Você está na página 1de 2

Nama : Elok Wahyuni

Nomor : 18032474610175
Kelas :B

Tugas M4 KB1

1. Damela tuladha tembang macapat Pangkur utawa Dhandhanggula sapada wae kang tema
utawa isine babagan "Gunggunging tembang macapat kang ana 11 (sawelas)" kaya tuladha
ing modul iki. Panjenengan para dwija bisa nandhingake tuladha kang wis ana karo
anggitane para dwija; banjur dilagokake/ dipraktekake kanthi ditembangake.

2. Damela tuladha tembang macapat "Sinom" utawa "Dhandhanggula" rong pada wae kanthi
irah-irahan utawa tema/ isine babagan "Makna Filosofis Tembang Macapat Mijil ngant
Pocung"; banjur diandharake 'dianalisis' edi endahing basa, lan dilagokake/ dipraktekake.

Wangsulan

1. Tembang Pangkur 1 pada


Pangkur
Laras Pelog Pathet Nem

Ayo padha den elinga


Maskumambang Sinom Durma lan Mijil
Asmaradana kayungyun
Kinanthi Dhandhanggula
Gambuh Pangkur sartane sekar Megatruh
Pocung ganepa sewelas
Kabeh iku aja lali

2. Tembang Dhandhaggula 2 pada


Dhandhanggula
Laras Slendro Pathet Sanga

Lelakoning ngaurip puniki


Kacarita lir sekar macapat
Mijil lair sasmitane
Maskumambang ya sunu
Sinom pralambang mudha-mudhi
Durma Asmaradana
Wiranem kayungyun
Kinanthi lan Dhandhanggula
Amemangun bale wisma kang sejat
Linambar sih katresnan

Samangsane sampun kaki nini


Watekira ingkang wicaksana
Kadya gambuh falsafahe
Weh sagunging pitutur
Tansah mungkuring nepsu dhiri
Pun Pangkur falsafahnya
Megatruh lan Pocung
Jiwangga sira pinegat
Anglampahi pepesthening Maha Widhi
Tininggal kulawarga

Tetembungan ingkang dipunginakaken wonten cakepan tembang:


1. Tembung Kawi
2. Tembung tnamtu ingkang mboten limrah
a. Sunu = anak
b. Kayungyun = kasmaran
c. Kaki = simbah lanang
d. Nini = simbah wadon
e. Weh = aweh

Tembung mawi seselan –in-


f. Linambar(an)  lambar + -in- = dilambari
g. Tininggal  tnggal + -in- = ditnggal
h. Pinegat  pegat + -in- = dipegat, dipisah
i. Falsafahnya = falsafahe
Panganggenipun tembung falsafahnya menika mboten limrah, kedahipun falsafahe.
Nanging kangge netepi guru lagu, pramila dipungantos dados falsafahnya.

Tembung Garba / Persandian


j. Watekira = watek+ira
k. Jiwangga = jiwa + angga

Você também pode gostar