Você está na página 1de 3

Teks drama Bahasa jawa

Pagi hari
Qorin: Assalamualaikum wr.wb
Dima: Waalaikumsalam wr.wb madosi sinta nggih nduk?
Qorin: Nggih bu, badhe tindak sekolah sareng
Dima: Oh iyo kene mlebu, sinta isih siap-siap
Qorin: Hehe nggih bu, kulo tengga wonten ngajeng mawon.
Dima: Sinta ayo cepet siap-siap e, wis disusul koncomu iki
Sinta: nggih bu ini menika meh bibar. Duuhh pundi sepatunipun kula, sekedhap. Ayo rin awake
dhewe budhal wedi kari. Assalamualaikum wr.wb
Dima: waalaikumsalam hati hati nduk. Kang sregep sinaune, muga-muga dadi wong sukses.
Qorin & Sinta : aamiin

Sakwise teko ing sekolah


Bu guru mlebet, kabeh murid lenggah
Bu Nimas: Pagiiii 3× kepriye kabare nak?
Murid: Pagiii 3×, alhamdulillah sae buu
Bu Nimas: Saiki buka bab menyang 3 yaiku ngenani garis wilangan. Ing kene ibu arep ngandharake
apa iku garis wilangan. Garis wilangan ing matematika dhasar yaiku suatu gambar garis lurus ing endi
saben titine dimisalne nglambangake wilangan asli lan saben wilangan asli ngrujuk ing siji titik
tinemtus. Asring wilangan bundher dituduhake karo lambing titik-titik tinemtu kang duwe jarak padha
ing sakdawane garis iki.
Murid: (ngangkat tangan). Bu, mundhut priksa
Bu Nimas: Mangga nak
Murid : Kagem tuladha wicalan negatif dipunwiwiti saking -1, -2, -3, -4, -5, -6, -7, -8, -9, -10, lan
salajengipun. Menika ngetangipun kados pundi nggih Bu? Saya dhateng tengen kados pundi
nilainipun?
Bu Nimas: Tansaya nengen dunungane jero garis wilangan, tansaya gedhe nilai wilangane.
Mangkono uga sawangsule, tansaya ngiwa dununge jero garis wilangan, tansaya cilik uga nilai
angkane.

Murid: kagem ngetangipun kados pundi Bu?


Bu Nimas: Kanggo ngitung wilangan bundher mbutuhake operasi itung, operasi itung jroning
matematika yaiku patrap karo siji wilangan. Operasi itung oleh arupa
penjumlahan,perkalian,pratelan,lan liyane.

Murid: nggih bu, matur nuwun inggiling penjelasanipun


Bu Nimas: padha-padha nak, apa ana kang pengin ditakokake maneh?
Murid murid : mboten bu
Bu Nimas : nggih pun, menawa ora ana pitakon, buka halaman 22 kang aktivitas kelompok,
kerjakake kanthi klompok, siji kelompok isi 4 anak sesuk dikumpulake.
Bu Nimas: Semene materi kang ibu aturake. Pangapurane menawa ana tembung-tembung kang
kurang kersa ya bocah-bocah. Sugeng siyang ati-ati ing ratan. Aja lali digarap jejibahan kelompokne.
Murid: Nggih bu.

Mulihe sekolah
Qorin: mengko awake dhewe nyambut gawe klompok ing endi?
Ilhan: aku gas nang ndi ae
Zaid: kepiye yeng ning kelas wae? Ben ora usah pindah-pindah.
Ilhan: isoo
dheweke kabeh wiwit mbagi jejibahan dhewe-dhewe. Ora suwe banjur Sinta takon.
Sinta: Rek iki carane kepriye ya? Aku kurang paham karo materi i
Qorin: Dadi materi kang iki iku yen negatif ketemu positif iku dideleng saka wilangan kang luwih
basae yen negatif ketemu negatif iku wilangane ing tambah nanging tandane tetep negative.
Zaid: kowe kok dolan hp terus si, emang wis bisa padha materi iki?
Zaid: Ehh iya pangapurane kang akeh ya, soale aku bosen banget
Sinta: Mangkane kowe iku milu nggarap, ben cepet rampung
Zaid: Pangapurane ya
Ilhan: Wes wes, aja tukaran mending ndang digarap tugase
Sinta: Oleh ora aku menyang kantin dhisik? Aku luwe
Zaid: bole bole sekalian aku nitip ya
Qorin: aku opo oleh milu?
sinta: ayo

Qorin mlayu pinuju kelas


Qorin: eh eh Sinta tiba, saiki ana ing UKS sikile berdarah. Saiki dikancani Bu Nimas
Ilhan: kok iso?
Qorin: iya, dheweke kepeleset
Zaid: luwih apik saiki awake dhewe menyang UKS deleng kahanan Sinta
Ilhan: Ojo lali telpon ibune
Qorin: iyoo
10 menit banjur ibune Sinta teka karo tergupuh gupuh pinuju brankar papan sinta nglumah
Ibu Sinta: assalamualaikum wr.wb. sugeng siyang bu kula ibu sangking Sinta
Bu Nimas: waalaikumsalam wr.wb, siyang ugi bu, kula wali kelas sangking Sinta. Kala wau
piyambakipun dipunbekta mriki dening kancanipun. Tembung kancanipun piyambakipun kepleset
wekdal tumuju kantin
Ibu Sinta: astagfirullah bisane sih nak, ko kora ati ati yen mlaku
Sinta: nggih buk pangapunten kala wau Sinta mboten panggalih panggalih.
Ora suwe banjur kanca-kanca Sinta ngleboni uks karo raut kuwatir
Zaid: kamu rapopo sin?
Sinta: rapopo kok
Ilhan: alhamdulillah yen kowe gapopo
Qorin: alhamdulillah
Ilhan: rek wis sore iki, mulih ayo aku wedi ibuku nggolek i. wes arep mendung uga iki
Zaid: iyo ayo mulih, aku ana janji karo kanca
Ilhan: matur nuwun bu, kita izin kondur langkung-langkung rumiyin
Bu Nimas: nggih nak, ati ati ing ratan nggih
Zaid: nggih bu, assalamualaikum wr.wb
Bu Nimas dan bu dima: waalaikumsalam wr.wb
Bu Dima: saderengipun matur nuwun bu. Pangapunten ngribetaken, kulo lan putri kula izin wangsul
rumiyin
Bu Nimas: nggeh bu, sami sami bu
Bu Dima: assalamualaikum wr.wb
Bu Nimas: waalaikumsalam wr.wb

Você também pode gostar