Você está na página 1de 2

Tetepungan (Perkenalan)

Wacanen Pacelathon ing ngisor iki

Taun Ajaran Anyar

Miwit taun ajaean anyar jam pitu kurang selawe menit swasana ing ngarep SMP Maju Makmur isih
durung rame. Ora adoh saka regol ana siswa loro mlaku nyedhaki regol. Sinambi mlaku bocah loro mau
padha tetepungan.

Jono : “Eh, kowe kelas pitu apa?”


Wening : “Aku kelas pitu A, lha kowe kelas pitu apa?”
Jono : “padha aku yo kelas pitu A, ditepungke jenengku Jono. Jenengmu sapa?”
Wening : “Aku Wening, Aku saka SD Sekar Melati. Kowe saka SD ngendi?”
Jono : “Aku saka SD Bibis.”
Bocah loro marani Ibu Kepala Sekolah kang wis jumeneng diampingi ibu guru lan bapak guru kanggo
nyalami para siswa kang padha teka. Kadhangkala karo mundhut pirsa marang siswa anyar. Pakulinan iki
nguri – uri budaya “3 S” yaiku Senyum Salam Sapa.

Kepala Sekolah : “Wah, sragam anyar, iki siswa anyar ya? Kelas pitu apa, Mas?”
Jono “Kula kelas pitu A, Bu!”
Kepala Sekolah “Sapa Jenengmu, Mas?”
Jono “Ndherek nepangaken nama kula Jono, Bu!”
Kepala Sekolah “Ya, kana enggal ngoleki kelase!”
Jono “Inggih, Bu. Matur nuwun. Pareng, Bu!”
Kepala Sekolah “Iya – iya.”
Ibu Guru “Yen mbake iki kelas pitu apa”
Wening “Kula kelas pitu A, Bu!”
Ibu Guru “Wah yen ngono sakelas karo mas Jono kae mau!Sapa jenengmu mbak?”
Wening “Nama kula Wening, Bu!”
Ibu Guru “Ya kana enggal tumuju kelas!”
Wening “Inggih, Bu!”
Ora let suwe keprungu unine tembeng gambang suling minangka pratandha wiwiting piwulangan. Ibu
Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu Guru nuli ninggalake regol saperlu tata tata kanggo upacara pembukaan
Pengenalan Lingkungan Sekolah Utawa PLS kanggo siswa kelas pitu. Para siswa uga wis mlumpuk ing
pelataran sekolahan. Ora let suwe upacara gendera kanggo pambukaning kegiatan PLS kawiwitan.
Minangka Pembina Upacara dina iku Ibu Kepala Sekolah

Bab kang wigati digatekake nalika tetepungan yaiku:

1. Migunakake basa kang trep


2. Patrape kanthi sopan
3. Migunakake tetembungan umpamane:
“Ditepungake jenengku …….”
“Nderek nepangaken, nama kula…..”
“Griya kula……..”
“Jenengmu sapa?”
“Asma Panjenengan sinten?”
Lan sapiturute

Ukara iki salinana kanggo basa kang trep menawa para siswa lagi tetepungan karo bapak utawa ibu guru

1. Jenengku Kartika Wening Tyas


2. Omahku ana ing desa pakembinangun
3. Sedulurku cacahe loro
4. Bapakku dadi guru ing SD paraksari

Você também pode gostar