Kapan lekmu omong ? ( mulai nesu )
Parman : Ow, kowe wis pikun yo ?
Pak Guru : He he, enek opo iki ?
Deni : Niki, Pak. Nipon kalih Aldo dhekwingi mboten purun kelompok drama.
Pak Guru : Weh weh, lha nyapo kok ora kelompok ki ?
Aldo : Lha ancen ora diomongi to, Pak.
Pak Guru : Iyo to le ? Ora kok omongi ?
Deni : Sampun, Pak. Tapi mboten dugi.
Pak Guru : Lha kwi kowe ora teko...
Aldo : Ora diomongi, Pak.
Pak Guru : Halah wis ora usah ngeyel, ndang gek kelompok
Sawise ngono, bocah papat kelompok nggae drama. Amarga gotong royong akhire
kelompoke iso nampilake drama kang apik lan akeh kanca-kancane sing seneng.
Nipon lan Aldo mulai ngrubah sikape. Pirang wulan sawise kuwi bocah papat maeng oleh
nilai Ujian kang paling apik dhewe. Gotong royong lan kerja keras iku bisa ndadekake
semubarang gawe dadi gampang lan oleh hasil kan muasne.